Salat witir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Witir)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Salat Witir iku salat sunat kanthi rakangat ganjil kang diayahi sawisé salat liyané ing wayah wengi (contoné: sawisé trawèh lan tahajjud). Bab iki didhasaraké marang kadis Muhammad SAW: "Sakbeneré Allah iku witr [ganjil] lan mresnani witr HR. Abu Daud. Salat iki diangkah minangka pamungkas wektu wengi kanggo "mengganjili" salat-salat kang ganep. Amarga saka iku, kaprayogakaké minangka pungkasané salat wengi.

Kautamaan Salat Witir[besut | besut sumber]

Kautaman salat Witir yaiku adhedasar saka kadis Kharijah bin Hudzafah Al-Adwi.Panjenengané nyeritakaké riwayat Nabi Shallallahu ‘alaihi wa sallam lan kanthi sabda:

“Satenané Allah Ta’ala duwé sabda lan nambahi ing sajeroning siji salat , yaiku salat kang luwih becik kanggo umaté uga ganjarané luwih akèh saka unta kang warna abang kanthi nglakoni salat witir. Wektu kang disunnahake kanggo nindakaké salat witir yaiku sawisé salat Isya nganti Fajar” [8]

Ing sajeroning dalil kang nunjukake kautamaan uga disunnahake salat witir yaiku kapapar ing kadis Ali bin Abi Thalib Radhiyallahu ‘anhu kanthi nyaritakaké:”Rasulullah ing sawisé nindakaké salat witir, banjur sabda: “Wahai ahli Qur’an lakonana salat witir, satenané Allah iku witir (ganjil) lan tresna marang wujud kang ganjil ”

Niat Salat[besut | besut sumber]

Niat salat witir, padha karo salat-salat liyané yaiku diucapake ana ing ati utawa diucapake kanthi lirih (alon).Kang paling wigati niyat krana Allah Ta'ala kajaba ngarep syafa'at ing yaumul'kiamah lan niyat ikhlas uga ngarep Ridho.

Donga sawisé salat witir

Allahumma innaa nas’aluka iimaanan daa’iman. Wa nas’aluka qalban khaasyi’an wa nas’aluka ‘ilman naafi’an. Wa nas’aluka yaqiinan shaadiqan. Wa nas’aluka ‘amalan shaalihan. Wa nas’aluka dinan qayyiman. Wa nas’aluka khairan katsiiran. Wa nas’alukal-‘afwa wal-‘aafiyah. Wa nas’aluka tamaamal-‘aafiyah. Wa nas’alukasy-syukra ‘alal-‘aafiyati wa nas’alukal-ghinaa’a ‘anin-naas. Allahumma rabbanaa taqabbal minnaa shalaatanaa wa shiyaamanaa wa qiyaamanaa wa takhasysyu’anaa wa tadharru’anaa wa ta’abbudanaa wa tammim taqshiiranaa yaa Allaah ya Allaah ya Allaah ya arhamar-raahimiin. Wa shallallahu ‘alaa khairi khalqihi Muhammadin wa a’alaa aalihi wa shahbihii ajma’iina walhamdulillahi rabbil-‘aalamiin.

Artiné: “Ya Allah ya Tuhan kabèh umat muslim, kita nuwun ing ngersané Allah (nuwun dirohmati) iman kanthi langgeng, lan kita nuwun ing Allah kang maha Agung kanthi welas asih.Ing sajeroning ati kang khusyuk uga kita nuwun kanthi welas asih mugi katuran mupangat uga nuwun dikukuhaké keyakinan kang bener bajur kita bisa nindakaké, uga bisa nglakoni kanthi ajaran amal sholeh uga bisa ninggal larangan kang kudu ditinggalake ing sajeroning ajaran lan nuntunan agama Islam.Kita nuwun rahmat lan hidayah supaya kalimpahan kabecikan kanthi limpahan rahmat, kalimpahan pangapura lan kalimpahan kasehatan barokah kang ndhuwen mupangat ing donya lan akhirat.Gusti allah, ya Tuhan umat muslim, terima lan lurusake salat kita, pasa kita, rukuk kita kathi khusuk kita ing pangadian kita uga sempurnakake apa kang kita tindakake ing salat witir, ya Allah kang Maha Agung lan welas asih, Ya Allah, ya Allah Dzat kang maha welas asih uga Penyayang.”

Wektu nindakaké[besut | besut sumber]

Salat Witir dilakoni ing wayah wengi ing sawisé nglakoni salat-salat kang liyané.Salat witir kudu duwé mupangat kanggo salat panutup.Ing sajeroning wong kang duwé hajat kanggo salat tahajjud ing wayah wengi, luwih becik uga dianjurake ora nindakaké salat witir ing sadurungé mapan turu banjur bisa dilakoni sawisé salat tahajjud.Semanauga bisa dilakoni sadurungé mapan turu manawa ora nindakaké utawa ngerjakake salat tahajjud.

Hadis kaitané[besut | besut sumber]

Hadis kang ana kaitané salat witir:

  • "Sabeneré Allah yaiku witir (ganjil) lan tresna uga welas asih witir" [HR. Abu Daud]
  • "Dadekana witir ing pungkasan salat umat Islam uga bisa di lakoni ing wayah wengi " [HR. Bukhari]
  • "Sapa waé kang wedhi utawa jirèh lan ora bisa tangi ing wayah pungaksan wengi, banjur tindakake witir ing wiwitan wengi lan sapa waé kang duwé niyat kanthi ikhlas kanggo tangi ing wayah wengi utawa pungkasan wengi, diajurake ing umat Islam kanggo nindakaké salat witir.Karana sabeneré salat kang dilakoni ing pungkasan wengi yaiku kagolong masyhudah (dirohmati,dimujabahi uga dipreksani)" [HR. Muslim]

Réferènsi[besut | besut sumber]