Windstruck
Windstruck inggih punika drama komedi romantis. Crita punika dipunwiwiti saking patemoning polisi Kyun-ji Yeo kaliyan Myung-woo Ko kang mboten dipunsengaja, ing salah satunggalipun kasus pidana. Pungkasanipun Kyun-ji Yoe ngertos menawi Myung-woo Ko guru saking SMA punika pancen tiyang kang mboten lepat. Ing wengi, Kyun-ji gadhahi masalah kaliyan geng sekolah inggih punika tembak-tembakan antar tiyang ingkang ngedaraken narkoba. Ngertos punika Myung-woo badhe biyantu Kyun-ji, ananging wonten prastawa kang mboten kaduga kang dadosaken Kyun-ji lan Myung-woo kapeksa gesang sesarengan. Dados prastawa punika kekalihipun kados remen. Pungkasanipun Myung-woo lan Kyun-ji remen piyambak-piyambak. Ananging, pas Kyun-ji badhe nyepeng penjahat kang sadis, Mung-woo kang badhe biyantu, mboten kaduga ketembak dening Kyun-ji.[1]
[sunting] Kang Mragakaken Film Windstruck
Kang mragakaken utama film windstruk inggih punika:
- Jun Ji Hyun kang mragakaken tokoh Kyun-ji Yoe
- Jang Hyuk kang mragakaken tokoh Myung-woo Ko
Film Windstruck punika ing Asia asilipun kirang muasaken, ingkang sampun dipunputer ing Hongkong, RRC, Jepang, lan Korea piyambak. Untungipun Windstruck sukses kaputer ing Thailand.[2]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ (id)www.indosiar.com(dipuntingali tanggal 15 Agustus 2011)
- ↑ (id)www.kapanlagi.com(dipuntingali tanggal 15 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.