William Harvey
| William Harvey | |
|---|---|
William Harvey
|
|
| Miyos | 1 April 1578 Folkestone |
| Tilar donya | 3 Juni 1657 (umur 79) Roehampton |
| Kabangsan | English |
| Bidhang | Pangobatan Psikologi |
| Doktoral advisor | Hieronymus Fabricius |
| Kaahlian | Systemic circulation |
William Harvey (lair 1 April 1578 – tilar donya 3 Juni 1657 kanthi yuswa 79 taun) inggih menika dokter ingkang njlèntrèhaken sistem peredaran rah ingkang dipunpompa dening jantung dhateng badanipun manungsa.[1] [2] William Harvey lair ing kota Folkstone, Inggris.[2] Karyanipun ingkang misuwur ingkang awujud buku kanthi irah-irahan An Anatomical Treatise on the Movement of the Heart and Blood in Animals (Gerak otomatis anatomi jantung lan getih kewan]] dipunterbitaken taun 1628.[2] Buku menika dados buku ingkang awrat tumraping sejarah fisiologi ing donya. Buku menika dados “titik mula” lairipun ilmu fisiologi modern.[2]
Werdinipun jasanipun William Harvey inggih menika sampun damel lelandhesan ingkang njlèntrèhaken kados pundi kerja badhanipun manungsa.[1] Wiwitanipun Harvey nggadhahi pamanggih bab sirkulasi getih menika kanthi damel etangan miturut cara arithmatik ingkang prasaja kemawon.[1] Panjenenganipun nggadhahi pangira-ira menawi cacahipun getih ingkang dipunpancaraken dening saben denyut jantung inggih menika watawis 2 ons.[1] Amargi jantung menika nggadhahi ping 72 denyutan saben menit, cacahipun saged dipunetang dados 540 pon getih dipunpancarae saben jam dhateng aorta.[1] Ananging cacahipun ingkang 540 pon menika langkung saking abot badhanipun manungsa ingkang normal.[1] Amargi menika tumraping Harvey, getih ingkang sami saged tetep anggenipun muter nglewati jantung.[1] Sasampunipun ngrumusaken hipotesa menika, sadangunipun sangang taun panjenenganipun nglaksanakaken percobaan-percobaan kagem neliti sistem ilinipun getih (peredaran darah).[1]