William Dampier
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 408 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| William Dampier | |
|---|---|
William Dampier: bajak laut, ahli navigasi, lan panjelajah |
|
| Lair | Agustus 1651 (dipunbaptis ing 5 September 1651) East Coker, Inggris |
| Tilar donya | Maret 1715 London, Inggris |
| Kabangsan | Inggris |
| Pagawéyan | Panjelajah |
| Dikawruhi amarga | Panjelajahan lan pemetaan Australia |
William Dampier wiyos wonten ing East Coker, Somerset, Inggris nalika wulan Agustus 1651 ing yuswa 63 taun [1]. Dene sedanipun ing London, Inggris nalika Maret 1715. Willian Dampier menika satunggaling bajak laut, kaptèn laut, panyerat, lan panyelidik ilmiah kanthi kebangsaan Inggris [2]. William menika tiyang Inggris kapisan ingkang njelajah utawi damel peta bagéyan-bagéyan New Holland ( Australia ) lan Pulo Papua. Tiyang menika ingkang kapisan ngubengi donya kaping tiga.
Diana lan Michael Preston, wonten ing karyanipun A Pirate of Exquisite Mind ( Bajak laut kanthi otak cemerlang ) ngandharaken bilih William Dampier menika petualang-panjelajah samodra paling hebat. Ing antawisipun pendhèrèkipun Elizabeth ( ingkang kawéntar menika Sir Francis Drake lan Sir Walter Raleigh ) ugi James Cook [3]. Tiyang kasebut naté pikantuk jejuluk ilmuwan alam, Alex George, minangka sejarawan alam Australia kapisan [4].
William Dampier menika nglayar kaping pisan nalika tasih enèm kanthi umur tasih welasan taun, ngliwati Samodra Atlantik dumugi ing Newfoundland ngginakaken bahtera saudagar lan pelayaranipun ingkang kaping kalih dhateng Pulo Jawa. William Dampier nggabung ing Angkatan Laut Britania Raya nalika taun 1673 ugi ndhèrèk ing kalih paperangan Schooneveld ing wulan Juni taun kasebut. Tugasipun langkung sekedhap amargi penyakit saéngga Dampier kondur marang Inggris kanggé pengobatan. Pinten sasi kepungkur banjur William Dampier usaha ing manéka warna kadosta pangelola kebon ing Jamaika, pembalakan kayu ing Meksiko, sadèrèngipun nggabung ing èkspedisi playaran sanèsipun [5].
Pelayaran [sunting]
Nalika taun 1679 William Dampier nggabung bajak laut Kaptèn Bartholomew Sharp ing Spanyol Besar Amerika Tengah. Kaping kalih dugi ing Pante Campeche. Pérangan kasebut mbeta Dampier ing pengitaran kapisan. Ing taun 1679 William Dampier ndhèrèk nggabung ing satunggaling panyerbuan ngliwati Tanah Genting Darién ing Panama lan nyekel bahtera Spanyol ing pesisir Pasifik ing bagéyan tanah genting kasebut.
Karya William Dampier [sunting]
- A New Voyage Round the World, (1697)
- Voyages and Descriptions, (1699)
- A Supplement of the Voyage Round the World
- The Campeachy Voyages
- A Discourse of Winds
- A Voyage to New Holland, (Part 1 1703, Part 2 1709)
Cathetan suku [sunting]
- ^ "William Dampier". NNDB. http://www.nndb.com/people/943/000096655/. Retrieved 2009-09-05.
- ^ [1], (id) Australian History (dipun-akses tanggal 04 Januari 2013).
- ^ Preston D. & M., 2005. A Pirate of Exquisite Mind. The life of William Dampier. Walker and Co. NY
- ^ George, A.S. William Dampier in New Holland. Australia's First Natural historian. Bloomings Books Victoria.
- ^ [2], (id) http://www.citizenship.gov.au(dipun-akses tanggal 04 Januari 2013).