Will Smith
| Will Smith | |
|---|---|
| Latar wuri | |
| Jeneng | Willard Christopher Smith, Jr. |
| Alias | The Fresh Prince |
| Lair | 25 September 1968 (umur 43) |
| Asal | Wynnefield, West Philadelphia, Pennsylvania |
| Pegawéyan | Rapper |
| Taun aktif | 1987–saiki |
| Label | Jive, Columbia, Interscope |
| Magepokan karo | DJ Jazzy Jeff & The Fresh Prince, DJ Jazzy Jeff, Ready Rock C |
| Situs wèb | www.willsmith.com |
Will Smith iku aktor, produser, sutradara lan mantan penyanyi Hollywood. Dhéwéke lair ing 25 September 1958 ing Phyladelphia, Pensylvania, Amérika Sarékat[1]. Dhéwéké duwé jeneng asli Willard Christopher Smith Jr. lan duwé jeneng panggilan Fresh Prince utawa Mr. July [1]. Will Smith iku anak keloro, dhéwéké duwé sedulur telu.[1] Bapaké, Willard Christopher Smith Senior iku duwé pabrik pendhinginan, lan Caroline, Ibuné ku kerja ing Sekolah.[1] Dhéwéké tuwuh gedhé ing Philadelphia Kulon yaiku ing Wynnefield.[1] Will Smith sekolah ing Overbrook High School kang ana ing Philadelphia bagéyan Overbrook, Pennsylvania.[1] Dhéwéké duwé jeneng celukan ‘’Prince’’ amarga dhéwéké bisa luwes ing ngadhepi masalah.[1] Will Smith terkenal sakwisé ketemu Jeffrey A. Townes kang terus tampil bareng dadi “DJ Jazzy Jeff and the Fresh Prince”.[1] Gara-gara terkenal lan olih dhuwit akéh, Will Smith terus tuku mobil, omah lan perhiasan dadi dhéwéké meh bangkrut.[1] Untungé ing taun 1989 dhéwéké ketemu Benny Medina kang duwé ide gawé komédhi situasi.[1] Will Smith setuju terus gawé serial The Fresh Prince of Bel-Air ing taun 1990. Serial iku diputer 6 taun.[1] Ing taun 1993, dhéwéké main ing fiel kang judhulé Six Degrees o Separation, ing taun 1995 dhéwékv main ing filem Bad Boys, lan ing taun 1996 main ing Independence Day.[1]