Éjaan Basa Jawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Wikipedia:Pasang Aksara)
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Adhedhasar Konggrès Basa Jawa III sing dianakaké ing taun 1991, wus karipta paugeran kang banjur kababar déning Balai Penelitian Bahasa ing Ngayogyakarta. Paugeran mau luwih kawentar kanthi sebutan "Pedoman Umum Ejaan Bahasa Jawa" utawa "Ejaan Bahasa Jawa dalam Tulisan Latin ". Paugeran mau dadi dhasar kanggo pasinaon basa Jawa ing sekolahan lan uga basa Jawa tinulis liyané.

Paugeran ngenani aksara

Sacara umum paugeran iki padha karo paugeran jroning Ejaan Bahasa Indonesia yang disempurnakan mung ana sawetara bagéan sing mligi tumrap basa Jawa.

Aksara latin sing kanggo nulis kaya déné ing basa Indonesia kanthi owah-owahan foném ing sawetara aksara. Ing éjaan iki ana 6 (enem) gabungan aksara sing nglambangaké konsonan, yaiku dh, kh, ng, ny, sy, lan th.

Ing paugeran iki isih madhakaké antarané aksara pepet (ě) lan taling (é/è). Ananging ing katrangané katulis yèn bisa migunakaké aksara e, é, lan è kanggo sinau lan artikel utawa tulisan sing magepokan klawan ndonya pasinaon (akadhémis), upamané kanggo bausastra (kamus), bauwarna ènsiklopédhia, buku pasinaon, makalah, buku ilmiah, lan liya-liyané.

Ing buku-buku sastra Jawa modern lan majalah basa Jawa, umumé tinulis nglegena tanpa tanda diakritik.

Aksara abjad

Aksara Jeneng Aksara Jeneng Aksara Jeneng
A a a J j je S s es
B b be K k ka T t te
C c ce L l el U u u
D d de M m em V v fe
E e e N n en W w we
F f ef O o o X x eks
G g ge P p pe Y y ye
H h ha Q q ki Z z zet
I i i R r er

Aksara vokal

Aksara vokal IPA Ing wiwitan tembung Ing tengah tembung Ing pungkasan tembung
a. [a] alon mari ora
a. [ä] ana kana sida
e [é] énak témbok saté
e [è] èmbèr sèn -
e [ê] emas sega -
i. [i] [ibu] lintang pari
i [ϊ] - sing -
o [o] omah rodha mengko
o [ä] ompong dhoyong -
u [u] udan bumi lucu
u [o] - sabun -

Aksara konsonan

Aksara konsonan Ing wiwitan tembung Ing tengah tembung Ing pungkasan tembung
b basa aba bab
c cangkem ancas -
d dara kudu tékad
f fakir kafan wakaf
g gajah ga grobag
h hawa tuhu adoh
j jogan pojok -
k kudu siksa watak
l larang alus sikil
m mripat ama marem
n nila ana awan
p pasa apa urip
q Quran Furqan -
r rosa piring nalar
s sapa isih adus
t tapa atos obat
v vitamin volusi -
w wani sawah -
y yuta ayu -
z zakat mukjizat -

Gabungan aksara konsonan

Aksara konsonan Ing wiwitan tembung Ing tengah tembung Ing pungkasan tembung
dh dhadha padha -'
kh khusuk akhir tarikh
ng ngaku angop larang
ny nyata anyar -
sy syarat masyarakat arasy
th thuthuk bathuk -

Pamenggalan tembung

Pamenggalan tembung dhasar

Imbuhan

Imbuhan, klebu ater-ater lan panambang sing ngalami owah-owahan wangun, jroning panyukuan tembung dipenggal minangka kesatuan, kajaba ater-ater nasal lan panambang -an sing asimilasi karo vokal tembung dhasaré. Tuladha:

  • gu-me-lar
  • ti-nan-dur
  • tu-kon
  • nu-lis

Aksara kapital, aksara miring lan aksara cithak kandel

Aksara kapital

  1. Aksara kapital (aksara gedhé) dianggo minangka aksara pisanan ing wiwitan ukara.
  2. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing petikan langsung
  3. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing ungkapan sing magepokan karo jeneng Tuhan
  4. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng gelar kaurmatan, katurunan lan kagamaan sing dibanjuraké jeneng wong. Tuladha: Pangeran Puger; Mangkenegara VII; Kyai Maja.
  5. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ingunsur jeneng jabatan lan pangkat sing dibanjuraké jeneng wong utawa sing dianggo minangka sesulih jeneng wong tinamtu, jeneng instansi utawa jeneng panggonan. Tuladha: Patih Suwanda; Walikutha Kuthamadya Yogyakarta; Bupati Semarang. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan jeneng jabatan lan pangkat sing ora dibanjuraké jeneng wong, instansi utawa panggonan. Tuladha: Sapa sing dadi patih?; Dadi bupati iku ora gampang.
  6. Aksara kapiltal dianggo minangka aksara pisanan ing unsur jeneng wong. Tuladha: Martaatmaja; Sudatya Cakra Siswara.
  7. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng bangsa, suku lan basa. Tuladha: bangsa Walanda; suku Asmat; basa Jawa. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng bangsa, suku lan basa sing dianggo minangka wangun dhasar tembung turunan. Tuladha: dijawakaké, kumlanda-landa.
  8. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng taun, sasi, dina, wuku, dina riyaya lan prastawa sajarah. Tuladha: taun Alip, ; sasi Sura; dina Selasa; riyaya Paskah; wuku Sungsang; perang Bubad.
  9. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing jeneng géografi. Tuladha: Asia Kidul; Gunung Semeru; Kali Brantas. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan jeneng géografi sing dianggo minangka jeneng jinis. Tuladha: gula jawa; jambu bangkok; saté madura.
  10. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh unsur jeneng negara, lembaga pamaréntah, katatanegaraan sarta jeneng dhokumèn resmikajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Balai Panelitèn Basa ing Yogyakarta; Undhang-Undhang Dhasar 1945. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan tembung sing dudu jeneng resmi negara, lembaga, pamarentah, ketatanegaraan, badan sarta jeneng dhokumen resmi. Tuladha: Bangsa Indonesia wis duwe undhang-undang dhasar; Iran wis dadi negara republik.
  11. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan saben unsur wangun ulang sampurna sing ana ing jeneng badan, lembaga pamaréntah, ketatanegaraan, sarta dhokumèn resmi. Tuladha: Perserikatan Bangsa-Bangsa; Undhang-Undhang Dhasar 1945.
  12. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan ing kabèh tembung (klebu unsur tembung ulang sampurna) ing sajroning jeneng buku, kalawarti, koran, lan judhul karangan kajaba tembung tugasé (yèn ana). Tuladha: Kidung Wengi ing Gunung Gamping; Mekar Sari; Kedhaulatan Rakyat; Tunggak-Tunggak Jati.
  13. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan unsur cekakan jeneng gelar, pangkat lan sapan. Tuladha: Prof.; Letkol.; Ny.;Tn.; R.M.
  14. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan tembung penunjuk hubungan kakrabatan kaya bapak, ibu, kakang, paman sing dianggo nyapa. Tuladha: “Mangga, Bu, pinarak ing ngajeng.”; Lho, Paman, sampun rawuh. Aksara kapital ora dianggo minangka aksara pisanan tembung panunjuk hubungan kakrabatan sing ora dianggo sapan. Tuladha: Anak kudu tansah bekti marang bapak lan ibuné.
  15. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisanan jeneng gelar utawa jabatan sing didhisiki déning tembung ganti utawa sapan. Tuladha: Bapak Lurah; Ibu Camat.
  16. Aksara kapital dianggo jroning cekakan sing dumadi saka aksara-aksara wiwitan tembung jeneng badan, lembaga pamaréntahan, ketatanegaraan, lembaga nasional lan internasional, sarta jeneng dhokumèn resmi. Tuladha: SMA; MPR; PBB; UUD 1945.
  17. Aksara kapital dianggo minangka aksara pisnan akronim jeneng badan, lembaga pamaréntahan, ketatanegaraan, sarta prastawa wigati sing magepokan karo pamaréntah lan ketatanegaraan. Tuladha: Pangestu (Paguyuban Ngesti Tunggal); Pemilu (pemilihan umum).

Aksara miring

Aksara miring dianggo:

  1. nulisaké jeneng buku, majalah, lan koran sing dikutip jroning karangan;
  2. kanggo negasaké aksara, bagéan tembung, tembung utawa klompok tembung;
  3. nulisaké istilah èlmiahè utawa ungkapan asing kajaba sing wis disesuaikaké éjaané.

Aksara kandel

Aksara kandel dianggo:

  1. nulisaké judhul utawa irah-irahan buku utawa karangan
  2. nulisaké judhul bab jroning buku utawa karangan.

Panulisan tembung

Tembung dhasar

Tembung sing arupa tembung dhasar ditulis minangka siji kesatuan. Tuladha: Aku tuku klambi; Buku kuwi isih anyar; Sapa sing duwé klambi iki?

Tembung turunan

  1. Imbuhan ditulis sarangkai karo wangun dhasaré. Tuladha:digawa; suwèken; tinulis; digolèkaké; kalurahan.
  2. Yèn wangun dhasar sibg arupa gabungan tembung mung diwènèhi ater-ater waé utawa mung diwènèhi panambang waé, gabungan tembung ditulis kapisah. Tuladha: solah bawané; mbangun turut.
  3. Yèn wangun dhasar sibg arupa gabungan tembung diwènèhi ater-ater lan panambang sekaligus, unsur gabungan iku ditulis serangkai. Tuladha: mbandakalani; ditapakastani.
  4. Yèn siji wilangan sing dumadi saka rong suku tembung gabungv karo tembung wilangan sing dumadi saka rong suku tembung, satuan wilangan mau ditulis kapisah karo tembung wilangané. Tuladha: telu likur; patang puluh; sangang atus.
  5. Gabungan satuan wilangan lan tembung wilangan sing salah siji utawa kaloroné dumadi saka siji tembung ditulis serangkai. Tuladha: rolas; telulas;patlikur; rongèwu.

Tembung ulang

Tembung ulang penuh ditulis sacara pepak kanthi migunakaké tandha hubung. Tuladha: mlaku-mlaku; ngguya-ngguyu; jaga-jinaga; sawayah-wayah.

Tembung majemuk

  1. Unsur tembung majemuk ditulis kapisah. Tuladha: nyambut gawé; gotong royong; kembang gula.
  2. Unsur tembung majemuk sing wis padhu ditulis serangkai. Tuladha: éwadéné; bokmanawa; ubarampé, kayata.

Angka lan lambang wilangan

1. Angka dianggo nyatakaké lambang wilangan utawa nomer. Jroning tulisan lazim digunakna angka Arab utawa angka Romawi.
Angka Arab  : 0,1,2,3,4,5,6,7,8,9,10
Angka Romawi  : I, II, III, IV, V, VI, VII, VIII, IX, X, L (50), C (100), D (500), M (1.000)

Panggunaan diatur sabanjuré jroning pasal-pasal ing ngisor iki.

2. Angka digunakna mratélakaké:

(i) ukuran dawa, bobot, jembar, lan isi (ii) satuan wektu (iii) nilai dhuwit, lan (iv) kuantitas

Tuladha:
0,5 sentimèter
5 kilogram
4 mèter pesagi
10 liter
1 jam 20 menit
jam 15.00
taun 1928
17 Agustus 1945
Rp5.000,00
US$3.50*
$5.10*
¥100
2.000 rupiah
50 dolar Amérika
10 paun Inggris
100 yèn
10 persèn
27 jiwa

* tandha titik minangka tandha desimal.

3. Angka lazim dianggo nglambangaké nomer dalan, omah, apartemèn, utawa kamar ing alamat.
Tuladha:
  • Dalan Tanah Abang I No. 15
  • Hotèl Indonésia, Kamar 169
4. Angka digunakna uga kanggo mènèhi nomer bagéan karangan lan ayat kitab suci.
Tuladha:
  • Bab X, Pasal 5, kaca 252
  • Surah Yasin: 9
5. Panulisan lambang wilangan sing nganggo aksara dilakoni kaya iki:
a. Wilangan utuh
Tuladha:
rolas
rolikur
rong atus rolikur
12
22
222
b. Wilangan pecahan
Tuladha:
setengah
telung prapat
sapronembelas
rong protelon
saprosatus
sak persen
siji rong prosepuluh
1/2
3/4
1/16
3 2/3
1/100
1%
1,2
6. Paanulisan lambang wilangan tingkat bisa diayahi kanthi cara.
Tuladha:
  • Paku Buwono X
  • ing wiwitan abad XX
  • jroning kauripan ing abad ka-20 iki
  • pirsani Bab II, Pasal 5
  • ing bab ka-2 buku iku
  • ing dhaerah tingkat II iku
  • ing tingkat kaloro gedhong iku
  • ing tingkat ka-2 iku
  • kantoré ing tingkat II iku
7. Panulisan lambang wilangan sig antuk panambang -an :
Tuladha:

taun '50-an
dhuwit 5000-an
lima dhuwit 1000-an

(taun sèketan)
(dhuwit limang éwon)
(lima dhuwit éwon)

8. Lambang wilangan sing bisa dinyatakaké kanthi siji utawa loro tembung dikulis nganggo aksara kajaba yèn sawetara lambang wilangan dianggo sacara urutan, kaya jroning princèn lan pamaparan.
Tuladha:
Amir nonton drama iku nganti kaping telu.
Bapak mesen telung atus ayam.
Ing antara 72 anggota sing teka, 52 wong setuju, 15 wong ora setuju, lan 5 wong blangko.
9. Lambang wilangan ing wiwitan ukara ditulis nganggo aksara. Yèn perlu, susunan ukara diowahi saéngga wilangan sing ora bisa dinyatakaké nganggo siji utawa loro tembung ora dipasang ing wiwitan ukara.
Tuladha:
Limalas wong tiwas jroning kacilakan iku.
Pak Darmo ngundang 250 tamu.
Dudu:
15wong tiwas ing kacilakan iku.
Rong atus sèket wong tamu diundang Pak Darmo.
10. Angka sing nuduhaké wilangan utuh sing gedhé bisa diéja sebagéan supaya luwih gampang diwaca.
Tuladha:
Perusahaan iku nembé antuk silihan 250 yuta rupiah.
Pedunung Indonesia gunggung luwih saka 120 yuta jiwa.
11. Wilangan ora perlu ditulis nganggo angka lan aksara sekaligus jroning tèks kajaba jroning dhokumèn resmi kaya akta lan kwitansi.
Tuladha:
Kantor kita nduwèni rongpuluh pegawai.
Ing lemari iku kasimpen 805 buku lan majalah.
Dudu:
Kantor kita nduwèni 20 (rongpuluh) pegawai.
Ing lemari iku kasimpen 805 (wolungatus lima) buku lan majalah.
12. Yèn wilangan dilambangaké nganggo angka lan aksara, panulisané kudu tepat.
Tuladha:
Tak lampiraké tandha terima dhuwit sing gedhéné Rp999,75 (sangangatus sangangpuluh sanga lan pitung puluh lima prosatus rupiah).

Tandha wacan

Tandha titik ( . )

Tandha koma ( , )

Tandha titik koma ( ; )

1. Tandha titik koma dianggo misahaké bagéan ukara sing sajinis lan satataran (setara).
Tuladha:
  • Wengi saya sepi; dhèwèké isih durung bisa turu.
2. Tandha titik koma dianggo misahaké ukara sing satataran jroning siji ukara majemuk minangka pengganti tembung penghubung.
Tuladha:
  • Bapak tindak kantor; ibu tindak pasar; adhik dolanan montor-montoran.

Tandha titik loro ( : )

1. Tandha titik loro dianggo ing pungkasan sawijining pratélan pepak sing diiloni rangkéan utawa pamerian (reroncèn).
Tuladha:
  • Kebutuhané wong urip iku akèh: sandhang, pangan, papan lan liya-liyané.
2. Tandha titik loro dianggo sawisé tembung utawa ungkapan sing merlokaké reroncèn.
Tuladha:
  • Pangarsa (Ketua) : Ahmad Wijaya
  • Panitra (Sekretaris) : S. Handayani
  • Hartaka (Bendahara) : Samid Sudira
  • Pranata cara : Bambang Sukisna

Tandha hubung ( - )

Tandha pisah ( -- )

Tandha ellipsis ( ... )

1. Tandha ellipsis ngambaraké ukara sing kapedhot-pedhot.
Tuladha:
  • Nèk ngono ... ya uwis, Mas Riyanta diaturi kondur waé.
2. Tandha ellipsis nuduhaké yèn jroning petikan ana bagéan sing diilangaké.
Tuladha:
  • "Kalawarti Jawa wiwit ... diklumpukaké".

Tandha pakon (!)

Tandha pakon (basa Indonésia: Tanda seru) dianggo sawisé ungkapan sing nyatakaké seruan utawa pakon (printah), kasériusan, rasa ora percaya lan émosi sing kuwat.

Tuladha:

  • Gawanen mréné buku kuwi!
  • Adhuh, aboté!
  • Mosok, dhèwèké téga ninggal anak bojoné!

Tandha pitakon (?)

1. Tandha pitakon dianggo ing pungkasan ukara pitakon.
Tuladha:
  • Kapan mangkaté?
2. Tandha pitakon dianggo ing sajroning tandha kurung kanggo mratélakaké bagéan ukara sing nuwuhaké rasa tidha-tidha utawa sing kurang bisa dibuktèkaké bener orané.
Tuladha:
  • Dhèwèké dilairaké ing taun 1683 (?).
  • Dhuwité ana 10 yuta rupiah (?) ilang.

Tandha kurung ( ( ... ) )

1. Tandha kurung ngapit katrangan utawa pratélan.
Tuladha:
  • Kecamatan Jetis (Kabupatèn Bantul) kondhang KUD né.
2. Tandha kurung ngapit katrangan utawa pratélan sing dudu pérangan integral pokok pamicaran.
Tuladha:
  • Kabaré (embuh nyatané) ragadé ora ana.
3. Tandha kurung dianggo ngapit angka utawa aksara sing mrinci sawijining sèri katrangan.
Tuladha:
  • Ubarampéné wong nginang iku werna-werna, kayata(1) suruh (2) injet (3) gambir.

Tandha kurung siku ( [ ... ] )

Tandha kurung siku dianggo ngapit katrangan jroning ukara sing njelasaké sing wis mawa tandha kurung.

Tuladha: (Bab punika sampun kasaruwé sawatawis ing ngajeng [kaca 27])

Tandha petik rangkep ( " ... " )

Tandha petik tunggal ( ' ... ' )

1. Tandha petik tunggal dianggo ngapit petikan sing kasusun jroning petikan liya.
Tuladha:
  • Ibu ndangu,"Apa pikolèhé mèlu 'piknik' menyang Tawangmangu."
2. Tandha petik tunggal dianggo ngapit terjemahan, panjelasan tembung, lan ungkapan Indonésia utawa asing.
Tuladha:
  • Titah kuwi duwé bahan 'organik' (daya urip).

Tandha garis miring ( / )

1. Tandha garis miring dianggo jroning penomeran kodhe layang lan alamat.
Tuladha:
  • No. 7 / PK /989
2. Tandha garis miring dianggo minangka pengganti tembung utawa.
Tuladha:
  • bapak / ibu

Panutan lan serapan

Paugeran sing kanggo cekelan yaiku seka "Ejaan Bahasa Indonesia yang Disempurnakan", utamané ana ing tembung-tembung serapan seka basa manca. Dadi, bisa diarani yèn prakara serapan basa Manca bisa manut marang basa Indonesia.

Ing basa Jawa, serapan tembung akèh padhané karo Basa Indonesia. Seka tarafé, unsur serapan iku bisa dipérang dadi loro, yaiku:

  • Unsur asing sing pangucapan lan panulisané wis manut kaidah basa Jawa, upamané: risét, tisu, lan aki.
  • Unsur asing sing durung kaserep ing basa Jawa, upamané handphone, make up, lan stereo.


Conto tembung serapan kaya déné ing basa Indonesia:

  • corruption --> korupsi
  • fantasy --> fantasi

Saliyané iku, cara menggal tembung, aksara murda (huruf kapital), aksara miring, aksara kandel, lan tandha wacan (tanda baca) uga katulis kaya déné ing basa Indonesia.

Seka kongres mau uga banjur kawetu yèn paugeran iki ngrujuk marang dhialek sing wis mapan ing Matraman (Yogyakarta lan Surakarta). Prakara kaya mangkono mau wis lumrah kaya déné nalika Basa Indonesia kudu milih salah sijining dhialèk sing sumrambah ing nalika semana.

Aksara Jawa

Kejaba prakara tembung-tembung serapan, sing wigati seka paugeran iki yaiku tulisan Latin sing adhedhasar tulisan ing aksara Jawa. Paugeran kanggo salin aksara iki bisa dipirsani ana ing ngisor iki:

Aksara Jawa lan aksara latiné

Ananging, panyalinan iku ora banjur persis kaya kang tinulis. Ana sawetara paugeran liyané sing dadi pathokan.

Aksara latin sing kanggo nulis kaya déné ing basa Indonesia kanthi owah-owahan foném ing sawetara aksara. Ing éjaan iki ana 6 (enem) gabungan aksara sing nglambangaké konsonan, yaiku dh, kh, ng, ny, sy, lan th.

Ing paugeran iki isih madhaaké antarané aksara pepet (ě) lan taling (é/è). Ananging ing katrangané katulis yèn bisa migunaaké aksara e, é, lan è kanggo sinau lan artikel utawa tulisan sing magepokan klawan ndonya pasinaon (akadhémis), upamané kanggo bausastra (kamus), bauwarna ènsiklopédhia, buku pasinaon, makalah, buku ilmiah, lan liya-liyané.

Ing buku-buku sastra Jawa modern lan majalah basa Jawa, umumé tinulis nglegena tanpa tanda diakritik.

Delengen Uga

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Éjaan_Basa_Jawa&oldid=746484"