Wikipedia:Dhiskusi bab basa
| Arsip (archive): 2004-2005 | 2006 | 2007-I 2007-II | 2008-I 2008-II | 2009 | 2010 | 2011 |
| Liyané: Dhiskusi bab basa | Dhiskusi Papat Limpad | Wikipedia:Dhiskusi Papat Limpad 2012 |
Papan Dhiskusi ing ngisor iki minangka panggonan imbal wacana utawa dhiskusi bab Wikipedia, utamané kang magepokan karo kawruh basa. Wadah iki bisa dipigunakaké kanggo ajang brainstorming minangka proses golèk konsensus bab basa Wikipedia.
Nyuwun pangapunten yen kula badhe ngaturaken dhiskusi mawi Basa Jawi Ngoko, amargi kula nate maos seratan ing Wikipedia Basa Jawa saking sadherek ing Suriname ingkang mratelakaken kepengin mangertos basanipun leluhur ing Tanah Jawi, sagedipun Basa Jawi Ngoko.
mBokmenawa kudu diakoni yen nglestarekake Basa Jawa sinartan tulisan Jawa kuwi perkara sing angel, tangeh kalakone. Sing luwih baku mbokmenawa nglestarekake basane, bab tulisan Jawa senajan uga perlu dilestarekake nanging dirembug ing forum khusus. Basa tulis iku satemene basa lisan sing diwujudake nganggo simbol-simbol sing wis disepakati wong akeh. Ana sing arupa aksara-aksara yen digandeng bisa diunekake dadi swara supaya dirungu karo sing maca tulisan mau. Dadi kena diarani basa tulis kuwi amakili lisane sing nulis. Aksara sing kanggo sarana nulis basa tulis mau ing antarane aksara Latin, aksara Arab, Aksara Jawa, aksara Bali, aksara India lan sapanunggalane. Ana uga sing arupa gambar kayata tulisan Cina, Korea, Jepang. Saben gambar duwe makna/arti dhewe-dhewe senajan pocapane saben bangsa dhewe-dhewe. Mula ora jeneng aneh yen wong Jepang bisa maca layange wong Cina nanging yen ketemu ora bisa omongan amarga simbol gambar sing maknane padha, pocapane beda. mBaleni ban nglestarekake Basa Jawa. Aksara sing paling akeh dienggo wong sadonya iku aksara Latin, terkadang diarani aksara cetak. Aksara iku dienggo ing Mesin Ketik, Mesin Cetak, Komputer lan liya-liyane. Mula aku mrayogakake anggon kita nglestarekake Basa Jawa kanthi sarana aksara latin. Sing perlu disepakati kanggo nulis Basa Jawa nganggo tulisan latin yaiku mujudake "Pembakuan Penulisan Bahasa Jawa dengan Huruf Latin". Bakune aksara Jawa kuwi saka aksara Hanacaraka, mula kita dadekake pathokan kayata : Ha = h,a ; Na = n ; Ca = c ; Ra = r ; Ka = k lan sapiturute. Aksara Hanacaraka kuwi satemene aksara mati utawa konsonan. Hanacaraka ora ana aksara urip utawa huruf vokal. Kanggo "ngunekake" aksara mati/konsonan mau sarana ditambahi wuwuhan wulu, suku, lelet, taling, taling-tarung lsp. Kanggo ngunekake konsonan ing aksara latin kanthi nambahi aksara vokal yaiku aksara a,i,u,e,o ing mburi aksara konsonan. Sing angel kanggone nulis Basa Jawa sarana aksara latin iku ana ing vokal e. Ing Basa Jawa aksara e mau bisa diunekake e pepet kayata seret, bener, bebet, bisa uga diunekake e kaya ing tembung seje, kere, dhewe, bisa uga diunekake e kaya ing tembung celeng, aneh, beteng. Mula kudu ana kesepakatan, kepriye carane nulis Basa Jawa sarana aksara latin sing "Baku". Perkara iki muga andadeake kawigatosane para susastra ing Basa Jawa. Yen ana panemu bisa dirembug ana Konggres Bahasa Jawa, lan yen wis disepakati bisa diwujudake dadi "Pembakuan Penulisan Bahasa Jawa dengan Huruf Latin" utawa "Pembakuan Penulisan Basa Jawa dengan Huruf Cetak" lan sabanjure bisa dadi "Pedoman" kanggo sapa wae sing kepengin nulis Basa Jawa sarana aksara Latin kanggo kaperluan apa wae. Nuwun. Masyhudi Z ( hoody_z@yahoo.com )
Wah aku rada bingung awit aku lagi sepisan iki wani mlebu ing wewengkon wikipedia. Rumangsaku mono aku ki yo wis dadi wong Jawa, ning nyatane, jebulane mangerteni utawa negesi seratane para sutrisno Jawa ing kene iki kok ya gedandapan. Ya rada wirang. Tujune para pamaos ora pada uninga aku iki sapa. Dadi isin ning yo isih slamet ora konangan wonge. Hehehe. Nyuwun tulung tulisan kula menika saged diput edit kanti leres. Maturnuwun, Wongso Yudo ----
[sunting] Topik 1: Usul gawé paugeran kanggo panulisan unsur serapan
Ngèlingi angèlé panulisan unsur serapan saka basa manca menyang basa Jawa, rasané wiwit diperlokaké anané paugeran kang bisa dadi pituduh utawa saora-orané ancer-ancer kanggo panulisan unsur serapan kasebut jroning artikel-artikel basa Jawa. Yèn ndeleng Pedoman Umum Ejaan Bahasa Jawa yang Disempurnakan' kuwi mung ana rong jenis klasifikasi, yakuwi:
- Unsur asing kang pocapané wis dijumbuhaké karo kaidah basa Jawa, umpamané: riset, tisu, amatir lsp.
- Unsur manca sing durung sakabèhané kaserep jroning basa Jawa, umpamané: make up, drop out, headphone lsp.
Déné paugerané (mèlu basa Indonésia), mung arupa cara ngowahi panulisan aksara aksara saka basa manca mau. Contoné: baal = bal
Banjur piyé carané mertal jeneng-jeneng barang sing nduwèni akèh jeneng miturut basa kang séjé sèjèn?, kaya conto jeneng Kali Rhine (Inggris), Rijn (Walanda), Rhin (Prancis), Rhein (basa Jerman), kamangka kali mau ora ngliwati Inggris??
Mula saka kuwi perlu dipikirké nyusun paugeran (paling ora kanggo lingkungan intern dhisik), umpamané:
Urutan prioritas panulisan unsur serapan (usulan rintisan):
- Nganggo istilah basa Jawa kang wis ana (senadyan ora utawa durung populer). Bab iki kudu ngarujuk marang Kamus basa Jawa kang wis ana. Contoné Warak, dudu badhak, rhino utawa liyané merga istilah jawané wis ana.?
- Yèn ora ana ing Kamus Basa Jawa, nganggo istilah ing Basa Indonesia kang wis ana. Iki uga kudu ngarujuk marang Kamus Bahasa Indonesia lan Kamus Serapan kang wis ana. (Conto:KBBI, KUBI, lsp).?
- Yên wis digolèki ing Kamus Basa Jawa lan Kamus Bahasa Indonesia ora tinemu, bisa nyerep langsung saka basa manca asliné kanthi ngarujuk marang paugeran ing dhuwur.?
- Kang magepokan karo agama, upamané ing Agama Islam (dipilih saka istilah ing basa Arab), Kristen (saka basa Latin utawa Inggris)?. Conto: halal, haram (Islam :saka basa Arab).?
- Kang magepokan karo geografi, milih basa kang dianggep paling wigati lan dominan gandhèng cènèngé karo papan utawa panggonan kasebut.?
- Kang magepokan utawa raket karo kasusatran, budaya, sajarah lan mangsa kapungkur, milih basa kang dianggep paling trep (saka negara kang paling kawogan).?
- Kang magepokan karo babagan teknologi, masalah internasional, diprayogakaké nganggo sumber saka basa Inggris. (Basa karya PBB ana lima lan basa utama siji yakuwi basa Prancis, nanging ing kéné basa Prancis durung pati populèr)?
- ??? lsp.
- ??? lsp.
Iki mung asal usul mbokmanawa bisa dipikir bebarengan. Matur nuwun.Pras 03:41, 17 April 2008 (UTC)
[sunting] Wangsulanku
Sithik-sithik:
- Jeneng géografi
- Yèn ing basa Indonesia ana paugeran ing KBBI yèn nyerep tembung saka basa Éropah supaya adil, aja njupuk saka basa Walanda utawa Inggris, nanging bentuk asliné ing basa Latin. Bab iki mbok-menawa bisa ditrapaké marang jeneng-jeneng géografis kaya Kali Rijn iki. Dadi dijupuk jeneng Latiné Rhenus. Banjur jeneng Latin uga bisa dienggo kanggo wilayah pasulayan. Contoné Silesia dienggo lan dudu Schlessien utawa Sląnsk kanggo tlatah ing Polandia. Banjur jeneng kali sing ngliwati Warsawa sabeciké uga diarani Kali Vistula lan dudu Wisla utawa Weichsel.
- ad 1.
- Sarujuk. Mbok-menawa Bausastra Poerwadarminta sing paling apik, malahan luwih apik tinimbang Bausastra Pusat Basa ing Yogya. Aku weruh Pusat Basa uga njiplak sawetara saka bausastra Poerwadarminta iki. Saliyané iku uga isih ana sawetara bausastra liyané sing wigati lan bisa dienggo
- ad 2.
- Sarujuk. Bisa njupuk istilah Indonesia kanggo tembung-tembung anyar, yèn perlu di-Jawakaké sithik ya ora apa-apa.
- ad 3a.
- Nah yèn iki rada angèl. Kanggo agama Islam pancèn basa Arab sing trep. Kanggo agama Hindhu nganggo basa Sangskreta. Kanggo agama Buddha rada angèl, bisa basa Pali utawa basa Sangskreta. Nanging yèn miturutku luwih becik basa Sangskreta waé, sebabé ing jaman biyèn basa Pali ora tau awèh pangaruh sing kuwat utawa signifikan ing Tanah Jawa utawa Nuswantara. Kanggo agama Kristen, iki luwih angèl. Basa sumberé ora namung Latin waé nanging bisa Yunani, Ibrani, Arab, Walanda lan Inggris. Kanggo Kristen umum biyasané basa Ibrani utawa Arab amerga rong basa iki pancèn raket gandhèngané. Kanggo agama Katulik basa Latin lan umat Protèstan katoné sok-sokan pancèn seneng nganggo tetembungan Inggris. Banjur uga ana sawetara istilah saka basa Walanda lan Portugis.
- ab 3b.
- Nah perkara géografi iki sabeciké uga ana standardisasi. Aku njupuk conto: biyèn nalika isih sekolah aku tau dikon nyinaoni géografi Uni Sovyèt. Ejaan utawa pasang aksara adhedhasar basa Rusia. Nanging sawisé Uni Sovyèt binasa, basa-basa lokal dadi saya wigati. Contoné saiki ana sawetara kutha-kutha jenengé béda. Biyèn Almaty diarani Alma-Ata, Kyiv diarani Kiev, Lviv diarani Lvóv, Kharkiv, Kharkov, Chornobyl, Chernobyl lan sabanjuré. Karepku sabeciké pancèn diwèhi sawetara basa-basa standard. Dadi basa kolonial bisa dienggo rujukan.
- Meursault2004ngobrol 20:28, 17 April 2008 (UTC)
[sunting] Topik 2
Nyuwun pangapunten, punika nembe nyobi. Pranyata basa Jawi mila pancen angel, kula raos meri, bilih nalika pun adani lomba basa Jawi ing kitha Yogya kapengker, ingkang unggul pranyata sanes siswa asli suku Jawi, nanging malah siswa WNI keturunan. Kula ndherek prihatin, amargi lare-lare sakpunika, mboten kepengin sami nyinau basa Jawi minangka basa ibu ingkang pranayata adi luhung, lan ugi ngemot pitutur luhur. Wekdal punika, kula nembe nyobi damel blog, ingkang kula isi mawi basa Jawi. Paling mboten kangge ngengetaken kula piyambak, kados pundi ngginakaken basa Jawi. Naminipun blog: sekarratri.blogspot.com. Menawi wonten wekdal, katuran pinarak ing blog kula, kaliyan paring celathu kados pundi amrih leres lan saenipun.
Robertus al Cahyo Sumunar. Robertus 05:38, 14 Agustus 2008 (UTC)
Nuwum sewu, aku pengin takon bab tab ing dhuwur(apa kuwi jenenge) sing tulisane pindhahen apa ora luwih becik yen ditulisi Mindhah yen ora salah saka move en Kenisee 15:01, 30 Oktober 2008 (UTC)
- Matur nuwun pamrayogané, pancèn isih akèh tembung-tembung sing kudu didandani supaya luwih sampurna, nanging mengko dirembug dhisik karo kanca-kanca sutresna liyané kanggo ngéntukaké konsènsus. Salam. Pras 21:39, 30 Oktober 2008 (UTC)
[sunting] Topik 3
WILUJENG punapa SUGENG ?
Kulanuwun, Para sutresna budaya,
Ing bebrayan agung, panjenengan kula asring mireng tembung wilujeng sarta sugeng. Kalanipun tuwuh benehing pemanggih, rebut leres, tembung wilujeng sarta sugeng punika pundi ingkang leres.
Ing siaran radio asring kapireng tembung : wilujeng enjing, wilujeng pepanggihan, sugeng dalu, sugeng pepisahan, sugeng midangetaken lss.
Ugi sawatawis sadherek ing kawitanipun pepanggihan, sasampunipun salaman lajeng suka atur : Sugeng siyang, sugeng sonten lss
Sawenehing Pambiwara nalika mbikak pasamuwan, wonten ingkang mawi ukara : Sugeng dalu, sugeng lenggah lan sugeng pepanggihan lss.
Makaten ugi manawi panjenengan kula dhateng ing padusunan, kathah griya - griya ingkang ing sanginggilipun kori wonten seratanipun : Wilujeng rawuh utawi sugeng rawuh para tamu Ingkang pikajengipun inggih punika atur pambage wilujeng dhumateng sok sintena ingkang mertamu.
Satleraman raosipun tembung – tembung punika boten lepat, jalaran kadayan tembung sanes ingkang dipun dadosaken tembung jawi, namung manawi kadhudhah anut raos jawi, lugunipun tembung kasebat karaos boten trep kawawas saking adeg –adeging raos jawi ingkang lerekipun luhuring budaya jawi. Senajan sadaya wau pikajengipun netepi tatakramanipun tiyang gineman, kanthi sapa aruh nelaaken raos kurmat sarta pangaji aji namung pangraos kula tembung kasebat namung negesi tembung sanes, upaminipun : Good evening ( Basa Inggris ), Selamat malam ( Basa Indonesia ) lan basa sanesipun ingkang ngemu suraos sapa aruh utawi aruh - aruh. ( Basa Indonesia : Sapaan ; Basa Inggris : Greeting ).
Tuladhanipun tembung : Good morning, selamat pagi lss, ketingalipun pancen boten lepat manawi manawi dipun tegesi dados Sugeng enjing utawi wilujeng enjing, lss. Ewa semanten dados aneh manawi tembung punika dipun dadosaken basa ngoko, kadosta : Slamet esuk, slamet teka lss.
Handadosna ing kawuningan, yektosipun tumrapipun jawi punika anggadhahi adeg - adeg piyambak ingkang dados cihna luhuring budaya jawi inggih tuntunan tumindhak sae, inggih punika ngaosi dhateng sesame inggih tiyang sanes, antawisipun :
1. Ingkang dipun aosi punika tiyangipun. 2. Beblesipun ingkang dipun aosi punika kawilujenganipun. 3. Dados ingkang dipun aosi punika tiyangipun, sanes dhatengipun, sanes wekdalipun. 4. Suraos baku inggih donga lan pangajab sae inggih punika keslametan, kawilujengan utawi
kasugengan.
Pramila pepanggihan ing bebrayan jawi punika kawitanipun rembag sasampuna uluk salam utawi kulanuwun kalajengaken bage - binage kawilujengan, upaminipun :
1 Lare enem kepanggih kaliyan ingkang kapernah sepuh. ( Paman, uwa, eyang lss )
Lare enem : Ngaturaken kawilujengan, Pakde.
Pakde : Entuk pamujimu, slamet. Kosok baline ? Lare enem : Pangestunipun Pakde Kula wilujeng.
2. Simbah kaliyan putu. Simbah : Rak, yo padha slamet ta, le ? Putu : Inggih, pangestunipun simbah wilujeng.
Kalih tuladha ing nginggil cetha bilih boten wonten lajenganipun tembung slamet, sarta wilujeng. Ugi tembung pamuji sarta pangestu punika dados pratelanipun tatakrama unggah – ungguhing bebasanan ing antawisipun tiyang sepuh dhateng ingkang langkung enem.
3. Tiyang ingkang sapantaran utawi sampun kulina boten basan - binasan
tembungipun : Piye kabare ?
Dipun wangsuli : kabare apik.
4. Kanca lami ingkang dangu boten pinanggih, pitakenanipun : anakmu wis pira ?
Kanthi tuladha ing nginggil, cetha bilih wewarah luhuripun tiyang jawi punika tansah ngaosi dhateng asanes, ingkang beblesipun dhateng kawilujenganipun asanes. Dados ingkang dipun aosi punika tiyangipun, beblesipun dateng kawilujenganipun. Punika luhuripun budaya jawi.
Salajengipun kados pundi prayoginipun murih laras kaliyan adat lupiya budaya jawi ?
Inggih kanthi dhasar nglenggahaken raos jawi, pramila prayogi manawi tembungipun kajumbuhaken. Pikajengipun ing ngriki namung winates ing tembung wilujeng, tegesipun boten dipun jangkepi tembung : Enjing, Rawuh, tindhak lss, upaminipun :
1. Ing pepanggihan : Ngaturaken wilujeng, kamas. 2. Pambageraharja ing pasamuwan : Dhumateng para tamu kaparengna kula ngaturaken
pambage wilujeng utawi kawilujengan.
3. Pambiwara radio ( Penyiar : Basa Indonesia ) : Para miyarsa ngaturaken wilujeng. lss.
Kanthi makaten dudutanipun bilih tembung : Wilujeng rawuh, wilujeng dalu, wilujeng pepanggihan lan sanes - sanesipun punika kirang trep manawi kawawas saking raos jawi.
Sawatawis ingkang katerangaken kathah migunaaken tembung wilujeng. Kenging punapa mawi tembung wilujeng ? kados pundi lenggahipun tembung sugeng ?
Supados gampil anggenipun nampi, badhe kadhudhah saking basa / tembung ngoko : Slamet, punika basa kramanipun : Wilujeng, wondene Basa krama Inggilipun : Sugeng. Tembung slamet utawi wilujeng punika tembung ingkang dhawah tengah, tegesipun prayogi kaangge sinten kemawon.. Dene tembung sugeng punika namung kaangge mligi dhumateng tiyang ingkang inggil sanget kalenggahanipun utawi sanget dipun aosi. Kangge gegambaran saged kaaturaken tuladanipun mekaten :
1. Wawan rembagipun abdidalem Karaton pangkat Mantri kaliyan sentanadalem Pangeran :
Mantri : Ngaturaken kasugengan, Pangeran ? Pangeran : Iyo antuk pamujimu. Kosok baline ? Mantri : Inggih awit pangestu Panjenengandalem, kula wilujeng.
2. Hunjukipun Abdidalem ing tatacara sungkeman sabibaripun Sholad Ied ing Karaton
Surakarta
Abdidalem : Abdidalem ngunjukaken Kasugengandalem, Sinuhun.
Nyuwun pangapunten kalepatanipun adalem.
Cetha bilih tembung sugeng punika kaangge mligi dhateng ingkang sanget dipun aosi, dene tembung wilujeng punika sakalangkung jembar tebanipun.
Tembung Sugeng ingkang tegesipun Slamet utawi wilujeng asring cawuh kaliyan tembung Sugeng ingkang tegesipun urip. Punika limrah, jalaran basa krama inggilipun urip inggih sugeng. Wondene basa kramanipun inggih punika gesang. Pramila prayogi lan supados mboten mbebingung tumrapipun ingkang nampi, mliginipun tembung sugeng kedhah kagatosaken undha - usuking tembung, sabab tembung ngoko Slamet tuwin urip punika kalih - kalihipun krama inggilipun Sugeng.
Asring kapireng ugi ing pungkasaning pepanggihan saderengipun pepisahan, tembung : Wilujeng tindhak, wilujeng kundur, wilujeng pepisahan lss. Kanthi adeg - adeg ingkang katerangaken ing nginggil, punika ugi teges boten trep, pramila sakalangkung prayogi manawi mawi ukara : Kunduripun nderekaken wilujeng. Ing ngriki teges wonten suraos donga lan pangajab murih rahayu wilujengipun ingkang sami pepisahan.
Sawatawis tembung ing basa Indonesia ingkang kalaras nut raos jawi.
1. Selamat datang / malam : Awit keparengipun sami rawuh ing pepanggihan dalu punika
kula ngaturaken wilujeng.
2. Selamat makan : Sumangga dipun rahapi pasugatan ingkang kaatur. 3. Selamat bertemu kembali : Sasampuna sami pinanggih, kula ngaturaken wilujeng. 4. Selamat berpisah : Kunduripun nderekaken wilujeng. 5. Selamat kepada pemenang : Mangayubagya dhumateng ingkang sampun unggul ing andon wasis / pilih lumba / tetandingan. 6. Selamat dan sukses : Mangayubagya. 7. Selamat berbahagia : Mangayubagya sarta memuji kebaking kabingahan. 8. Selamat Idul fitri/Natal : Hamarengi Idul fitri / Natal kula ngaturaken wilujeng. 9. Selamat menempuh hidup baru : Mangayubagya anggenipun palakrama. 10. Selamat atas kelahiran putra : Mangayubagya anggenipun nampi pasihaning Gusti.. 11. Selamat atas jabatan baru : Mangayubagya anggenipun nampi kalenggahan enggal. 12. Selamat ulang tahun : Mangayubagya anggenipun tanggap warsa. 12. Selamat panjang umur : Mugi dirga yuswa. 13. Selamat mendengarkan : Sumangga dipun laras. 14. Selamat menyaksikan : Sumangga sami hanekseni..
Tembung mangayubagya punika kalebet tembung saroja ingkang tegesipun slamet. Tembung saroja punika, tembung kalih dados setunggal ingkang tegesipun sami, upaminipun : lara - lapa, suka - rena, owah - gingsir, lss. Dene tembung mangayubagya punika saking tembung hayu / rahayu ingkang tegesipun slamet lan tembung bagya ingkang ugi tegesipun slamet.
Sakintenipun awrat anggenipun badhe pados tembung jawinipun, manawi badhe nelaaken raos ndherek bingah awit kabegjanipun asanes, prayogi cekap migunaaken tembung wilujeng, upaminipun : Selamat bertugas, selamat bekerja, selamat berkarya, selamat berlibur lss. Ing pocapan cekap mawi tembung : wilujeng – wilujeng utawi ndherek bingah.
Wasana kasumanggaaken para sutresna budaya jawi murih prayogi samudayanipun. Nuwun.
Kapustakan : 1. Padmosusastro, serat tatacara. 2. Adat Karaton Surakarta. 3. Wawasan bebrayan padintenan. 4. Bausastra Jawi.
Suseno, SH Guru Pasinaon Pambiwara Karaton Ska Kasat Lantas Polres Karanganyar.
[sunting] Topik 4: Panrapan foném /dh/
Aku naté ngobrol-ngobrol karo déwan rédaksi kalawarti Damar Jati lan jaré yèn nulis tembung-tembung silihan, "d" iku ora usah tinulis "dh". Wah iki béda karo sing tak-sinaoni nalika isih SD mbiyèn. Nèk ora luput kalawarti Mekar Sari uga nganggo pasang aksara "dh" ya, contoné ing tembung silihan kaya ta "dhokter" (saka basa Eropah), "pendhidhikan" (basa Indonesia), "judhul" (basa Arab) lan sabanjuré. Meursault2004ngobrol 17:56, 4 Februari 2008 (UTC)
- Kula nggih naté maos ing kaca ngajeng kamus terbitan Ngayojakarta (nanging kamusipun punika mboten patiya jangkep), tembung-tembung serapan dipunserat punapa wontenipun kémawon. Sakjané ingkang baken punika ingkang pundi nggih? Punapa wonten angger-anggeripun ingkang cetha? Punapa wonten bentenipun cara anggenipun nyerat kaliyan cara anggenipun maos? Kadosta nyerat "boten" dipunwaos "mboten", "punika" dipunwaos "menika". Kala wingi kula mbikak buku Kidung Adi (Madah Bakti versi Jawa), "mboten" punika seratanipun "boten". Dados kados pundi? Tracygunemanku08:43, 12 Februari 2008 (UTC)
Sayektinipun ingkang baken punika boten. Cara panyeratan "mboten" punika kénging pengaruh basa sadinten-dinten. Nanging kula langkung remen nyerat "mboten" déning pengaruhipun basa Jawi Kina. Conto sanèsipun nami-nami papan ing pulo Jawi kerep dipun-nasalisasi menawi foném awal punika mawi swara kados ta "Blora" dipun-mungel "mBlora", "Bangil" dados "mBangil", "Demak" dados "nDemak", lsl.
Menawi kula tetep nyerat "punika" senadyan dipun-mungelaken menika, awit puniki basa seratan :-)
Sayektinipun wonten buku paugeran saking Pusat Bahasa Yogya. Sayangipun bausastra Pusat Bahasa mboten pepak. Ingkang langkung pepak punika bausastra Pigeaud – Poerwadarminta tahun 1939. Bausastra puniki ugi saged dipun-dadosaken paugeran amergi nalika iku Indonesia dèrèng mardika lan dados pengaruhipun dèrèng kathah. Kula sayektinipun péngin ngamot bausastra punika ing Wiktionary utawi Wikisource nanging bausastra punika taksih kareksa hak cipta senadyan terbit mèh 70 taun kapengker. Poerwadarminta séda ing taun 1964 lan Pigeaud ing taun 1988. Dados paling cepet bébas hak cipta ing taun 2014. Dados taksih 5 taunan malih. Meursault2004ngobrol 17:02, 12 Februari 2008 (UTC)
[sunting] Topik 5 : Daftar
Para sutresna, aku nemu tembung Jawa sing luwih becik tinimbang daftar yaiku pratélan! Yèn panjenengan sarujuk, mengko irah-irahan (judhul) sawetara artikel-artikel diganti. Meursault2004ngobrol 20:35, 13 Oktober 2008 (UTC)
- mas, pratélan iku ora artiné "pernyataan"? ang 09:32, 11 November 2008 (UTC)
Petikan saka sawetara Bausastra Jawa ngenani tembung "pratéla" lan "pratélan"
- Kamus Purwadarminta
- pratéla kn, ak: awèh weruh marang; dipratélani ak: dikandhani, diwèhi weruh; dipratélakaké ak: disebutaké
- pratélan kn: cathetan katerangan, daptar
- Kamus Basa Jawa (Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta)
- pratela KN aweh weruh marang;
- mratélanie 1.ngandhani, awèh weruh (kabar) marang; 2. nerangaké yèn;
- mratélakaké 1. ngandhakaké; awèh weruh (kabar) marang; 2. nyebutaké, nerangaké;
- pratélan: katrangan (saka); cathetan katrangan; dhaptar
- pratela KN aweh weruh marang;
- Kamus Jawa Pepak (Drs Slamet Mulyono)
- pratéla; jelas,terang
- pratélan: penjelasan, keterangan
- Kamus Indonesia- Daerah (Sugiarto et al)
- daftar : daptar, urutan
Panemuku : luwih becik, luwih cekak aos lan luwih gampang nganggo tembung "dhaptar" waé. Alesan:
- Ana rujukan, yakuwi Bausastra Purwadarminta, Tim Yogya lan Kamus Indonesia-Daerah.
- Luwih cedhak karo basa Indonesia, dadi sing ora pati ahli basa luwih gampang ngira-ira maknané.
- Mbokmanawa tembung dhaptar iki arupa tembung serapan saka Basa Indonesia "daftar", ananging serapan kaya ngéné iki uga diidinaké.
Sumangga dirembug. Pras 11:59, 11 November 2008 (UTC)
- Iya tak-kira bener pak Pras, mengko yèn 'kapiken', wong malah ora mudheng manèh :-) Daftar waé. Meursault2004ngobrol 15:37, 11 November 2008 (UTC)
- Nuwun sewu, menawi panjenengan sami kersa mangga sami ngagem kemawon " Reroncen " kulo kinten sakalangkung sae mas, nderek tepang kulaEffendi.Ws 18:32, 13 Februari 2009 (UTC)
-
- Sugeng rawuh ugi pak Effendi. Matur nuwun, saged dados masukan ugi. Meursault2004ngobrol 01:00, 14 Februari 2009 (UTC)
- Sugeng rawuh pak Effendi, tembung reroncèn kadosipun saé. Namung manawi dipun padosi wonten bausastra kanthi léma "roncé", maknanipun kados-kados kok langkung caket kaliyan basa Indonesia: "urai", "untai" utawi "rangkai", dados katingalipun bènten suraosipun kaliyan dhaptar. Wonten ugi tembung ingkang radi caket, inggih punika princèn utawi peprincèn, nanging maknanipun wewijangan; pérang-pérangan ingkang sampun dipunpilah-pilah, dados inggih radi kirang cocog.Pras 11:47, 14 Februari 2009 (UTC)
[sunting] Topik 6 : Kategori:Ejaan
Artikel ing kategori puniki (kalebet Ejaan Anyaran lan Paugeran baku punapa mboten nggih? Sejatosipun artikel puniki saé lan migunani sanget lho. Dados niki siyos badhé pun pindah isinipun ing wikibooks punapa dipuntata/dipungabung dados setunggal artikel ingkang komplit? Pripun nggih saénipun? Kula piyambak mboten gadhah buku setunggal kémawon ingkang ngamot ejaan lan paugeran basa Jawi. Kala rumiyin namung pikantuk pelajaran punika saking guru basa dhaérah. Tracy 07:55, 22 Juli 2008 (UTC)
- wah menawi baku punapa mboten, kadosipun menawi Ejaan anyaran, babar blas mboten baku. menawi kok luwih sekeca menawi dipun pindhah ing wikibook mawon.
ang 04:24, 2 September 2008 (UTC)
[sunting] Topik 7 : Istilah teknik
Istilah tèknik, mliginé tumrap otomotif pancèn isih angèl dijarwakaké nganggo basa jawa (ngoko lan krama). Apa ya kira-kira sing rada trep kanggo njarwakaké tembung-tembung iki?
- Ruang bakar = ruang obong? apa tetep ruang bakar? (tembung bakar uga tinemu ing Basa Jawa lo)
- Sistim bahan bakar = sistem lenga? sistem bahan bakar? (idem ng dhuwur, tembung bahan lan bakar uga ana ing Basa Jawa).
- Bahan bakar minyak = bahan bakar lenga?
- Sistem pengapian = Sistem ignisi? (asal Basa Inggris ignition, nanging tembung agni utawa geni uga ana ing basa Jawa).
- Mesin 2 tak/4 tak =?
- combustion = pambakaran?
Supaya antuk kawigatèn luwih jembar dhiskusi iki tak copy ing Warung Kopi. Matur nuwun. Pras wicara 11:30, 30 Oktober 2009 (UTC)
-
- ruang bakar = luwih bisa dimangertèni wong umum. (jané ya mirip karo tobong)
- sistem bahan bakar = yèn sistem lenga dadiné padha karo sistem minyak
- sistem ignisi utawa sistem genèn (rada anèh)
- mesin 2 tak/4 tak, nanging katone apa sing wis ditulis Mesin obong lebet mathuk yèn ditulis mesin 2 langkah. ketoké ada prabédan perkara jangkah karo langkah. yèn ing basa indonesia pancèn dadiné mung mesin 2 langkah. jangkah kuwi (sangertiku) luwih trep karo adohé langkah.
- combustion = pambakaran. nanging yèn disambung karo tembung mesin aku ora ngerti.
ang wicara 02:48, 18 November 2009 (UTC)
- Ruang bakar = langkung sae, amargi sampun dipun ngertosi kaliyan tiyang kathah.
- Sistim bahan bakar = langkung sae menawi bahan kaliyan bakar sampun dados tembung wonten basa Jawa.
- Sistim geni = wis rodo umum dienggo. Conto omongan nang bengkel: Busi kok ora metu geni ne? - Coba di cek sistim geni ne..
- Mesin 2-tak/mesin 4-tak utawi mesin rong-tak/mesin petang-tak = kerep dianggo, iso ugo mesin 2-langkah/4-langkah utowo mesin rong-langkah/petang-langkah.
- Combustion = pangobongan. Bener ora iki?
Suwun. Sabudis wicara 05:24, 18 November 2009 (UTC)
[sunting] Istilah komputer
Amarga pedoman durung ana, supaya sragam, apa ya tembung sing becik tumrap:
- Software = piranti (alus? lunak? empuk?)
- Hardware = piranti (kasar? atos? padhet?)
- on line= jroning jaringan?
- email = layang-e? layang elektronik (lael?) imél?
- harddisk = cakram padhet?
Nyuwun pamrayoga. Matur nuwun.Pras wicara 21:00, 17 November 2009 (UTC)
- wah iki dhéwé rada bingung.
- Ngapa kok disebut soft jané ki amarga bisa diowah2i, lan hard kuwi merga ora bisa (angèl diowahi). Ing prakara liya, soft uga ngrujuk marang sawijining piranti sing ora kasat mata (wujudé mung dhata binèr ing cakram panyimpenan) déné ing hard uga mulih bisa diprangguli. perkara iki aku dadi kélingan karo tembung makluk agal karo alus (mbedakaké karo kewan, manungsa, lan jin).
- on line=jroning jaringan
- katoné luwih mathuk layang èlektronik
- cakram padhet
ang wicara 02:48, 18 November 2009 (UTC)
- Software = Piranti alus.
- On line = Nang jaringan utowo ing jaringan.
- Email = Layang elektronik.
- Harddisk = Cakram padhet.
Draf kasar Dhaptar pepadhan istilah komputer ing Basa Jawa (jupuk saka Inpres ngenani Pembakuan Istilah Komputer) (nyuwun panyaruwe lan pamrayoga) Pras rembugan 03:22, 21 Februari 2011 (UTC):
No. Istilah Pepadhan
---------------------------------------------------------------------
1 abort batal
2 access aksès
3 access management manajemen aksès
4 access unit unit aksès
5 account akun; rèkening
6 action button tombol tindak, tombol aksi
7 action setting panatan tindak, panatan aksi
8 active desktop destop aktif
9 add-ins katambah
10 address alamat
11 address book buku alamat
12 administration administrasi
13 administration domain ranah administrasi
14 advisory system sistem penasihat
15 affirmation panegasan
16 agènda agéndha
17 algorithm algoritma
18 alias alias
19 align left rata kiwa
20 align right rata tengen
21 alignment gawé rata
22 alternate silih
23 alternate recipient sing nampa liya
24 animation animasi
25 anonymous remailer pengirim-balik anonim
26 append wuwuh
27 application aplikasi
28 apply patrap
29 apply design desain terapan
30 arrange susun
31 array larik
32 artificial intelligence kacerdhasan gawéyan, intelegènsi
gawéyan
33 ascending nanjak, urut munggah
34 attribute atribut
35 auto clip art gambar klip otomatis
36 auto-correct korèksi otomatis, otokorèksi
37 auto-forward maju otomatis
38 auto-replay putar ulang otomatis
39 auto-reply walesan otomatis
40 autofit otofit
41 autoformat format otomatis, otoformat
42 automatic learning psinaon otomatis
43 autoshapes wangun otomatis
44 autosum total otomatis; gunggung otomatis
45 back bali; buri
46 back slash garis miring kiwa
47 back space spasi mundur
48 back up (rekam) cadhangan
49 background latar buri
50 backtracking lacak balik
51 backward chaining perantaian balik
52 band pita
53 bandwidth amba pita
54 bar watang
55 bar-code kodhe watang
56 bar-code reader pembaca kodhe watang
57 bar-code scanner pemindai kodhe watang
58 base basis
59 batch tumpak
60 best-first search telusur pisanan terbaik
61 binary binèr
62 bit bit
63 bit map peta bit
64 blackboard model model papan tulis
65 blind copy recipient sing nampa kopi buntu; sing nampa
salin buntu
66 body bodi; badan
67 body text tèks tubuh
68 bold kandel
69 border wates
70 bps bps
71 breadth-first search telusur pisanan amba
72 break pedhot
73 broadcast mail layang siaran
74 broadcast videography videografi siaran
75 browse ramban; jelajah
76 browsers peramban; penjelajah
77 buffer penyangga
78 bug kutu
79 bullet bulet
80 button tombol
81 byte bita
82 cache memory mémori tembolok, mémori
singgahan
83 cancel batal
84 capacity kapasitas
85 capslock kancing kapital
86 caption takarir
87 card kartu
88 cartridge kartrid, selongsong, patrun
89 cartridge disk diskèt kartu
90 cascade riam
91 cell sel
92 center tengah
93 central processing unit (CPU) unit pengolah pusat (UPP)
94 change case owah karakter
95 channel saluran, kanal
96 character aksara; karakter
97 chart bagan
98 chatting rumpi
99 clear resik; resiki
100 click klik
101 client klien
102 close tutup
103 closed file berkas katutup
104 cluster gugus; rumpun
105 coding pengkodhean
106 color warna
107 color monitor monitor warna
108 column kolom
109 comments komentar
110 common name jeneng umum
111 computer komputer
112 computer aided mawa bantuan komputer
113 computer aided design (CAD) desain mawa bantuan komputer (DBK)
114 computer aided instruction instruksi mawa bantuan komputer
115 computer aided manufacturing pemanufakturan mawa bantuan
komputer
116 computer conference konferènsi komputer
117 computer memory mémori komputer
118 computer network jaringan komputer
119 conclusion part bagéan wos
120 content isi
121 content type tipe isi
122 control(ctrl) kontrol (ktrl), kendhali
123 convert ubah
124 copy salinan; kopi
125 copy recipient sing nampa salinan
126 count cacah
127 country name jeneg negara
128 crack rengkah
129 cracker perengah
130 create new gawé anyar
131 cursor kursor
132 custom views tilik pesenan, tilik suai
133 customizes sesuai
134 cut potong
135 cut-off pedhot
136 daemon jurik
137 data data
138 data analysis display tampilan analisis data
139 data anaysis analisis data
140 data bank bank data
141 data interchange saling tukar data
142 data logging pencatatan data
143 data processing pemrosèsan data, pangolahan data
144 data processor pemrosès data
145 database pangkalan data, basis data
146 datasheet lembar data
147 date tanggal
148 debug awakutu
149 decimal desimal
150 declarative knowledge kawruh deklaratif
151 decoding pengawasandian
152 decrease kurang; susut
153 deduction deduksi
154 deductive inference inferensi deduksi
155 deferred delivery pangiriman tertunda
156 delete hapus
157 delete item butir busak
158 delivery pangiriman
159 delivery notification pemberitahuan pengiriman
160 depth-first search telusur pisanan kedalaman
161 descending mudhun, urut mudhun
162 design desain; rancangan
163 desk application aplikasi méja
164 digit digit
165 digital digital
166 digital computer komputer digital
167 direct submission submisi langsung
168 direct user panganggo langsung
169 directory dirèktori
170 directory information informasi dirèktori
171 directory management manajemen dirèktori
172 directory name jeneng dirèktori
173 directory system sistem dirèktori
174 directory system agènt agèn sistem dirèktori
175 directory user panganggo dirèktori
176 directory user agènt agèn panganggo dirèktori
177 disc diskèt; cakram; diska
178 disclosure of other penyingkapan liya
179 disconnected network drive pemacu jaringan ora-kasambung
180 discuss diskusi
181 disk drive panggerak diskèt; panggerak
cakram
182 disk memory mémori diskèt; mémori cakram
183 diskètte diskèt
184 display tayangan
185 display station monitor peraga
186 distribution list senarai distribusi
187 document dhokumèn
188 document delivery pengiriman dhokumèn
189 document interchange saling tukar dhokumèn
190 domain ranah
191 domain knowledge kawruh ranah
192 domain model modhèl ranah
193 domain name server server jeneng ranah; peladèn jeneng
ranah
194 down anjlok
195 download unduh
196 drag seret
197 draw gambar; lukis
198 draw table buat tabel
199 drawing penggambaran
200 drive penggerak
201 dummy tiron
202 èdit èdit
203 electronic data proccessing pemrosesan data èlèktronik (PDE)
(EDP)
204 electronic archive arsip èlèktronik
205 electronic data data èlèktronik
206 electronic document dhokumèn èlèktronik
207 electronic mail layang èlèktronik
208 electronic mailbox kothak layang èlèktronik
209 electronic messaging pemesanan èlèktronik
210 emoticon ikon emosi
211 encoded information informasi kasandi
212 encoding penyandian
213 encryption enkripsi
214 end rampung; tamat
215 enter ènter
216 entry èntri
217 envelope amplop
218 episode episode
219 erase busak
220 eraser pambusak
221 error galat
222 esc(ape) hindar; met balik
223 evaluation function fungsi evaluasi
224 exit met
225 expert system (ES) sistem pakar (SP)
226 expiration date tanggal ekspirasi
227 expiry date indication indikasi tanggal kedaluwarsa
228 explorer panjelajah
229 export èkspor
230 facsimile faksimile
231 facsimile machine mesin faksimile
232 fax faks
233 fax board papan faks
234 fax machine mesin faks
235 fax modem modem faks
236 feedback balikan; umpan balik
237 fetch jupuk
238 field ros
239 field length dawa ruas
240 file berkas
241 file name jeneng berkas
242 filing pamberkasan
243 fill isi
244 fill character isi karakter
245 filter tapis; filter
246 filtering penapisan
247 find golèk; temokna
248 firmware peranti tegar, perangkat tegar
249 floppy disk diskèt liuk; cakram liuk
250 folder pelipat
251 font aksara; fonta
252 font size ukuran aksara
253 footer sikil kaca
254 foreground latar ngarep
255 format format
256 format painter pewarna format
257 formula formula, rumus
258 forward maju
259 forward chaining perantaian maju
260 frame bingkai
261 front-end ujung depan
262 full screen layar penuh
263 gateway gerbang
264 general umum
265 generate uripna
266 get antuk
267 gigabyte gigabita
268 go to tumuju
269 gridlines garis kisi
270 hack retas
271 hacker peretas
272 hang macet
273 hanging indènt indèn macet
274 hard disk cakram padhet
275 hardware piranti kasar
276 header tajuk
277 heading penajukan
278 help pitulung
279 heuristic search telusur heuristik
280 hide dhelik
281 highlight sorot
282 history sajarah
283 home pangkal
284 home base basis pangkal
285 horizontal horisontal
286 hub hub
287 hyperlink hipertaut
288 identity (ID) idhèntitas (ID); tandha kenal
289 If-then rule kaidah yèn-mula
290 If-then statement pratélan yèn-mula
291 image interpretation inteprestasi citra
292 image understanding pamahaman citra
293 image recognition rekognisi citra
294 import mlebu; impor
295 in-basket mlebu kranjang
296 inbox kothak mlebu
297 indènt indhèn
298 index indhèks
299 inference engine mesin inferènsi
300 informatics informatika
301 information informasi
302 information object objek informasi
303 information system sistem informasi
304 information technology (IT) tèknologi informasi (TI)
305 input lebon
306 input data data lebon
307 input/output (I/O) lebon/weton (L/W)
308 insert sisip, sisipan
309 install instal
310 instruction pambelajaran, instruksi
311 integrated software perangkat kasar kaintegrasi
312 interactive videography videografi interaktif
313 interface antarmuka
314 intranet intranèt
315 IP (identification personal) alamat PI (personal
address idhèntifikasi)
316 italic italik; miring
317 joining panggabungan
318 key kunci; tombol
319 key field medan kunci; medan tombol
320 key lock kakunci
321 keyboard papan ketik; papan tombol
322 keyboard entry entri papan ketik; entri papan
tombol
323 keyboard printer pencithak papan ketik
324 keypad bantalan kunci
325 keyword kata kunci; kata sandi
326 kilobyte kilobita
327 knowledge acquisition persyaratan kawruh
328 knowledge base basis kawruh
329 knowledge engineer insinyur kawruh
330 knowledge engineering rekayasa kawruh
331 label label
332 landscape lanskap
333 launch luncur
334 launching peluncuran
335 leased line jalur sewaan
336 left kiwa
337 legal pleadings pembelaan legal
338 letters and fax layang lan faks
339 line garis; jalur
340 links taut
341 list senarai
342 load amot
343 lock kancing
344 log in log mlebu
345 log off log metu
346 log on log mlebu
347 log out log metu
348 lower case sosok (huruf) cilik
349 macro makro
350 macro instructions instruksi makro
351 macroprocessor makroprosèsor; pemroses makro
352 magnetic disc storage panyimpen diskèt magnetik
353 mail layang
354 mail broadcaster penyiar layang
355 mailbox kothak layang
356 mainframe bingkai induk; kerangka indhuk
357 management domain ranah manajemen
358 map network drive pemacu jaringan peta
359 master data data utama; data induk
360 master file berkas induk
361 means-end analysis analisis rerata-akhir
362 media player penggelar media
363 megabyte megabita
364 memo mémo
365 memory mémori
366 memory cache mémori tembolok
367 memory capacity kapasitas mémori
368 menu menu
369 merge gabung
370 message pesen
371 message handling penanganan pesen
372 message retrieval temu manèh pesen
373 message storage panyimpenan pesen
374 message transfer transfer pesen
375 message transfer agènt agèn transfer pesen
376 microcomputer mikrokomputer; komputer mikro
377 microprocessor mikroprosèsor; prosèsor mikro
378 minicomputer minikomputer
379 missing pangilangan
380 modem modem
381 moderated conference konferensi dimodherasi
382 monitor monitor
383 monitor display tampilan monitor
384 motherboard papan induk
385 mouse tetikus
386 movie film
387 multi-tasking penugasan ganda
388 multimedia multimedia
389 multiple of firing ganda penyalaan
390 name resolution resolusi jeneng
391 naming authority otoritas pejenengan
392 natural language basa alami
393 network jaringan
394 networking jejaring
395 new mail layang baru
396 nondelivery takterkirim
397 numbering penomoran
398 numlock kancing angka
399 O/R address alamat O/R
400 object objèk
401 off mati
402 office automation otomasi kantor
403 offline kapedhot; jaba jaringan
404 ok oké
405 on urip, on
406 on line kahubung; kasambung
407 open buka
408 operating system (OS) sistem operasi (SO)
409 operator operator
410 optical disk diskèt optik
411 option opsi; pilihan
412 originator originator
413 originator/recipient originator/sing nampa
414 other documents dhokumèn liya
415 out-basket kranjang jaba
416 outline rangka, ragangan
417 output weton
418 pack and go kemas lan lakokaké
419 page default standar kaca
420 page down (PgDn) mudhun kaca
421 page number nomer kaca
422 page preview pratilik kaca
423 page set up tata kaca
424 page up (PgUp) munggah kaca
425 page width amba kaca
426 paragraph paragraf
427 password sandi
428 paste pasta, rekat
429 paste special spesial pasta
430 pause jeda
431 percent style gaya persentase
432 physical delivery pangiriman fisik
433 physical delivery access aksès pangiriman fisik
434 picture gambar
435 pixel piksel
436 port pangkalan
437 portrait potret
438 power daya
439 preview pratilik
440 preview not available pratilik ora sumadya
441 primary storage panyimpen utama
442 print cithak
443 print area wilayah cithak
444 print out cithakan
445 print preview pratilik cithak
446 print screen cithak layar
447 printer piranti cithak
448 private domain name jeneng ranah pribadi
449 private management manajemen pribadi
450 probe kuar
451 process prosès
452 processor pemroses; prosèsor
453 program program
454 programmer pemrogram, programer
455 programmer analyst analis pemrogram; analis
programer
456 programming pemrograman
457 programming language basa pemrograman
458 prompt siap ketik
459 proof of delivery service kedap layanan pengiriman
460 properties properti
461 protect protèksi; perlindungan
462 protocol protokol
463 publications publikasi
464 query permintaan, kueri
465 quit met
466 random access aksès acak
467 random access memory (RAM) mémori aksès acak
468 read only memory (ROM) mémori mung waca
469 reader pamaca
470 ready siap
471 receipt menerima
472 received ditampa
473 recipient sing nampa
474 record utas; rekam
475 redo balèni
476 redundancy kelewahan; redundansi
477 refresh segar
478 release luncuran; terbitan
479 remove busak
480 rename ganti judhul, jeneng ulang
481 repeat ulang
482 replace ganti
483 replication replikasi
484 reply jawab
485 reply all jawab kabèh
486 reports lapuran
487 reset tata ulang
488 resource sumber daya
489 restart start ulang
490 restore simpen ulang
491 resume terusaké manèh
492 retrieval temu manèh
493 retry coba manèh
494 return bali
495 rewrite tulis ulang
496 right tengen
497 row baris
498 ruler mistar
499 run jalankan
500 save simpen
501 save as simpen minangka
502 save as HTML (hyper markup simpen minangka basa markah
language) hiper tèks (BMHT)
503 scan pindhai
504 scanner pemindhai
505 screen layar
506 scroll nggulung
507 scroll lock kunci gulung
508 search telusur
509 secondary recipient sing nampa sekunder
510 sector sektor
511 secure access aksès aman
512 security kaamanan
513 segment sègmèn
514 select pilih
515 select all pilih kabèh
516 send kirim
517 send to kirim menyang
518 sent item layang/butir kakirim
519 series seri
520 server peladèn; server
521 set up show tata tampilan
522 setting penataan
523 setup tata
524 shading pembayangan
525 share workbook buku kerja bebarengan
526 shareable directory dirèktori terbagi
527 sheet lembar
528 shift alih
529 shut down tutup padam
530 signature tandha tangan; tapak asma
531 slash garis miring
532 sleep pudar
533 slide salindia
534 slide colour scheme skema warna salindia
535 slide from files salindia saka berkas
536 slide from outlines salindia dari ragangan
537 slide layout tata letak salindia
538 slide miniature miniatur salindia
539 slide number nomor salindia
540 slide show tampil salindia
541 slide sorter penyortir salindia; pemilah
salindia
542 slot slot
543 software perangkat lunak
544 sort sortir; pilah
545 sound suara
546 source sumber
547 space spasi
548 spacebar watang spasi
549 speaker noter panyathet pamicara
550 spelling éjaan
551 split belah
552 splitting pembelahan
553 spread sheet lembar sebar
554 standby siaga
555 start wiwit; star
556 start up hidupkan
557 status bar watang status
558 stop stop
559 stored message alert siaga pesen kasimpen
560 style gaya
561 style checker pemeriksa gaya
562 subdirectory subdirèktori
563 subject subjek
564 submission submisi
565 subscriber penika bawah
566 subscript tika bawah
567 subtotals subtotal
568 superscript tika atas
569 symbol simbol
570 synchronize menyelaraskan; selaras
571 tab tab
572 table tabel
573 tape pita
574 taskbar watang tugas
575 teleconferencing telekonferènsi
576 telecopy telekopi
577 telefax telefaks
578 teletext teletèks
579 telex tèlèks
580 template cithakan
581 terminal terminal
582 text (voice, image, video) tèks (suara, citra, video)
583 text box kothak tèks
584 theme téma
585 thread ulir
586 throughput trobosan
587 tile ubinan
588 time wektu
589 to fax menyang faks
590 toolbars watang alat; watang perkakas
591 tools alat; perkakas
592 top-level domain name jeneng ranah aras puncak
593 trace runut
594 tracing facility fasilitas perunutan
595 track lintas, jalur
596 transfer transfer
597 transmission transmisi
598 transmittal event peristiwa transmital
599 underline garis bawah
600 undo tak jadi
601 unhide tak tersembunyi
602 up ungguh
603 up level naik aras
604 update mutakhir
605 upload unggah
606 upper case sosok (huruf) atas
607 user panganggo
608 user agènt agèn panganggo
609 user friendly akrab panganggo
610 user group kelompok panganggo
611 user interface antarmuka panganggo
612 utilities kegunaan
613 version versi
614 vertical vertikal
615 video conferencing konferensi video
616 videotext tèks video
617 view tilik
618 viewdata data tilik
619 viewing screen layar penilikan
620 voice mail layang swara
621 wake up bangun
622 web pages kaca wèb
623 whole page kaca utuh
624 window jendhéla
625 wizard cekatan
626 word kata
627 work load beban kerja
628 work station anjungan kerja
629 zoom zum
[sunting] Open University ing basa Jawa
Open University iku apiké dipertal apa ing basa Jawa? "Univèrsitas Kabuka" utawa Univèrsitas Terbuka waé kaya ing basa Indonesia? Meursault2004ngobrol 12:50, 27 Maret 2008 (UTC)
- Tak golèki ing kamus ora ana sing pas:
- buka: bukak N, bikak K
- terbuka: Menga (iki mesthiné kanggo lawang lsp).
Pilihané antara liya:
- Univèrsitas Kabukak (iki konotasiné kaya lagi dibukak, sadurungé katutup)
- Univèrsitas Menga
- Univèrsitas Terbuka (kaya basa Indonésia)
- Univèrsitas Tinarbuka (apa manèh iki tegesé)
Biasané nèk wis mentok ya diserap waé langsung saka basa sing wis dimangertèni umum.Pras 13:20, 27 Maret 2008 (UTC)
- Matur nuwun. Dadi Univèrsitas Terbuka waé sing apik. Nèk univèrsitas menga mengko dileboni maling hahaha :-D Meursault2004ngobrol 13:22, 27 Maret 2008 (UTC)
-
- Kepriyé yèn Universitas Binuka? Aku nemu tembung binuka ing Kitab Yesus Bin Sirakh wetonan Kanisius, mung katoné kok kepènak diwaca tur luwih Jawa ngono :). Tracy 07:42, 11 Oktober 2008 (UTC)
- Wah apik iku tembung 'binuka'! Meursault2004ngobrol 20:17, 11 Oktober 2008 (UTC)
- Open utawa menga mono kanggone ngilmu dadi sing menga lawange ilmu , mulane yen setuju universitas terbuka kuwi ya papan kanggo sing mletik pikire sebab yen mletik neng njero papan sing ketutup mbebayani bisa kobongan mulane diarani " Universitas terbuka "supaya mahasiswa lan maha gurune ketrocohan ilmuMashabe.WS 18:12, 3 Februari 2009 (UTC)
Open University, panci leres Open punika saking basa inggris inkang tegesipun bukak utawi dipun bikak, tembung open punika mengku suraos sok sinten kemawon saged, kepareng utawi bebas. University punika jawinipun pawiyatan agung, pramila kados kirang trep bilih Open University lajeng dipun gantos Univèrsitas Menga, Univèrsitas Terbuka, Univèrsitas Tinarbuka, Universitas Binuka nyuwun pangaksami namung semanten ingkang saged kula aturaken [hutami, 29 juni 2009]
[sunting] Kategori:Ejaan
Artikel ing kategori puniki (kalebet Ejaan Anyaran lan Paugeran baku punapa mboten nggih? Sejatosipun artikel puniki saé lan migunani sanget lho. Dados niki siyos badhé pun pindah isinipun ing wikibooks punapa dipuntata/dipungabung dados setunggal artikel ingkang komplit? Pripun nggih saénipun? Kula piyambak mboten gadhah buku setunggal kémawon ingkang ngamot ejaan lan paugeran basa Jawi. Kala rumiyin namung pikantuk pelajaran punika saking guru basa dhaérah. Tracy 07:55, 22 Juli 2008 (UTC)
- wah menawi baku punapa mboten, kadosipun menawi Ejaan anyaran, babar blas mboten baku. menawi kok luwih sekeca menawi dipun pindhah ing wikibook mawon.
ang 04:24, 2 September 2008 (UTC)
[sunting] Komentar
Wah jan apik tenan yen ana ing internet ana artikel-artikel sing ditulis nganggo basa Jawa.Artikel-artikel iki migunani banget kanggo aku lan kanca-kanca ing tim siaran pedesaan sing saben dina menehi penyuluhan marang wong-wong ing karang padesan.Muga-muga bakal akeh pawongan sing kesengsem lan gelem nggetok tularake kawruhi babagan apa wae, utamane ngenani tetanen.Révisi sing wis dibusak saka Tekanan getih (nganti 01:46, 11 September 2008) déning 125.164.237.230
Matursembahnuwun.sakniki pun wonten b@s@ jawi ting wewacan internasional,dados saged lestari. Révisi sing wis dibusak saka Dhiskusi:Guyana Prancis, déning anon: 202.93.37.89
[sunting] Basa Jawi wonten HP
Nuwun sewu, kulo badhe mbangun piranti lunak kangge telpon genggem ngagem basa Jawi, nyuwun koreksinipun. Sumber kula basa saben dinan (kaleresan kula natos urip wonten tlatah Ngawi Jawi Wetan, Surakarta, Semarang lan Jakarta) kula pendhet "tengahan" saking basa Jawinipun. Janipun kula pengin "memperkaya" tetembungan utawi ukara saking sawetara kalawarti (PS, JB, MS), google Basa Jawi lamun mboten sempat, mburu target wektu launching. Menika nembe nemu wiki basa Jawi, mugi saget mbantu lan saget diaplikasiaken langkung sae ing tembe model Gambar:Conto.jpg
(tipe kalian merk taksih disimpen)
Nuwun
[sunting] Daftar
Para sutresna, aku nemu tembung Jawa sing luwih becik tinimbang daftar yaiku pratélan! Yèn panjenengan sarujuk, mengko irah-irahan (judhul) sawetara artikel-artikel diganti. Meursault2004ngobrol 20:35, 13 Oktober 2008 (UTC)
- mas, pratélan iku ora artiné "pernyataan"? ang 09:32, 11 November 2008 (UTC)
Petikan saka sawetara Bausastra Jawa ngenani tembung "pratéla" lan "pratélan"
- Kamus Purwadarminta
- pratéla kn, ak: awèh weruh marang; dipratélani ak: dikandhani, diwèhi weruh; dipratélakaké ak: disebutaké
- pratélan kn: cathetan katerangan, daptar
- Kamus Basa Jawa (Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta)
- pratela KN aweh weruh marang;
- mratélanie 1.ngandhani, awèh weruh (kabar) marang; 2. nerangaké yèn;
- mratélakaké 1. ngandhakaké; awèh weruh (kabar) marang; 2. nyebutaké, nerangaké;
- pratélan: katrangan (saka); cathetan katrangan; dhaptar
- pratela KN aweh weruh marang;
- Kamus Jawa Pepak (Drs Slamet Mulyono)
- pratéla; jelas,terang
- pratélan: penjelasan, keterangan
- Kamus Indonesia- Daerah (Sugiarto et al)
- daftar : daptar, urutan
Panemuku : luwih becik, luwih cekak aos lan luwih gampang nganggo tembung "dhaptar" waé. Alesan:
- Ana rujukan, yakuwi Bausastra Purwadarminta, Tim Yogya lan Kamus Indonesia-Daerah.
- Luwih cedhak karo basa Indonesia, dadi sing ora pati ahli basa luwih gampang ngira-ira maknané.
- Mbokmanawa tembung dhaptar iki arupa tembung serapan saka Basa Indonesia "daftar", ananging serapan kaya ngéné iki uga diidinaké.
Sumangga dirembug. Pras 11:59, 11 November 2008 (UTC)
- Iya tak-kira bener pak Pras, mengko yèn 'kapiken', wong malah ora mudheng manèh :-) Daftar waé. Meursault2004ngobrol 15:37, 11 November 2008 (UTC)
- Nuwun sewu, menawi panjenengan sami kersa mangga sami ngagem kemawon " Reroncen " kulo kinten sakalangkung sae mas, nderek tepang kulaEffendi.Ws 18:32, 13 Februari 2009 (UTC)
-
- Sugeng rawuh ugi pak Effendi. Matur nuwun, saged dados masukan ugi. Meursault2004ngobrol 01:00, 14 Februari 2009 (UTC)
- Sugeng rawuh pak Effendi, tembung reroncèn kadosipun saé. Namung manawi dipun padosi wonten bausastra kanthi léma "roncé", maknanipun kados-kados kok langkung caket kaliyan basa Indonesia: "urai", "untai" utawi "rangkai", dados katingalipun bènten suraosipun kaliyan dhaptar. Wonten ugi tembung ingkang radi caket, inggih punika princèn utawi peprincèn, nanging maknanipun wewijangan; pérang-pérangan ingkang sampun dipunpilah-pilah, dados inggih radi kirang cocog.Pras 11:47, 14 Februari 2009 (UTC)
[sunting] Tèrmodinamika
Aslm, saya yuni pak mhswa sipil unsri, saya scra kbtulan mnmukan situs bpk, mungkn skira ny bpk bs membantu trkait dgn mk MEkanika fluida, saya sdg mcri dsar teori yg brhub dgn prktkum sya yg brjudl dampak aliran jet.. Serta apliksi ny dlm khdpn. A Termodinamika; 20:11 . . (+245) . . 87.79.3.248 (Wicara | blokir) (tny dasar teori)
[sunting] kategori
aku lagi nggunakaké bot kanggo nambahi kategori kaca2 sing durung diwenehi kategori. mbok nemawa ana kaca2 sing ora tepak utawa keterjang bot (jenenge wae robot), tulung dijawil yen ana sing salah. suwun ang 06:05, 17 Desember 2008 (UTC)
[sunting] Apakah anda tahu?
Para sutresna sarujuk ora yèn Kaca Utama iku ditambahi kothak Apakah anda tahu? kaya ing vèrsi basa Indonesia. Contoné wis tak-tulis ing kéné? Meursault2004ngobrol 16:04, 2 Maret 2009 (UTC)
- Sarujuk, mung ana pamrayoga: Bab basa krama lan basa ngoko saiki wor suh ing kaca utama, katone rada kurang rapi. Becike ditata, umpamané ing kolom sisih tengen nganggo basa krama lan ing sisih kiwa ngoko. Utawa kepriyé yèn ing kaca utama nganggo basa krama utawa ngoko kabeh wae, kajaba artikel pilihan sing pas nganggo basa ngoko utawa krama.Pras 00:19, 3 Maret 2009 (UTC)
Matur nuwun pak. Sajatiné menawa langsung celathu marang pamirsa iku nganggo basa krama, nanging yèn sifaté umum, kayata artikel lan sabanjuré, bisa nganggo ngoko. Yèn mengkono diputusaké kabèh krama kejaba artikel pilihan. Dadi wiwit saiki prastawa énggal nganggo basa krama. Meursault2004ngobrol 09:56, 3 Maret 2009 (UTC)
- Sarujuk, katoné kok luwih rapi. Maturnuwun.Pras 11:37, 3 Maret 2009 (UTC)
-
- Temtu kémawon kula sarujuk. :-) Tracy 14:43, 4 Maret 2009 (UTC)
Kadospundi menawi irah-irahanipun mboten sisah ngagem tembung "panjenengan", lajeng dipun ewahi dados: "Punapa sampun pirsa?". Mbokmenawi mboten patos sarujuk kaliyan paugeran bausastra nanging ketingalipun langkung cekak aos? Pras 22:20, 4 Maret 2009 (UTC)
Kadosipun ukara "Punapa sampun pirsa" sae. ang 01:20, 5 Maret 2009 (UTC)
- Inggih langkung cekak langkung saé. Meursault2004ngobrol 13:06, 5 Maret 2009 (UTC)
[sunting] Istilah teknik
Istilah tèknik, mliginé tumrap otomotif pancèn isih angèl dijarwakaké nganggo basa jawa (ngoko lan krama). Apa ya kira-kira sing rada trep kanggo njarwakaké tembung-tembung iki?
- Ruang bakar = ruang obong? apa tetep ruang bakar? (tembung bakar uga tinemu ing Basa Jawa lo)
- Sistim bahan bakar = sistem lenga? sistem bahan bakar? (idem ng dhuwur, tembung bahan lan bakar uga ana ing Basa Jawa).
- Bahan bakar minyak = bahan bakar lenga?
- Sistem pengapian = Sistem ignisi? (asal Basa Inggris ignition, nanging tembung agni utawa geni uga ana ing basa Jawa).
- Mesin 2 tak/4 tak =?
- combustion = pambakaran?
Supaya antuk kawigatèn luwih jembar dhiskusi iki tak copy ing Warung Kopi. Matur nuwun. Pras wicara 11:30, 30 Oktober 2009 (UTC)
[sunting] Ejaan
Pisanane aku rada bisa nampa umpama ana ejaan liyane kang ora baku. Nanging suwe-suwe dadi aneh amarga ing sa-kaca ana 2 ejaan. iki marai bingung, apa maneh yen sesambungan karo pranala. Sejatine piye sing bener?
anggoro 11:54, 27 April 2006 (UTC)
- Iki pancèn masalah gedhé ing Wikipedia Jawa. Sajatiné aku dhéwé miturut ejaan Pusat Bahasa 1991. Nanging aku dhéwé mbedakaké antara pepet (e) karo taling (é,è). Meursault2004 14:05, 27 April 2006 (UTC)
[sunting] Usul
Keparenga kula urun rembag sawatawis. Bokmanawi karaos radi ngguroni, nyuwun pangaksama jer niyatipun boten makaten.
- Pratelan ing ngandhap punika : Mangga mlebetaken, kinten kula leresipun NGLEBETAKEN.
- Tulung dipun-gatekaken....., kinten kula: (Nyuwun)tulung dipun gatosaken manawi sadaya kontribusi ......(mangga kapriksanana Projet: )Manawi panjenengan boten karsa bilih seratan panjenengan badhe dipun sunting lan dipun sebar, sampun dipun dèkèk ing ngriki (mriki tegesipin mréné, ngriki ateges kéné).
- Sawatawis tembung utawi ukara ing raos kula sanes Basa Jawi baku, ananging tembung Basa Indonesia ingkang dipun jarwakaken wantah, kadosta :pangowahan bokmanawi ingkang dipun pikajengaken PERUBAHAN (Basa Indonesia). Tembungipun Basa Jawi : Owah-owahan, utawi Éwah-éwahan (krama).
Cathetan : kula piyambak dereng yakin panyeratipun ater-ater DIPUN; dipun sambet kaliyan lingganipun punapa dipun pisah.
(iku usulan saking 219.83.0.32), maturnuwun. Slamet Serayu 01:23, 12 Juli 2006 (UTC)
-
- Prekawis ejaan lan basa punika panci taksih awrat kalampahan ing mriki. Mbok menawi priyantun kados panjenengan saged mbiyantu malih. menawi kula prekawis punika:
- kula kinten leres menawi Nglebetaken. Tembung punika saking ater-ater nga+ tembung lingga mlebet + panambang aken. Menawi pados sesandhinganipun wonten basa Indonesia sami kaliyan memasukkan. Ananging, menawi ngangge masukkan utawi mlebetaken ugi saged menawi suraosipun prentah.
- kula sarujuk kaliyan panjenengan menawi badhe ngangge basa krama ingkang leres.
- mbokmenawi panjenengan (ingkang ngangge sambungan internet nomer 219.83.0.32) saged mbiyantu njarwaaken malih. nanging kula kinten mboten saged selak menawi sapunika tiyang-tiyang langkung kathah ngertos basa Indonesia tinimbang basa Jawi. Ing sawetawis buku sastra jawi kemawon kathah andhahan saking basa Indonesia, kados rumiyin basa jawi kasaru dening basa walandi.
- Prekawis ejaan lan basa punika panci taksih awrat kalampahan ing mriki. Mbok menawi priyantun kados panjenengan saged mbiyantu malih. menawi kula prekawis punika:
-
- cathetan: piye Mas Slamet, mudheng ora? he he he anggoro 08:06, 12 Juli 2006 (UTC)
-
- Ya wis ngonoh pada wayangan, aku tak nggawe wedang wae, banyune wis umeb kae Slamet Serayu 08:59, 12 Juli 2006 (UTC)
Lho, tembung lingganipun sanes mlebet, nanging lebet (ngoko lebu). Cobi pun priksani conto ngandhap punika:
- am-lebet dados mlebet (a wonten ngajeng umumipun pun bucal) punika kata kerja aktif
- ang-lebet dados nglebet punika kata keterangan tempat
- l-um-ebet dados lumebet punika gadah pangerten sudah di
- am-lebu dados mlebu punika inggih kata kerja aktif
- ang-lebu dados nglebu punika kata keterangan tempat
- l-um-ebu dados lumebu punika gadah pangerten sudah di..
- lebu-an dados lebon padanan basa Indonesia pemasukan, (omahku kelebon maling)
(Bairro)
[sunting] ejaan II
[sunting] Kepriyè beciké?
aku sejatine ora kepengin dianggep keminter perkara iki, nanging rasané anèh ana akèh éjaan manéka warna ing wikipedia jawa iki. Mula aku nyoba gawe cithakan ejaan anyaran bèn wong ora bingung kudu maca cara kepriyé. contoné ing Pulasara. Nanging ben seragam, link utawa jeneng kaca (halaman) kang dienggo tetep nganggo basa Jawa baku. Sejatiné aku luwih sarujuk marang éjaan baku kang wis katetepaké dening pamarentah, yaiku Ejaan Baku Bahasa Jawa tahun 1991. Nanging kanggo wong kang ora akrab marang wacan basa Jawa, upamané majalah-majalah basa Jawa, éjaan iki rada ora lumrah. Ana tanggepan? Protes? anggoro 10:47, 31 Juli 2006 (UTC)
- Setuju, malah memperkaya basa Jawa (wikipedia basa Jawa), Slamet Serayu 00:48, 1 Agustus 2006 (UTC)
Ora sarujuk! Hehehe.. perkara ejaan iki pancen tetep dadi punjering pocapan para nimpuna basa Jawa, kalebu nalikane ing Kongres Basa Jawa IV Semarang September 2006 kapungkur. Ananging amarga wikipedia iki mujudake laman kang ora bisa dianggep dolanan, aku tetep manut apa-apa kang ditetepake pamrentah. Dikayangapa kita butuh standarisasi basa Jawa kang bisa digunaake ing sajroning panaliten, studi, pers, lan uga ing madyaning bebrayan. Lan ing Wikipedia kene, kang wus ditetepake lan diakoni dening para netter saindenging donya, kudu tetep ngurmati lan ngetrepake standarisasi basa kang diwetokake pamrentah lumantar Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa tahun 1991 kasebut. Dene yen saiki dirasaake ejaan kang ditrepake mau isih duwe akeh kekurangan ing kana-kene (utamane bab pocapan/lafal kang geseh karo panulisan), mangga wae bab kasebut kita rembug bebarengan ing kene kepriye penake. Syukur-syukur bab iki bisa kita dadekake sawijining usulan marang pihak-pihak kang kawogang. Kita usulake wae ing Kongres Basa Jawa V Jawa Timur bakale (kira2 tahun 2010.., weh, suwenee...). Nanging tetep wae, sawatara kuwi kita kudu tetep nganggo pathokan ejaan kang resmi ing artikel-artikel kang kapacak ing kene. Tamtu wae, bab kuwi kajaba ing thread forum diskusi kaya sajroning Warung Kopi ngene iki, kang luwih longgar aturane, kayadene yen kita lagi ngobrol ing warung kopi ngana kae.
Tapi yen kepeksa ora bisa dilakoni marga bab-bab tinamtu, kayadene; supaya luwih akeh wong kang bisa ajar basa Jawa kanthi kepenak, utawa supaya bisa mincut atine para nom-noman sinau basa Jawa, aku luwih bisa nampa kaya kang ditrepake dening Mas Meursault2004, yakuwi saemper ejaan Sriwedari. Ing Kongres Basa Jawa kapungkur, para guru-guru sekolah akeh kang ngajokake usul, supaya kita bali nggunaake ejaan Sriwedari amarga cah-cah sekolah saiki kangelan anggone nyinaoni ejaan basa Jawa. Tapi carane ngetik ngono kuwi piye yo? Apa nganggo keyboard khusus? Apa nginstall font-e dhisik?
Mangkono iguh pratikelku. Sepurane kang, aku ora sarujuk ... weee. Beda panemu, ora apa-apa ta? ^_^ kunthing 03:29, 4 Januari 2007 (UTC)
[sunting] éjaan Sriwedari lan 91
- Hmmm menarik mas kunthing iki. Bisa crita sithik bab éjaan Sriwedari iki? Aku durung tepung soalé. Meursault2004ngobrol 06:32, 5 Januari 2007 (UTC)
- Ejaan kuwi sakngertiku ditrepake mbuiyen, suwe sadurunge ejaan tahun 1991 iki diputuske dadi ejaan kang resmi. Yen ora salah, ejaan iki kang ngusulake pihak Radyapustaka Solo, udakara ing taun 1920-an. (Wiii.. lawas banget). Mbuh ana gandheng cenenge karo Taman Sriwedari ing cedhak kono (Taman iki cedhak karo museum Radyapustaka, lan asring diarani Bonraja, saka tembung Kebon Raja) apa ora, sing jelas, ejaan iki sabanjure ditetepake dadi ejaan kang resmi dening pamrentah jaman semono. Salah sijining ciri utamane yakuwi mbedaake unine vokal é-taling (saté) , è (akèh), lan ê-pepet (lêmah). Lan ing panulisan-panulisan resmi, aksara e mau diwuwuhi tandha /, \ utawa ^ ing dhuwure aksara e kanggo mbedaake uni (saté,akèh,lêmah). Nhaa.. harak kaya kang sampeyan lakoni ta? kunthing 17:12, 9 Januari 2007 (UTC)
-
- Oh dadi éjaan sing netepaké pamaréntah Walanda? Iya sajatiné luwih apik tinimbang éjaan 1991. Nèk tak-pikir éjaan 1991 iku adhedhasar pertimbangan ékonomis lan kamèmperan karo basa Indonesia. Dadi maksudé bèn gampang ditik. Ing mesin tik kan angèl saya manèh ing komputer. Nanging tandha é (alt 130) karo è (alt 138) iku bagéyan saka kodhe ASCII dadi samesthiné ora masalah. Yèn ing publikasi ngèlmiah, éjaan sing dienggo pancèn séjé manèh. Taling iku ditulis [e], banjur pepet iku ditulis [ě], dadi mèmper ê nanging diwalik. Nah éjaan iki luwih mèmper pasang aksara Hanacaraka. Dadi ora usah mbédakaké antara é karo è. Yèn aku ndelok para sadulur ing Wikipédia Sunda, mereka iku uga mbédakaké antara pepet lan taling. Nanging talingé ora dipérang manèh. Meursault2004ngobrol 17:39, 9 Januari 2007 (UTC)
- Bener mas, yen dakpikir-pikir ya kayane mangkono, ben gampang diketik. Tapi iku rak mesin ketik jaman biyen (manual). Yen saiki, jamane komputer, kaya mangkono kan ora dadi persoalan ta? Apamaneh pratelane sampeyan yenta aksara-aksara ê, é, è lsp kuwi mujudake kode ASCII kang bisa digawe ing maneka aplikasi Windows, dakkira urusan angele ngetik wus bisa diprantasi. Pratelanku iki luwih manteb sawise aku mbukak kaca Aksara éèó. Saiki sing luwih wigati, kepriye penake? Nganggo ejaan sing ngendi ing kene? Yen kanggoku pribadi, aku isih tetep ngugemi ejaan baku 1991, ananging yenta sutresna liyane luwih akeh kang seneng nganggo ejaan anyaran utawa ejaan liyane, anggere iku disarujuki kabeh wong ing kene, aku ya manut-manut wae. Sing penting kita bisa seragam ing laman iki, dadine luwih kepenak lan bisa nyawiji. Kepriye? Voting? walah... sithik-sithik voting... dhasar demokrasi...!!! ^_^ kunthing 19:26, 9 Januari 2007 (UTC)
-
- Nèk aku wis setuju nganggo éjaan 1991 iku, soalé iki éjaan resmi sing wis ditentokaké. Nanging yèn bisa aku kira ora apa-apa yèn taling karo pepet dibédakaké supaya luwih kepénak diwaca. Saya manèh iki luwih cedhak aksara Hanacaraka. Ya mengko nèk arep voting takon mas Anggoro karo pak Slamet dhisik? Tak-kira ora perlu voting, wong panganggoné sing aktif pira ... nanging bèn resmi wektu voting bisa digawé rada suwé. Meursault2004ngobrol 20:11, 9 Januari 2007 (UTC)
-
-
- Aku nduwe usul. Nek sok sapaa bisa nulis nganggo ejaan 1991 tanpa pambedan taling karo pepet. Lha mengko iku tugase pangurus karo panganggo liya sing mbenakake. Banjur iku sajatine aku kurang sreg karo tambung 'ejaan'. Bayanganku kok luwih apik istilahe wong Bali 'pasang aksara'. Tembung ejaan terlalu berbau bahasa Indonesia :-) Meursault2004ngobrol 01:04, 10 Januari 2007 (UTC)
-
- Setuju mas. Mengko takrewangi ngoreksi diakritik-e. Istilah pasang aksara yen diganti paramasastra kepriye? aku durung cek ing kamus tegese tembung paramasastra kuwi, nanging sakngertiku kuwi jarwane tembung ejaan. Weh.. thread iki dadi kedawa-dawa kaya ngene, aku dadi sungkan karo panganggo liyane. ^_^ kunthing 03:33, 10 Januari 2007 (UTC)
- Aja sungkan-sungkan mas Irfan, nek aku malah seneng ana sing gelem ngrewangi, aku dhewe kekurangan elmu masalah kuwi mulane meneng wae, mas Meursault karo mas Anggoro mesthi ngguyu maca pesenku iki. Slamet Serayu 03:44, 10 Januari 2007 (UTC)
ok. aku sarujuk. prakara éjaan iku pancèn rada ngganjel. mbiyèn dak-pikir bèn ana wong akèh nyumbang tulisan lan ora wedi amarga éjaan. aku dhéwé luwih sreg marang éjaan sriwedari, nanging gandhèng ana éjaan resmi 1991, ya ora apa-apa. apa manèh iki akèh digunakaké déning wong akèh. yèn ngono, saiki ayo gugur gunung mbeneraké tulisan.
nah prakara jeneng éjaan, aku sih manut waé. nèk paramasastra iku katoné luwih rumit manèh. ning yèn dideleng seka basa-né, éjaan pancèn basa indonesia banged (nganggo "d" bèn manteb). éja + an kan kuduné "éjan." aku luwih seneng nganggo istilah "pasang aksara". angrembugan04:18, 10 Januari 2007 (UTC)
- Iya, pancene Indonesia banget gituloh! ^_^ Uga sawise aku dhudhah-dhudhah arsip lawas, nemokake yen tembung paramasastra kuwi luwih kompleks saka ejaan. Dadi, sajroning paramasastra karembug bab ejaan. Mangka saka kuwi, pungkasane aku sarujuk pasang aksara wae. Nuwun kunthing 06:50, 10 Januari 2007 (UTC)
-
- Ejaan Maneh
- Aku nyoba gawe paugeran fonetis kanggo gawe artikel perkara ejaan iki. Coba priksani atikelku ing Ejaan Basa Jawa mawa Tulisan Latin. Kepriye pamanggih panjenengan sedaya? kunthing 01:07, 11 Januari 2007 (UTC)
Wis apik. Aku nambahi ing kaca Pitulung:Cara nulis aksen. mung katoné, kaca sing paugeran didadèkaké siji karo Ejaan Basa Jawa mawa Tulisan Latin (btw, ngapa kok aksara T karo L nganggo aksara murda?) mengko sing nang éjaan Aksoro_éèó digabung waé anggoro 13:26, 11 Januari 2007 (UTC)
- Weh, aksara T & L murda kuwi ora duwe dhasar apa-apa. Ya mung marga ben diarani swara gedhe wae. Liyane iku, pas gawe ing MS Word, nemune aksara kuwi ^_^ hehehe... Sepurane dene aku durung nemu paugeran baku gawe simbol fonetis kaya mangkono. Yen umpamane ana paugeran sing luwih gumathok, diganti wae ora apa-apa.. kunthing 11:05, 2 Februari 2007 (UTC)
- wah, saya regeng....
- kok sajaké wis arep tekan kesepakatan nganggo pasang aksara taun 1991. Aku arep nyuwun tulung, mbok menawa ana sing kagungan artikel soal iki (pasang aksara 1991), isaa aku diwènèhi pranala menyang artikel babagan kuwi. Utawa artikel-artikel sing wis digawé pranalané ing ndhuwur kuwi uga klebu pasang aksara 1991?
- Nuwun
- wadhuh njaluk sepura, identitasé malah kliwat...
- rawé 16:00, 12 Januari 2007 (UTC)rawé
- Coba mriksani kaca iki. Meursault2004ngobrol 04:50, 13 Januari 2007 (UTC)
[sunting] Baku lan dhialèk
Mbiyèn nalika sapatemon karo Meursault2004, wong loro sarujuk yèn prakara éjaan iki kudu dituntasaké. Lik Slamet Serayu uga naté ngendika (liwat télpon) yèn manut-manut waé. Aku nyoba ndeleng apa kang katulis ing Ejaan basa Jawa ora resmi. Katoné sing Ejaan Jawa Kulonan lan Ejaan Jawa Timuran bisa kabusak. Piyé? (katoné aku lagi kejem, sawisé mbusak aksoro éèó) :)) angrembugan10:08, 15 Januari 2007 (UTC)
- Utawa dilebokaké ing artikel bab fonétika basa Jawa. Meursault2004ngobrol 10:10, 15 Januari 2007 (UTC)
[sunting] jeneng wong
aku lagi nambahi sithik paugeran ing perkara jeneng wong. sadurunge kedlarung2, becike digawe sing luwih prayoga paugern iki. sumangga yen ana sing arep dirembug ing babagan WP:PMAA. sueun ang pirembagan 29 Mei 2012 00.12 (UTC)