Wikipedia:Warung Kopi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Wikipedia:Bot policy)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gnome-edit-redo.svg WP:KOPI
WP:KOPI4L
Warung kopi

Sugeng rawuh para wikiwan saha wikiwati! Warung kopi puniki arupi satunggiling forum wonten pundi panjenengan sedaya saged maringi komentar punapa kémawon, saran utawi uneg-uneg. Kanggé masalah ingkang langkung njlimet panjenengan saged ugi langsung ngubungi para pengurus Wikipedia. Menawi panjenengan maringi komentar, sampun kesupèn ngetik ~~~~, kaping sekawan tandha ombak (tilde), supados jatidhiri panjenengan kaliyan tanggal panyeratan saged katingal. Matur nuwun.

Arsip (archive):

2004-2005 | 2006 | 2007-I 2007-II | 2008-I 2008-II | 2009 | 2010 | 2011

Liyané:

Dhiskusi bab basa | Dhiskusi Papat Limpad | Wikipedia:Dhiskusi Papat Limpad 2012


Bab lan Paragraf

[sunting] Aksara Jawa Unicode

Kanca-kanca, saiki dhewe wis bisa nulis nganggo aksara jawa lho! Coba: Panganggo:Bennylin

Petunjuke ana ing kene. Wis tak owahi sethithik, carane saiki luwih gampang. Tinggal disalin (Ctrl+C, Ctrl+V) aksara Jawane, trus ditambahi templat {{Aksara}}

Bennylin (guneman) 04:16, 13 April 2011 (UTC)

Matur nuwun mas, nanging ing komputerku ing kantor ora metu. Apa kudu diinstal dhisik font-né? Ing kantorku Wordpress ora kena dibuka :-( Meursault2004ngobrol 05:52, 13 April 2011 (UTC)
Aku ora instal apa-apa... mungkin Firefox-e sing lawas... Tak gawekne dhisik Wikipedia:Panulisan Aksara Jawa ing Wikipedia lan Templat:Nganggo Aksara Jawa. Bennylin (guneman) 06:15, 13 April 2011 (UTC)
Ing kantor aku nganggo IE 7. Meursault2004ngobrol 06:20, 13 April 2011 (UTC)
Aku golek ing internet ora ana katerangane... Padhahal aku nganggo IE 6.0 isa... Yen dicoba ing browser liya dhisik piye mas? Bennylin (guneman) 06:59, 13 April 2011 (UTC)
Nanging lagi mengko ing ngomah. Nganggo Blackberry ora metu apa-apa (kothak2 ireng). Meursault2004ngobrol 07:32, 13 April 2011 (UTC)
 :( Bennylin (guneman) 07:40, 13 April 2011 (UTC)


Nuwun sewu ndérék urun rembug, Cithakan {{Aksara}} jawa punika niyatipun saé supados gampil nulis aksara jawa nanging émané menika taksih ngagem font ingk mboten standar. Font JG Aksara Jawa Lite punika nganggé alamat2 unicode nanging sanés unicode aksara Jawa ing alamat A980-A9DF. Wondéné kadhang Bennylin Browseré saged nampilaken aksara Jawa amargi komputeré sampun ke install program Carakan. Menawi kadhang Meursault2004 browseré mboten nampilaken aksara jawi amarga mboten naté nginstall program Carakan ingk otomatis nambahaken font JG Aksara Jawa Lite teng komputer sing diinstall. Kula éstu-éstu mboten sarujuk menawi cithakan aksara punika ngganteni tulisan2 aksara jawa sing sampun wonten, amargi font punika sanes Font aksara Jawa sing ngagem paugeran Unicode aksara Jawa. Font Adjisaka kemawon taksih salah padahal sing ngripta nggih dados panitia lan narasumber Proposal unicode Aksara Jawa. Artikel sing kaubah ngangge Cithakan {{Aksara}} kula suwun dibalekaken malih teng seratan aslinipun. Mangga sami sinau malih babagan Unicode aksara Jawa. Nuwun. Empu rembugan 07:38, 13 April 2011 (UTC)
Oh... OK. Matur nuwun. Yen ing petunjuke para pembaca didhawuhi ngunduh font "JG Aksara Jawa Lite" pripun? soale gampang banget nulis nganggo program kuwi. Wikipedia Bugis wae kudhu ngunduh font lagi isa diwaca... Bennylin (guneman) 07:44, 13 April 2011 (UTC)
Wis tak balekne kabeh owah-owahanku. Bennylin (guneman) 08:05, 13 April 2011 (UTC)
Masalahé font iki ora manut paugeran Unicode 5.2.0 sing dadi standar baku Aksara Jawa. Kabéh font Aksara jawa/hanacaraka sing wis dirilis nang internet nggampangaké nulis aksara jawa ora ana sing angél. Nék nganggo font Adjisaka malah ora papa, sanajan ora bener 100% nanging pengalamatan unicodené luwih bener ketimbang JG Aksara Jawa Lite. Nek wis ora nganggo standar baku, nang Komputer wae esih bermasalah apamaneh nek antar Gadget/Gawai. Ana font sing wis nyedhaki 99,9% manut paugeran Unicode 5.2.0 nanging durung disupport aplikasi Windows kanthi penuh, nembe Linux lan OpenOffice. Empu rembugan 09:42, 13 April 2011 (UTC)

Nang iPad isih ora metu, hehehe. Sanko rembugan 09:01, 4 Mei 2011 (UTC)

nganti ana font sing disain unicode aksara jawane bener, ora ana aksara jawa sing bakalan metu liwat hape utawa gadget liyane. Krungu kabar font iki lagi digarap microsoft tahun iki, nek ana kadhang sedulur sing wis bisa gawe font iki, iku ya luwih apik. Sapa ngerti mengko aku ya bisa nggawe... Biggrin-smiley.svg. Empu rembugan 09:10, 4 Mei 2011 (UTC)

Yen font TuladhaJejeg ing situs http://sites.google.com/site/jawaunicode/download pripun? Bennylin (guneman) 30 November 2011 14.15 (UTC)

Miturut pangarange (ing berkas Panduan Pemakaian Font Unicode Aksara Jawa), mung ana 2 karakter sing bedha karo Unicode: "Fonta Tuladha Jejeg menggunakan bentuk aksara U+A996 CA MURDA dan U+A99E DDA MAHAPRANA yang berbeda dengan yang ada di tabel Unicode aksara Jawa yang resmi. Bentuk asli aksara CA MURDA dan DDA MAHAPRANA sudah hilang sehingga bentuk aksaranya hanya berupa rekaan." Yen ngono font iki isa dadi font standar ing Wikipedia Basa Jawa? Bennylin (guneman) 30 November 2011 14.20 (UTC)

Kula nerusake kabar sing kula terima liwat layang elektronik:

Sekedar memberi informasi. Peramban Mozilla Firefox 11 sekarang bisa menampilkan fonta Graphite. Jadi fonta aksara Jawa saya sekarang bisa ditampilkan dengan baik di Firefox.
Jika tertarik, saya sudah menulis cara mengaktifkannya di situs saya di sini (https://sites.google.com/site/jawaunicode/home/firefox_graphite). Kemudian lanjutkan dengan mengetesnya di halaman aksara Jawa di situs Alanwood (http://www.alanwood.net/unicode/javanese.html) [utawa Wikipedia:Unicode].
Wihananto

Wihananto iku sing nggawe font TuladhaJejeg. Bennylin (guneman) 21 Maret 2012 08.55 (UTC)

[sunting] Penggunaan Aksara Jawa pada Wikipedia Basa Jawa

Nuwun sewu, di sini saya ingin memeberikan usul. Menurut saya ada baiknya pada wikipedia basa jawa ini juga menggunakan aksara jawa, tidak hanya pada logonya. Karena hal itu juga berguna untuk kelestarian aksara jawa. Bila tidak ada usaha untuk pemakaiannya sejak saat ini maka lama-kelamaan aksara ini akan punah, dan tentu saja hal ini tidak diinginkan. Karena itu, saya menyarankan kepada segenap pengurus Wikipedia Basa Jawa untuk membuatnya dalam dua versi yaitu, versi latin dan versi hanacaraka. Sekian, Matur Nuwun. 125.163.176.176 2 Februari 2012 10.01 (UTC)

[sunting] KBJ V

Ora krasa wis limang tahun kepengker dianakna kongres Basa Jawa IV (KBJ IV) nang Semarang. Pas melu KBJ IV mbiyen nang Hotel Patra Jasa, akeh banget para kadhang seka praktisi, akademisi, birokrat lan masyarakat sutresna budaya Jawa sing ngrawuhi KBJ mau. Tahun iki KBJ V dianakna nang kutha Surabaya diwiwiti tanggal 27 nganti 30 Nopember 2011. Esih akeh PR sing durung kaleksanan nang jroning 5 tahun iki nanging tahun iki uga wis arep digawe rencana-rencana kanggo ngleluri, ngrembakaake budaya lan sastra Jawa kanggo 5 tahun ngarep. Sing tak rasa saiki esih kurang perhatian seka pamarentah 3 propinsi kanggo nguripaken basa Jawa kanggo Widya Basa mligine nang dunia IT sing saiki perkembangane cepet banget. Basa Jawa sing digawe nang dunia IT saiki nembe dikembangake sakpèrangan komunitas, durung ana pandhuan baku utawa seka lembaga sing kompeten sing kudune ngopèni basa Jawa. Apa maneh aksara Jawa, wis 2 tahun resmi nduweni register Unicode (artine aksara Jawa wis diakui lan diduweni masyarakat sak ndonya) durung nduwe font lan driver keyboard Aks Jawa sing baku, padahal nek wis nduwe font sing baku tahun 2011 iki kudune wis akeh (minimal wis ana) handphone utawa gadget sing bisa kanggo SMS-san utawa BBM-man sing nganggo aksara Jawa. Sing lucu maneh esih ana mahasiswa Sastra Jawa sing durung ngerti apa iku KBJ... apa tumon..?  eMpu  :: Caturan  01:08, 30 September 2011 (UTC)

Matur nuwun komentaré mas Empu, pancèn nyata nrenyuhaké. Padha ora rumangsa yèn ora sregeb gawé istilah menyang Baa Jawa suwé-suwé kabèh tembung kayadéné ing babagan IT lan tèknologi anyar liyané mung nyerep langsung saka Basa Indonésia utawa Basa Inggris, sumrambah uga ing tembung-tembung liya sing wis angèl digolèki ing kamus, amarga kamus-kamusé ora pepak Yèn kaya mangkono kahanané ora suwé manèh Basa Jawa bakal musna amarga ora ana sing nganggo manèh, utawa isih dianggo nanging istilahé/tembungé kabèh dumadi saka basa liya :(

Obsèsi kepingin duwé kateglo (kamus, tesaurus lan glosarium) basa Jawa, nanging apa aba ya sing arep ndhuwiki lan nglakoni?. Pras pirembagan 03:00, 30 September 2011 (UTC)

Niki KBJ V wis rampung. Apa ana sing teka lan bisa ngandhani hasile, terutama sing ana hubunganne karo IT? Aku maca ing situse KBJ V http://kbj5.com/ ora ana sing tentang teknologi, Wikipedia basa Jawa ming kasebut pisan.
Topik liyane: Ing Wikipedia basa Inggris aku maca http://en.wikipedia.org/w/index.php?title=Javanese_alphabet&oldid=460757902#History ana panganggo jenenge Y4n sing nggawe cithakan en:Template:Javanese_script sing ngongkon ngunduh http://sites.google.com/site/jawaunicode/download kanggo maca aksara Jawa ing halaman en:Javanese_alphabet. Napa font iki wis dadi font baku utawa standar basa Jawa ing komputer? Bennylin (guneman) 30 November 2011 10.06 (UTC)
Inggih leres, Aksara Tuladha jejeg sakmenika saktunggaling font ingkang sampun full support lan leres anggenipun rendering glyph aksara jawa standar Unicode 5.2 (Javanese). Emanipun aksara menika nembe ngangge format SIL dados dereng saged Universal panganggenipun, kadosipun sekedhap malih badhe medal versi Opentype ingkang langkung umum teng OS Windows, MacOS lan Linux.  eMpu  :: Caturan  21 Januari 2012 00.23 (UTC)
Ing Wiktionary basa Inggris kula nemu appendiks meniki: en:wikt:Appendix:Unicode/Javanese. Mugi-mugi ana gunane. Bennylin (guneman) 10 Desember 2011 20.05 (UTC)
Wikipedia:Unicode. Bennylin (guneman) 21 Maret 2012 10.12 (UTC)

[sunting] Aksara Jawa Akan Jadi Font Windows Dengan Nama “Ajisaka”

(id) http://id.berita.yahoo.com/aksara-jawa-segera-jadi-font-windows-025027257.html

(jv) http://pojoklambe.blogspot.com/2011/12/pojok-lambe-sabtu-kliwon-aksoro-jowo.html

Sugeng enjang dherek,

Wingi Jemuah, onok brita sing mbungahno ati, utamane gae wong-wong sing konsen ambek tresno ambek aksoro lan budaya Jowo. Ndhelokno nasib aksoro Jowo sing wis molai kukut polahe karek thitik sing nggae ditambah maneh lek jare arek nom aksorone mlungker-mlungker koyok ulo. Nang Kongres Boso Jowo kaping 5 sing dianakno nok Suroboyo tanggal 27 nganthek 30 Nopember winginane, Ki Demang Sokowetan salah siji pemerhati aksoro ambek boso Jowo njlentrekno lek mari ngene aksoro Honocoroko ate dilebokno dadi FONT-e Windows paling anyar, paling gak rong taun ngkas.

Iki dilakoni polae onok dukungan tekok UNESCO sing mandeng aksoro warisane Prabu Ajisaka iki kudu dilestarekno, polae wis tambah susut sing isok moco ambek nulis aksoro iki. Nah, diewangi ambek UNESCO mestie isok dadi tambahan kekuatan gae poro pakar piranti lunak sing pengen ngembangno maneh aksoro Jowo iki. Ki Demang Sokowetan yo njlentrekno maneh lek program sing diarani Font Ajisaka iki uakeh sing ngesir. Operator seluler barang yo pengen ngembangno cek wong-wong isok SMSan gae aksoro Jowo, terus barang uakeh ahli software tekok monconegoro sing pengen melok.

Tapi Ki Demang dhewe ngarepno lek peluncuran piranti lunak Jowo iki isok dianakno ndik Jowo ae, gak usah nok monconegoro. Lek pojoklambe dhewe setuju ambek melok bungah polahe aksoro Jowo iki masiyo nok daerah-daerah koyok Solo sik digae nang blabak-blabak embong, tapi gurung onok sensus sing isok ngitung onok piro se wong sing sik isok nulis nggae aksoro Jowo. Paling-paling lek digepuk roto ngono sing tuwek-tuwek ambek sing ancene minat pol ambek aksoro Jowo. Saiki jare Ki Demang Sokowetan, karek ngenteni pihak Microsoft gae nglebokno aksoro iki, soale lek wis mlebu, otomatis si Apel krowak alias Apple yo mesti melok.

Wis onok sakjane software sing nggae aksoro Jowo iki, cumak mugo-mugo lek wis mlebu Windows bakale luwih gampang gae wong-wong lek nulis opo ngetik. Mesisan gae nguri-uri maneh aksoro Jowo sing meh dilalekno ambek wong-wong Jowo jaman saiki. Diarepno, wong Jowo sakdunyo isok nulis-nulis ambek ngetik ambek aksorone dhewe. Mbuh Jowo Indonesia, Jowo Malaysia, Jowo Kaledonia nganthek dhulur-dhulur Jowo Suriname kabeh isok latian nulis Jowo luwih praktis lan gampang. Opo maneh jaman saiki kan jaman serba njaluk cepet.

Yuk kabeh podo nyambut karo bungah opo sing diolehi tekok Kongres Boso Jowo kaping 5 iki. Oleh-oleh nyenengno soale ngenteni bakal mlebue aksoro Jowo nang Windows, dadi cek gampang gak usah repot-repot maneh mikiri coro nulise. Tapi sing penting yo iku....pancet nguri-uri lestarine boso Jowo sak aksorone.

Sumber: antaranews.com

[sunting] Usul pangangkatan pangurus anyar ing Wiki jv

Para kadang sutresna Wikipedia abasa Jawa, aku ngusulaké pangurus anyar Wikipedia abasa Jawa ing kéné. Nyuwun pamrayoga lan pasarujukan. Matur nuwun. Pras pirembagan 18 Oktober 2011 00.06 (UTC)

Karepku aku ora usah milih, nanging telu-telunene dadi pengurus kabeh. Sapa maneh sing gelem ngurusi Wikipedia Jawa nek dudu kanca-kanca sutresna Basa Jawa, mligine seka mahasiswa utawa Dosen sastra Jawa. Ya ta.? Smiley.png.  eMpu  :: Caturan  18 Oktober 2011 03.48 (UTC)

Bener mas Empu, pancen kaya mangkono sing dipikarepake, bisa dipilih kabeh kok. Matur nuwun. Pras pirembagan 18 Oktober 2011 03.59 (UTC)

Ndherek matur para kadang. Kula sarujuk kaliyan Kangmas Smiley.png.  eMpu  :: Caturan . Sedaya dipundadosaken pangurus mawon. Supados WBJ tambah gayeng. Nanging inggih kedah dipunpirsani kinerjanipun, sae menapa kirang sae. Ngapunten, matur nuwun.  Chafid Coat of Indonesia.pngcaturan (UTC)

Ayo ayo sing durung maringi swara ing pamilihan pangurus anyar diantu-antu. Matur nuwun.Pras pirembagan 23 Oktober 2011 22.24 (UTC) Oh iya panggonane ing kéné. Matur nuwun.Pras pirembagan 23 Oktober 2011 22.26 (UTC)

[sunting] Artikel ing WBJ dimupangatake kangge modul kerja siswa pelajaran Basa Jawa,SD,SMP lan SMA

Nuwun sewu.

Kepareng matur, menawi artikel ing WBJ sampun dimupangatake kangge modul kerja siswa ing pelajaran Basa Jawa,SD,SMP lan SMA (LKS) khususé ing dhaérah Pantura (Jawa Tengah).Salah sijine artikel ingkang didadosake tethanding/lelomba kanggo mrigati Sasi Basa (Bulan Bahasa) se-karisidenan Pati salah sijine Cerkak Cinta Monyet.Artikel cerkak iki kajupuk saka Wikipédia,Ènsiklopédhia Bébas ing basa Jawa/Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi.Ananging artikel Cinta Monyet kok ora ana ing WBJ? matur nuwun.


Tuladha Cerkak Cinta Monyet.

[sunting] Galeri

Mas Pur, crita kuwi biyen tak amot ing WBJ jan-jane kanggo menehi ilustrasi ing artikel "Dhialek Blora", nanging crita cekak ora kena diamot ing Ensiklopedia (Wikipedia) dadi dipindah menyang kaca panganggoku lan sabanjure tak busak. Crita-crita sajinis isih akeh mengko yen ana kalodhangan bisa diterbitake minangka kumpulan cerkak. Matur nuwun informasine. Pras pirembagan 24 Oktober 2011 14.25 (UTC)

Sami-sami Pak Pras lan Matur nuwun Sedaya Panjelasanipun, kula sarujuk menawi diterbitake malih, amargi ngadahi mupangat kangge pambelajaran ana ing bangku sekolah.Ugi tasih katah artikel-artikel ingkang sampun kamuat ing Modul Pambelajaran Bahasa Jawa, tuladha:Artikel Kabupaten Blora,Tokoh Asal Blora, Basa Jawa Dialek Blora, Obsesi, Tayuban,Kentrung, Barongan,Wayang Krucil, Aksara Jawa,Sugriwa Gagak Rimang lan isih akeh maneh.Matur nuwun.Salam Taklim.Puryono 24 Oktober 2011 21.37 (UTC)

Kanggo sauntara, sawetara tulisan jroning dhialèk Blora wis tak amot ing Inkubator Wikibook basa Jawa, sapa ngerti bisa nyumbang dadi bahan pasinaon basa Jawa. Mangga diaturi niliki. Matur nuwun.Pras pirembagan 25 Oktober 2011 10.58 (UTC)

Nuwun sewu, hehe, kula mboten nyangka menawi critane Cinta Monyet kuwi lucu sanget, Pak. Mboten heran menawi didadikake salah sijine artikel tethanding. Salam taklim, Naval Scene pirembagan 25 Oktober 2011 12.01 (UTC)
Matur nuwun pak Pras.Pangestunipun. PL09Puryono| Pirembagan! 25 Oktober 2011 19.23 (UTC)

[sunting] Sitenotice

MediaWiki:Sitenotice pun saged diudhukake? Bennylin (guneman) 30 November 2011 10.07 (UTC)

[sunting] Istana

Istana iku manawa tembung basa Indonésia, beciké diganti nganggo cara Jawa. Ana sawetara pilihan:

  1. Kadhaton. utawa kedhaton, loro-lorone tegese daleme ratu
  2. Astana, sing tegesé 1. kraton 2. kuburané raja
  3. Puri, sing miturut kamus tegesé 1.kadhaton; kraton 2. bètèng.
  4. Pilihan liya??

Nyuwun pamrayoga. Pras pirembagan 9 Desember 2011 07.59 (UTC)

Yen "keraton" utawa "kraton" saged mboten pak? Kraton Osaka, Kraton Pagaruyung, Kraton Ratu Bangkok, lsp. Bennylin (guneman) 10 Desember 2011 20.07 (UTC)

Matur nuwun pamrayogane om Benny, jan-jane kuwi ya padha maknane, nanging kepriye mengko ya tumrape istana sing ora panggonan raja utawa ratu, tuladha: Istana Presiden, Istana Bogor, Istana Tampaksiring, Istana Cipanas lsp? Apa dipadhakake wae? Apa dibedakake yen panggon raja,ratu utawa kaisar ditulis 'kraton/kedhaton' lha yen dudu panggon raja, ratu utawa kaisar ditulis 'puri', tuladha Puri Tampaksiring? Kepriye panemune para kanca liyane? Matur nuwun.Pras pirembagan 10 Desember 2011 21.16 (UTC)

[sunting] Kategorisasi cithakan lisènsi

Nyuwun tulung kapurih sedaya cithakan ingkang kalebu cithakan lisènsi berkas utawi gambar lan kategori ingkang ngandung isi cithakan lisènsi dipun kategori-aken dados setunggal kategori utama. Suwun.. ArdWar pirembagan 22 Desember 2011 07.11 (UTC)

[sunting] Untuk Pengurus:Pembukaan Keanggotaan Baru Wikimedia Indonesia

Halo Pengurus,

Pada tanggal 31 Januari hingga 15 Februari 2012, Wikimedia Indonesia akan membuka kembali pendaftaran keanggotaan baru. Untuk itu, saya ingin meminta izin dan memohon bantuan dari para pengurus untuk memasang site notice selama tanggal tersebut dengan pranala menuju Halaman Keanggotaan dan menyertakan kontak info@wikimedia.or.id untuk mendaftar dan mendapatkan informasi lebih lanjut.

Terima kasih. 06Ivonne pirembagan 23 Januari 2012 16.32 (UTC)

Ok, kita tunggu draft site-notice nya nanti kita terjemahkan dan pasang pada waktunya. Salam.Pras pirembagan 23 Januari 2012 21.16 (UTC)

[sunting] Papad Limpad II

Sawise kasil ngrampungake kompetisi nulis ing Wikipedia abasa Jawa Papad Limpad iki ana gagasan kanggo nganakake kompetisi Papat Limpad maneh (Papart Limpad II) sing luwih jembar tebane yaiku yen bisa ngajak warga saka UNNES, IKIP PGRI, UNS (Universitas Sebelas Maret), UGM lan Universitas Satyawacana (yen ana jurusan basa Jawane).

Nuwun...Kula nggadhahi kanca beasiswa ing UI, UGM, UNY, UNS, MCU, Unpar, Unpad, UKSW... mbok menawi mangke saged kangge nggampangaken publikasi,,,JV057PANGESTIKA pirembagan 16 Februari 2012 11.41 (UTC)

Bab iki kasurung dening wis anane calon panitya sing pengalaman yaiku mantan panitya lan para pamenang kompetisi Papat Limpad I lan lokasine Universitas-universitas mau sing ora pati adoh. Kanthi anane kompetisi Papat Limpad II diangkah Wikipedia abasa Jawa bakal luwih sumrambah lan luwih regeng.

Yen para kanca padha sarujuk ayo padha diusulake menyang Wikimedia Indonesia lan sabanjure marang Wikimedia Foundation.

Piye kira-kira apa para kanca padha sarujuk? Apa para mantan panitya lan juwara PLI kabeh padha siap nyengkuyung? Nyuwun pamrayoga. Maturnuwun.Pras pirembagan 15 Februari 2012 14.28 (UTC)

Matur nuwun Pak Pras, WBJ ajeng gadah damel gedhé menika ugi kedah dipunpersiapake kanthi sae.Nuwun patunjuk Pak Pras ingkang enggal-enggal dipunpersiapake.X-Panitia lan para jawara kedah enggal-enggal kempal menika.Sepindah malih nuwun bimbinganipun.Matur sembah nuwun.Salam Taklim. Puryono| Pirembagan! 15 Februari 2012 14.53 (UTC)
Sedaya jawara PL I sampun kawula sms..Sawetara balesan saking Mbak Arum (sarujuk), Mas Chafid (sarujuk), Mbak yayu (dereng wonten balesan) kaliyan Mbak pangestika.Matur nuwun. Puryono| Pirembagan! 15 Februari 2012 15.05 (UTC)

Kula sarujuk sanget...ditambah malih, niki Mas Moel ugi makarya wonten ing Semarang...dados saged nyuwun pambiyantu babagan sanes ingkang dereng paham. Menawi siyos kedah enggal-enggal dipunrembag sareng-sareng langkahe pripun, pengajuan proposal kerjasama kaliayan universitas-universitas sanes, sosialisai lomba, lan pelatihan calon peserta. Nuwun. SIGIT link=:jv::Dhiskusi Panganggo:PL 05 SIGIT rembugan 15 Februari 2012 15.27 (UTC)

Nuwun, badhe ndherek matur kangmas. Kula sarujuk kaliyan kangmas Pur lan kangmas Sigit, sedaya kedah dipunsiapaken rumiyin supados sukses.

Mugi sedaya saged nyengkuyung. Nyuwun bimbinganipun kangmas. Matur nuwun. :D JV015Chafid pirembagan 15 Februari 2012 15.39 (UTC)

Walah... ide Mas Sigit Sae Sanget ugi sedaya menawi guyub rukun nambahi semangat nggih..mugi-mugi saget kalaksanan.Matur sembah nuwun kagem sedaya. Puryono| Pirembagan! 15 Februari 2012 15.48 (UTC)
Nuwun sewu,rencana tethandinganipun kelompok antar universitas utawi individu mahasiswa.X-panitia PL 1 lan para Jawara kadosipun sampun siap.Miturut pengalaman ing Proyek PL 1 sedaya ingkang ndadosake masalah ting jaringan Hot spot (UNNES).Pengalaman peserta menawi saking mahasiswa saking jurusan jarak kangge obyak-obak (mengingatkan Untuk menyunting).Menawi pesertanipun kelompok (dibawah pengawasan Universitas utawa Jurusan/HMJ) saget langkung rame.Menika konjuk gambarankemawon.Matur nuwun. Puryono| Pirembagan! 16 Februari 2012 00.45 (UTC)


Sarujuk sanget menawi wonten inisiatif menika, Pak, Mas, Mbak! :-D Langkah-langkahipun ndamel tetandhingan, miturut PL 1 rumiyin, inggih menika:

  1. Fase I :
    1. Proposal / penggalangan dana / pandhaptaran panitia
    2. Logistik lan perencanaan (konsep lan sosialisasi lomba)
    3. Lobi lan negosiasi ing paguron inggil kagem peserta lan juri
    4. Pelatihan kagem peserta lan juri
  2. Fase II :
    1. Dina pambukaan
    2. Konferensi pers lan siaran pers
    3. Lomba
    4. Penjurian 1, 2, 3
  3. Fase III :
    1. Dina penghargaan / panutupan
    2. Konferensi pers lan siaran pers

Menawi kersa sumangga dipunrembag dening para kadang sedaya kala rincianipun tigang fase menika. Salam taklim, Naval Scene pirembagan 16 Februari 2012 08.41 (UTC)

  1. Sarujuk kaliyan Naval Scene. Juri saged dipunpendhet ingkang netral (sanes dosen).
  2. Nanggepi usulan mas Pur, lomba tetep antar individu, nanging mahasiswa menika ingkang milih universitas, saben universitas badhe ngajokake sinten. Saking menika mahasiswa gadhah raos tanggung jawab kangge njunjung nama Universitas. Dados ingkang dipun pilih saking Universitas menika ingkang pethingan.

Nuwun SIGIT link=:jv::Dhiskusi Panganggo:PL 05 SIGIT rembugan 16 Februari 2012 08.55 (UTC)

Sae sanget menawi pesertanipun langkung saking setunggal universitas (menawi dananipun wonten ditambah kutha sanesipun kados Sala, Jogja, Purwokerto), bobot kompetisinipun langkung kompetitif. Menawi saged ugi ngawontenaken kuisioner kagem para peserta(calon panitia) sakderenge kompetisi diwiwiti, isinipun: (tuladha)
  • Komputer yang Anda gunakan: - milik sendiri, -sewa, -milik teman
  • Berapa lama Anda mengakses internet tiap harinya, - >5 jam, - 1 s/d 5 jam, < 1jam, - tidak tentu
  • Koneksi internet yang Anda gunakan, -hotspot publik, - koneksi berbayar, - keduanya
  • Sumber pertama mengenal Wikipedia, -dari teman, -search engine, -buku/majalah, -dosen,
  • Anda memiliki website/weblog pribadi? ya/tidak

Saking kuisioner menika panitia nggadahi gambaran kahanan lan kemampuan calon peserta.  eMpu  :: Caturan  20 Februari 2012 07.01 (UTC)

Matur sembah nuwun Pak Empu sumbangan ide lan gagasan, kuisioner kedah diperlukake karana saben Universitas satunggal lan sanesipun kahanan mahasiswanipun dereng kita makertosi.Kula sarujuk.Salam Taklim Puryono| Pirembagan! 20 Februari 2012 07.27 (UTC)
Matur nuwun Pak Ichsan. Puryono| Pirembagan! 16 Februari 2012 09.11 (UTC)

kula sarujuk, nanging dipun wiyaraken malih supados mboten namung saking sastra jawi kemawon. suwun ang pirembagan 16 Februari 2012 10.55 (UTC)


Pak Pur...kula dereng dipunkabari (sms) lho Pak ngenani papat limpat 2 menika...hehe...kula sarujuk...Universitas Kristen Satya Wacana mboten wonten jurusan basa Jawinipun ananging ing jurusan sejarah UKSW ugi wonten mata kuliah ngenani sastra JawaJV057PANGESTIKA pirembagan 16 Februari 2012 11.35 (UTC)

Matur nuwun Mbak Pangestika, nuwun pangamputen kawula supe ugi nuwun pambiyantunipun dateng Papat Limpad II.Suwun Puryono| Pirembagan! 16 Februari 2012 22.08 (UTC)

Nuwun sewu, kepareng ndherek matur. Kula badhe nyuwun pirsa ngenani peserta. Peserta menika dipunpendhet saking sedaya Universitas ingkang wonten basa Jawa? Menapa namung ting lingkup Jawi Tengah kaliyan Yogya kemawon? Ngapunten. Maturnuwun.  Ihda  Crown.png rembugan 17 Februari 2012 01.12 (UTC)

[sunting] Papat Limpat II

Ngenani usul saking Pak Pras inggih menika dipunwontenaken papat limpat 2 ing taun 2012 kula sarujuk sanget, saderengipun kedah wonten publikasi ingkang sae saengga calon peserta nggadhahi antusias kangge ndherek kompetsi menika..nuwun JV057PANGESTIKA pirembagan 16 Februari 2012 11.31 (UTC)

Nuwun......., kula inggih sarujuk sanget kaliyan rencana menika.JV089Yayu pirembagan 24 Februari 2012 14.53 (UTC)

Kula ugi sarujuk dhumateng usulipun Pak Pras. Nanging kula dèrèng saged mbiyantu kathah amargi kembar sapunika dèrèng saged dipunsambi. Kula upadosaken mbiyantu sasaged-sagedipun. Matur nuwun. Salam. Tracy pirembagan 28 Februari 2012 18.26 (UTC)

[sunting] Artikel Peserta PL 1

Nuwun sewu sedaya, nderek usul sekedik, menawi wonten wedal sumangga sesarengan ngerapakake artikel-artikel para paserta PL1.Supados ting PL2 calon peserta kersane mboten binggung.Semangat PL2.Matur nuwun Puryono| Pirembagan! 15 Maret 2012 18.30 (UTC)

nggih mas, matur nuwun

JV015Chafid pirembagan 20 Maret 2012 03.48 (UTC)

Sarujuk mas, iki pancen sakjane tanggung jawab panitya sing durung rampung, ayo dikroyok rame-rame :) Pras pirembagan 20 Maret 2012 04.28 (UTC)

Sarujuk pak. Semangaaaattt.... Onigiri cheerleader.gif  Ihda  Crown.png rembugan 27 Maret 2012 12.47 (UTC)

Inggih sakedhik-sakedhik :-) Meursault2004ngobrol 15 April 2012 08.01 (UTC)

[sunting] Font Carakan Anyar

Usul artikel mawi aksara Jawa saking Pak Wahyu Wijaya Tirtariga. Ing ngandhap puniki cotonipun:

ꦺꦆꦾ

ꦆꦁꦙꦹꦃꦺꦁꦚꦾ


꧎ꦺꦆꦾꦀꦶꦆꦸꦺꦀꦻꦏꦥꦷꦁꦁꦚꦷꦀꦶꦁꦿꦇꦉꦾꦇꦶꦌꦶꦀꦶꦁꦞꧏꦸꦇꦶꦄꦼꦄꦐꦺꦈꦇꦄꦺꦐꦻꦅꦼꦐꦃꦶꦼꦺꦇꦏꦄꦿ

ꦏꦷꦉꦝꦶꦀꦇꦶꦁꦷꦁꦛꦶꦇꦿꦄꦁꦚꦶꦑꦎꦸꦊꦁꦇꦿ꧌

Supaya bisa maca neng webbrowser kang nggunakake aksara Jawa, para sedulur kudu masang(instal) font Carakan Anyar menyang sajroning Windows. Dene pranala kanggo ngundhuh font mau yaiku :

https://sites.google.com/site/hanacarakan/font/Carakan-Anyar-Rev-01D.ttf?attredirects=0&d=1

Salah sawijining paguyuban (grup) facebook kang nyengkuyung adeging aksara Jawa yaiku: Sinau Nulis Jawa ing pranala: http://www.facebook.com/groups/159027967494467/

Ing papan mau ana katrangan (panduan) carane nginstal font carakan anyar, jangkep lan keyboarde.

Tulisane kok ora muni ya?? ꦺꦆꦾ iki apa muni tèh? Sakbeneré aku sarujuk anané artikel nganggo aksara carakan, nanging kudu sing cetha lan gampang diwaca tumrap para 'pemula'. Banjur diwènèhi kategori sing mligi kanggo artikel ing tulisan aksara Carakan. Pras pirembagan 1 April 2012 03.03 (UTC)

Masalah kompatibilitas font carakan pancèn lumayan sensitif, mergané kabèh mau ana gandhengané karo OS lan browser. Solusine para pengurus sing duwe wenang (mligine kadhang birokrat utawa sisop WBJ) kudu masang font iki nang sistem Wikiphedia. Tapi aku ya ora ngerti apa iki bisa kelakon. Nek ora ya kaya tulisane kadhang Pras, artikel sing ngandhut aksara jawa kudu nduweni kategori dhewe lan katrangan tambahan.  eMpu  «Caturan»  8 April 2012 00.46 (UTC)

[sunting] Aksara Bugis Sudah dipakai di wikipedia,, aksara Jawa kapan?

Aksara Bugis di Wikipedia
Wikipedia-logo-jawa.png

Screenshot wikijawa.png

InsyaAllah ing masa ngarep ana artikel kang nganggo aksara carakan. Nanging yèn sedulur ngetutaké perkembangan Wikipedia basa Ugi, aksara Bugis nyatané malahan dadi alangan kanggo kontribusiné para panganggo Wikipedia kasebut. Para pangurus lan pangganggo Wikipedia basa Ugi sing mung sithik kuwi arep ngowah manèh ing aksara Latin, sebabé iku aksara sing luwih praktis dienggo para panutur ibu basa Ugi. Bèn artikel-artikel Wikipedia sing dawa-dawa isiné gampang ditulisaké. Mung iki panemuku kemawon. Matur nuwun, Naval Scene pirembagan 9 Mei 2012 07.41 (UTC)

Insyaallah,, sekiranya nanti ada yang mentransformasikan artikel yang ada di wikipedia bahasa jawa kedalam aksara jawa, mohon diberi ruang dan izin untuk memposting dan ikut nimbrung dalam jv.wikipedia.org dan hanya menumpang link pada artikel yang sudah ada --> TIRTARIGA PIREMBAGAN 09 Mei 2012.

[sunting] Artikel mawa basa krama

Aku pengin usul urun rembug supaya artikel-artikel sing wis tinulis ing ngoko aja ditulis ulang ing krama. Menawa artikel diwiwiti ing ngoko ya diterusaké ing ngoko, menawa diwiwiti ing krama ya diterusaké ing ngoko. Akèhé sing takdelengi dicampur. Meursault2004ngobrol 26 Mei 2012 02.03 (UTC)

[sunting] Panyuwunan swara alih hak opsis tgl 1 Juni 2012

Wara-wara saka mas Revo: Ing tanggal 4 November 2011, ana pangurus anyar telu diangkat. Nanging amerga ana pangurus telu anyar iki diangkat, gunggungé pangurus ing Wikipédia Jawa dadi saya akèh lan sacara rélatif dadi luwih gedhé. Supaya ora disrengeni Wikimedia Foundation menawa cacahé opsis akèh banget, mula sawisé rerembugan karo sawetara panganggo sacara ‘’offline’’ (jaba jaringan) aku ngajokaké supaya hak opsis panganggo loro sing kapacak ing ngisor iki, dialihaké dhisik marang panganggo anyar telu sing 6 sasi kapungkur diangkat. Menawa rong panganggo iki aktif manèh, mengko hak opsisé bisa diparingaké manèh.

Panyuwunan swara diwiwiti tanggal 1 Juni 2012 lan dipungkasi ing tanggal 15 Juni 2012. Ing tanggal 16 Juni 2012 mengko diputusaké kasilé panyuwunan swara iki. Sok sapaa sing tanggal 1 Juni wis nggabung minimal 1 minggu lan wis ndarbèni suntingan 30 iji utawa sadurungé iki naté mèlu panyuwunan swara ing Wikipédia abasa Jawa, olèh mèlu maringi swara.

Kaca panyuwunan swara ana ing kéné. Ayo sing wis bisa mèlu mènèhi swara padha ngisi, wiwit tanggal 1 Juni 2012 dina Jemuwah. Matur nuwun.Pras pirembagan 30 Mei 2012 13.53 (UTC)

[sunting] Update on IPv6

Wikimedia Foundation RGB logo with text.svg

(Apologies if this message isn't in your language. Please consider translating it, as well as the full version of this announcement on Meta)

The Wikimedia Foundation is planning to do limited testing of IPv6 on June 2-3. If there are not too many problems, we may fully enable IPv6 on World IPv6 day (June 6), and keep it enabled.

What this means for your project:

  • At least on June 2-3, 2012, you may see a small number of edits from IPv6 addresses, which are in the form "2001:0db8:85a3:0000:0000:8a2e:0370:7334". See e.g. w:en:IPv6 address. These addresses should behave like any other IP address: You can leave messages on their talk pages; you can track their contributions; you can block them. (See the full version of this announcement for notes on range blocks.)
  • In the mid term, some user scripts and tools will need to be adapted for IPv6.
  • We suspect that IPv6 usage is going to be very low initially, meaning that abuse should be manageable, and we will assist in the monitoring of the situation.

Read the full version of this announcement on how to test the behavior of IPv6 with various tools and how to leave bug reports, and to find a fuller analysis of the implications of the IPv6 migration.

--Erik Möller, VP of Engineering and Product Development, Wikimedia Foundation 2 Juni 2012 01.06 (UTC)

Distributed via Global message delivery. (Wrong page? Fix here.)

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès