Widji Thukul
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 96 dinten 1096 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Widji Thukul, utawi ingkang gadhah nama asli Widji Widodo inggih salah satunggaling sastrawan saha pujangga lan aktivis ing Indonésia ingkang miyos wonten ing kampung Sorogenen, Solo, ing tanggal 26 Agustus 1963. Widji Thukul miyos saking kulawarga tukang becak. Déné piyambakipun sampun remen nyerat puisi wiwit SD saha remen kaliyan dunya téater nalika sekolah ing SMP. Sareng kaliyan klompok Teater Jagat ipun, piyambakipun sampun naté dados pengamen puisi ingkang mlebet kampung saha kitha saking kampung setungga dhateng kampung sanѐsipun. Widji Thukul ugi sampun naté gesang kanthi dodolan koran, dados calo karcis bioskop, saha dados tukang pelitur ing satunggaling perusahaan mebel. Sasampunipun rampung saking sekolah SMP, Widji Thukul lajeng nerasaken sekolah ing Sekolah Menengah Karawitan Indonesia (SMKI) Solo jurusan tari ngantos kelas kalih amargi boten gadhah arta.
Bab lan Paragraf |
Padamelanipun[sunting]
Senajan boten gadhah arta kanggé nerasaken sekolahipun, Widji Thukul taksih aktip mentasaken kegiatan teater saha nglukis kaliyan laré- laré ing kampungipun ing Kalangan, ing papan anggѐnipun piyambakipun saha garwa lan putra- putranipun sami lenggah. Ing taun 1994, sampun naté kadadosan aksi saking tani ing Ngawi, Jawa Wétan lan piyambakipun ingkang mandhegani masa kasebat saha ngawontenaken orasi saéngga piyambakipun dipuncekel polisi saha dipungebuki kaliyan militer.
Asiling Karya[sunting]
Wonten tigang sajakipun Widji Thukul ingkang misuwur saha dados sajak wajib ing saben aksi- aksi demonipun, inggih punika Peringatan, Sajak Suara, saha Bunga dan Tembok (ingkang sedayanipun kapacak wonten ing antologi "Mencari Tanah Lapang" ingkang dipunwedalaken déning Manus Amici, Walanda ing taun 1994. Ananging sejatosipun antologi kasebat dipunwedalaken kanthi kerjasam KITLV saha penerbit Hasta Mitra, Jakarta.
- Kekalih kempalan puisinipun inggih punika : Puisi Pelo saha Darman lan sanes- sanesipun ingkang dipunwedalaken dening Taman Budaya Surakarta.
- Puisi: Bunga dan Tembok [1]
- Puisi: Peringatan [2]
- Puisi: Kesaksian [3]
Prestasi dan penghargaan[sunting]
- 1989, piymbakipun sampun nate dipunundhang wonten ing Kedubes Jerman ingkang mapan wonten ing Jakarta dening Goethe Institut.
- 1991, piyambakipun sampun nate ngamen wonten ing Pasar Malam Puisi (Erasmus Huis; Pusat Kebudayaan Walanda, Jakarta).
- 1991, piyambakipun pikantuk Wertheim Encourage Award ingkang dipuncaosaken Wertheim Stichting, Walanda, sesarengan kaliyan WS Rendra.
- 2002, pikantuk penghargaan "Yap Thiam Hien Award 2002"
- 2002, setunggaling film dokumenter ngenging Widji Thukul ingkang dipundamel dening Tinuk Yampolsky.