Whitney Houston
| Whitney Houston | |
|---|---|
| Informasi latar wuri | |
| Jeneng lair | Whitney Elizabeth Houston |
| Pati | 12.2.2012 |
| Pegawéyan | Penyanyi, aktris, produser film, model |
| Instrumèn | Vokal, piano |
| Taun aktif | 1977–2012 |
| Label | Arista |
| Situs wèb | www.whitneyhouston.com |
Whitney Houston (lair ing Newark, New Jersey, Amerika Serikat, 9 Agustus 1963 – tilar donya 11 Februari 2012 kanthi yuswa 48 taun) dheweké kuwi penyanyi pop lan R&B, artis, produser rekaman, penulis lagu lan mantan model Amerika Serikat, kasuksèsané nggawe motivasi kanggo para penyanyi Afrika-Amerika liyané, kayata saka kaum wanita kanggo sukses ning donya hiburan tarik swara, Whitney kondhang ning donya hiburan dadi penyanyi, debut albumé dirilis ning taun 1985, lan amarga tembang You Give Good Love, Whitney Houston bisa mlebu ning tangga lagu Billboard Hot 100. [1]
Sakwisé kuwi, piyambake uga sukses kanthi tetembangan kang judhulé Saving All My Love for You, How Will I Know lan Greatest Love of All.[1] Tetembangan mau mapan ing pucuk tangga ning Amerika Serikat.[1] Whitney Houston nduweni idhola saka donya musik, dheweké andadekaké Loleatta Holloway kanggo sumber inspirasi anggoné makarya.[2]
Nalika taun 1980-an, Whitney Houston uga tau meluni audisi supaya bisa mlebu ning acara The Cosby Show, sanajan akhiré kalah karo aktris Sabrina Le Beauf. [1] Dheweké tau uga tampil ning acara (episode) Gimme a Break bebarengan karo Nell Carter lan episode Silver Spoons bebarengan karo Rick Schroder, sadurungé kuwi Whitney Houston wiwit ngerilis dhebuté.[1]
Babagan prakara kauripané, Whitney Houston tau palakrama karo penyanyi R&B kang namané Bobby Brown nalika taun 1992. [1] Saka perkawinané karo Bobby Brown, nalika tanggal 4 Maret taun 1993 lair anaké kang pisanan.[1] Anaké kang pisanan mau wadon lan dijenengi Bobbi Kristina Houston Brown. [1] Ananging Whitney Houston lan Bobby Brown akiré pegatan.[1] Sakloron sah anggoné pegat nalika tanggal 13 September taun 2006.[1]
Bab lan Paragraf |
Tilaré [sunting]
Dina Setu 11 Februari 2012, Whitney Houston dilaporaké tilar donya ing kamar siram hotel ing Beverlly Hills.[3][4] Kabare Whitney Houston overdhosis obat-obatan jinis kokain.[3] Sadurunge seda kang kontrovêrsial iku, Houston dikabaraké lagi mbudidaya nglawan ketagihane marang obat-obatan.[3] Jenasah Whitney Houston dimakamaké ing jèjèré makamé bapake John Russell Houston Junior, ing New Jersey.[4]
Diskografi [sunting]
Album Studio [sunting]
- 1985: Whitney Houston
- 1987: Whitney
- 1990: I'm Your Baby Tonight
- 1998: My Love Is Your Love
- 2002: Just Whitney
- 2003: One Wish: The Holiday Album
- 2009: I Look to You
Soundtrack [sunting]
- 1992: The Bodyguard
- 1995: Waiting to Exhale
- 1996: The Preacher's Wife
Kompilasi [sunting]
- 2000: Whitney: The Greatest Hits
- 2001: Love, Whitney
- 2004: Artist Collection: Whitney Houston
- 2007: The Ultimate Collection
Video/DVD [sunting]
- 1986: Number One Video Hits
- 1991: Star Spangled Banner
- 1991: Welcome Home Heroes
- 1994: Concert for a New South Africa
- 1997: Classic Whitney Concert
- 1999: VH1 Divas Live '99
- 2000: The Greatest Hits
- 2000: Fine
- 2002: Whatchulookinat Video/Whatchulookinat Behind-the-Scenes Footage/Love to Infinity Megamix Video
- 2004: Artist Collection: Whitney Houston
Filmografi [sunting]
| Tahun | Judul | Peran | Ket |
|---|---|---|---|
| 1984 | Gimme a Break! | Rita | "Katie's College" (Season 3, Episode 20) |
| 1992 | The Bodyguard | Rachel Marron | Utama |
| 1995 | Waiting to Exhale | Savannah Jackson | Utama |
| 1996 | The Preacher's Wife | Julia Biggs | Utama |
| 1997 | Rodgers & Hammerstein's Cinderella | Ibu Peri | digawe kanggo(ABC) |
| 2003 | Boston Public | Sebagai dirinya sendiri | Kameo |
| 2004 | Nora's Hair Salon | Sebagai dirinya sendiri | Kameo |
Sebagai produser
| Tahun | Judul | Ket |
|---|---|---|
| 1997 | Rodgers & Hammerstein's Cinderella | produser eksekutif |
| 2001 | The Princess Diaries | produser |
| 2003 | The Cheetah Girls | produser eksekutif |
| 2004 | The Princess Diaries 2: Royal Engagement | produser |
| 2006 | The Cheetah Girls 2 | produser eksekutif |
Tur konser [sunting]
- 1986: Greatest Love Tour
- 1987: Moment of Truth World Tour
- 1991: I'm Your Baby Tonight World Tour
- 1993: The Bodyguard World Tour
- 1999: My Love Is Your Love World Tour
- 2009: TBA
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j (id)biografi Whitney Houston diaksès tanggal 29 Juli 2011
- ^ (id)berita Whitney Houston dipununduh tanggal 29 Juli 2011
- ^ a b c (id)Biografi Whitney Houston: Suara 5 Oktaf hingga Kokain dipunundhuh tanggal 21 Februari 2012
- ^ a b (id)Keluarga dan Kawan Dekat Hadiri Pemakaman Whitney Houston dipunundhuh tanggal 21 Februari 2012