White Lion
| White Lion | |
|---|---|
![]() White Lion
|
|
| Latar wuri | |
| Asal | New York City, New York, Amerika Serikat |
| Génré | Glam metal, hard rock, Heavy metal |
| Taun aktif | 1983–1991 1999–saiki |
| Label | Atlantic, Frontiers |
| Magepokan karo | Mabel, Freak of Nature, Pride & Glory, Megadeth, Anthrax, Zakk Wylde, Black Sabbath, AntiProduct, Alice Cooper, Y&T |
| Anggota saiki | |
| Mike Tramp Jamie Law Troy Patrick Farrell Claus Langeskov Henning Wanner |
|
| Tilas anggota | |
| Vito Bratta James LoMenzo Greg D'Angelo Felix Robinson Nicki Capozzi Dave Spitz Dan Hemmer Kasper Damgard Nils Kroyer Bjarne T. Holm Tommy T-Bone Caradonna Jimmy DeGrasso Bruno Ravel |
|
White Lion yaiku grup musik hard rock/heavy metal kang asalé saka Amerika Serikat/Denmark lan dibentuk ning New York nalika taun 1983 dening Mike Tramp lan Vito Bratta, grup musik iki aktif nalika taun 1980an lan awal taun 1990an, Ning awal kariré, White Lion nglewati dalan kang ora mulus ning awal kariré. [1] Albumé kang kaping pisanan , judulé FIGHT TO SURVIVE ora sida dirilis.[1] Amarga Elektra Records tempaté grup musik iki naung ora puas karo album kang digawe dening grup musik iki.[1] Untungé RCA nuli njukut album iki supaya diedaraké ning Jepang kang sawisé kuwi dimeluni dening Grand Slamm ning sabuah label indie ning Amerika Serikat kang ngrilis albumé ning pasar Amerika.[1]
Grup musik iki dimotori dening Mike Tramp lan Vitto Bratta iki nembe bisa ambekan lega nalika albumé kang kaping kaloroné saka grup musik iki, judulé PRIDE dijukut dening Atlantic Records. [1] Album iki kaedol akeh amarga single andalan grup musik iki When the Children Cry.[1]
Albumé kang paling papat grup musik iki judulé MANE ATTRACTION gagal ning pasar Amerika amarga demam grunge kang lagi ngelanda nalika wektu kuwi.[1] Ananging ning Indonésia, White Lion identik karo album MANE ATTRACTION. [1] Lagu-lagu kayata You're All I Need, Broken Heart, lan Till Death Do Us Part.[1]
White Lion mutusaké kanggo bubar sawisé albumé kang kaping papat ananging Mike Tramp kang dadi motor ning grup musik iki.[1] Tetep pengin ngelajutaké Grup musik White Lion maneh, meski tanpa Vitto Bratta.[1]
Taun 2010, Grup musik White Lion melu ngramekaké acara The Best of Rock Legend Concert ning MU Cafe, jum'at 23 Februari 2010.[2] Acara iki dianakaké dening Djiwa Arts Management kang kerja sama karo Mars August Production sarta didukung dening KapanLagi.com.[2] Ning acara iki, ana uga panampilané Toto Tewel, Doddy Katamsi, Heydi, Jikun Rif, Jon Angel'z, Iram U'Camp lan Rico The Acid.[2] Kang dadi bintang ning acara kuwi, White Lion nggawakaké tetembangan hits kang judulé Till Death Do Us Part, Broken Herat, You're all Need, lan When The Chilrens Cry.[2] Sarta tetembangan, Another Brick on The Wall (Pink Floyd), Imagine (The Beatles), Don't Look Back In anger (Oasis), Knocking On Heavens Door (Guns N Roses).[2]
Diskografi [sunting]
| Year | Title | Label |
|---|---|---|
| 1985 | Fight to Survive | Asylum Records |
| 1987 | Pride | Atlantic Records |
| 1989 | Big Game | |
| 1991 | Mane Attraction | |
| 1999 | Remembering White Lion | Cleopatra Records |
| 2008 | Return of the Pride | Frontiers Records |
