Ringgit Sasak
Ringgit Sasak (ngoko: Wayang Sasak) inggih menika sesebatan kanggé wayang kulit saking Lombok. [1] [2] Wontenipun wayang kulit ing Lombok kadosipun dugi sesarengan kaliyan panyebaran agami Islam. [1] Ringgit kulit Sasak ugi badhé sami critanipun kaliyan wayang golek ingkang ngrembaka ing Jawa kanthi mendhet lakon crita Menak, saengga wayang ingkang ngrembaka ing Lombok ugi dipunsebat Wayang Menak. [1][2] Agami Islam mlebet dhateng Lombok wonten ing abad kaping 16 ingkang dipunbekta dening panjenenganipun Sunan Prapen, putranipun Sunan Giri. [1] Cariyos wayang ing Lombok menika mendhet saking crita Menak ingkang babon critanipun saking Amir Hamzah, paklikipun Nabi Muhammad. [1] Cariyosipun saking Persia Iran ingkang mlebet dhateng Indonesia myebrangi Melayu. Saking mrika, Islam mlebet dhateng Jawa lan Lombok. [1] Ing Lombok, cariyos-cariyos menika dipunserat ing ron lontar kanthi basa Jawa lan huruf Jejawan (huruf Sasak) ingkang taksih turunanipun huruf Jawa. [1] Cariyos pawayangan Menak ing Lombok urut-urutanipun benten kaliyan Serat Menak anggitanipun Yasadipura I jaman Pakubuwana VII ing Surakarta. [1] Menawi Serat Menak dipunserat kanthi urutan ngantos 7 (pitung) jilid, cerita Menak saking Lombok dipunserat jumbuh kaliyan kawiannya (fragmennya) saengga wonten irah-irahan kados, (1) bangbari, (2) gendit birayung, (3) bidara kawitan, (4) selandir, (5) dewi rengganis, lan sanesipun. [1]
[sunting] Cathetan suku
[sunting] Pranala njawi
(id) Wayang Sasak
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.