Watu Akik Kecubung Kasihan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Batu kecubung
240px|alt=
Umum
KategoriVarietas mineral
Rumus kimiaSilika (silikon dioksida, SiO2)
Identifikasi
Warnalembayung
Perawakanprisma segienam dalam piramida segienam (khas)
Sistem kristalrhombohedral kelas 32
Bentuk kembaranhukum Dauphine, hukum Brasil, dan hukum Jepang
BelahanTidak ada
PecahanKonkoid
Skala kekerasan Mohs7–lebih cendhèk dalam varian tak murni
KilapSeperti kaca/mengkilap
GoresPutih
DiafaneitasTransparan hingga translusen
Berat jenis2,65 konstan; bervariasi pada varian tak murni
Sifat optikUniaksial (+) (Positif)
Indeks pembiasannω = 1,543–1,553 nε = 1,552–1,554
Bias ganda+0,009 (interval B-G)
PleokroismeTidak ada
Titik lebur1650±75 °C
Kelarutantidak larut H2O
Sifat lainPiezoelektrik
Kecubung Kasihan Ungu

Akik Kecubung Kasihan punika salah satunggaling akik ingkang wonten ing donya.[1] Akik Kecubung Kasihan punika gadhah urutan kualitas nomer enem ing donya.[1] Akik warna wungu ing donya internasional saged diarani séla Ametis (basa Inggris: Amethyst).[2] Jeneng ametis saking tembung basa Yunani Amethtistos, kang gadhah teges "penjaga mabuk arak".[2] Jeneng Ametis dipundhut saking carita kang dipunserat déning Aristotèles, dicaritaakén wonten widadari ayu kang digandrungi Déwa Bacchus, déwa kang njaga para pemabuk anggur.[2] Amerga praupan kang ala, dèwi mau kipa-kipa lan nyingkrih banjur ditulung déning Dèwi Diana, ya iku dèwi pengayom kaum wanita lan kesucian.[2] Déning Dèwi Diana, widadari mau dicipta dados reca watu kang éndah nalika arep dirangsang déning Déwa Bacchus.[2] Amarga kagol déwa Bacchus nyembur reca mau, amarga sawijining déwa pemabuk, kang medhal saking semburan warna wungu kados anggur, saéngga reca kala wau dados warna wungu lan diparingi jenengi amethyst.[2] Watu minaka wujudipun lonjong ing sangandhapé wonten garis-garisipun, ukuran panjangipun 20 mm ambanipun 10,2 mm.[3] Watu punika ing jaman biyèn kathah digandrungi para kyai manca.[3] Kathah nagara kang gadhah tambang kecubung kasihan punika, kaya ta India, Sri Lanka, Brasil, Amérika Lor, Birma, Australia, Vietnam, Filipina, Pegunungan Alpina ing Éropah lan uga tinemu ing Indonesia.[2] Ing Indonesia kecubung kasihan kathah tinemu ing Kalimantan mligi ing Kalimantan Tengan.[2] Kecubung kasihan gampang padhosané, nanging sok ngaten uga wonten kang palsu.[2] Kecubung kasihan palsu asalé kathah kang saking Tiongkok.[2] Séla wungu saking tiongkok punika aslinipun watu kalsédon sanès ametis.[2] Uga wonten kang diarani ametis orièntal.[2] Kang sajatiné watu punika purple saphire utawa safir wungu.[2]

Werna akik[besut | besut sumber]

Sela/watu Sitrin
Kecubung Wulung

Akik Kecubung Kasihan punika boten namung gadhah warna wungu, nanging uga wonten kang wernanipun wungu enom, wungu semu abang, semu biru, wungu tuwa lan, malah wonten kang wernanipun nyedhaki langking (ireng).[2] Séla/watu punika yèn dipanaské ing pasir utawa lempung bakal owah wernanipun dados kuning emas.[2] Séla/watu kang sampun dados kuning emas kala wau yèn digosok bakal owah dados sèla sitrin kanthi jeneng kinyang cempaka.[4] Kamangka watu sitrin tulèn punika asalé saking watu kwarsa kang gadhah warna kuning emas, tiyang-tiyang sok nyampur bawur antawisipun watu sitrin kaliyan watu ametis.[2] Bédané sitrin asli kaliyan ingkang damelan wau saking mengkilapé, ingkang asli wernanipun luwih mengkilap.[2] Sak sanèsé uga wonten jinis sanès saking watu akik kecubung, inggih punika kecubung wulung.[5] Kecubung wulung gadhah warna ireng cemeng asli.[5] Ciri-cirinipun yèn ditrawang ing ngandhapipun srengéngé katon warna wungu kembang térong.[5]

Gunane[besut | besut sumber]

Kejaba gadhah warna kang apik, watu ametis punika dipercaya gadhah prabawa saged damel ingkang gadhah watu punika bakal kuat mendem arak, nahan émosi, pengasihan lan, ketenangan ing makarya.[1] Sak sanèsé uga saged damel semangat kanggé ngadhepi pepalang.[2] Kecubung wungu tuwa kathah kang ngarani kecubung dhuwet, disenengi para kyai jalaran warna punika nglambangaké welas asih.[2] Lan uga wonten malih saking sumber sanès kang nyebutaken manawi watu kecubung punika saged nambani lelara jantung.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c Batu Kecubung Kasihan Archived 2010-09-05 at the Wayback Machine.(27 Maret 2011 Kecubung Kasihan)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s [Panjebar Semangat.Kecubung Kasihan.8 Agustus 2009]
  3. a b c Batu Kecubung Kasihan(28 Maret 2011 Kecubung Kasihan)
  4. Batu Kecubung Kasihan[pranala mati permanèn] (28 Maret 2011 Kecubung Kasihan)
  5. a b c Batu Kecubung Wulung (28 Maret 2011 Kecubung Wulung)