Wanrong

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Permaisuri Wan Rong
Tenure Permaisuri China:
1922-1924
Permaisuri Manchukuo:
1934-1945
Garwa Kaisar Xuantong (m.1922)
Asma jangkep
Gobulo Wan Rong 郭布羅·婉容
Asma anugerah
Permaisuri Xiao Ke Min
(孝恪愍皇后)
Bapa Rong Yuan
Miyos 13 November 1906
Tilar donya 20 Juni 1946 (umur 39)
Yanji

Wanrong utawa Garwa padmi Wanrong (婉容皇后) (lair 13 November 1906 – tilar donya ing Yanji, 20 Juni 1946 kanthi yuswa 39 taun) kanthi jeneng lengkap Gobulo Wanrong iku garwa padmi saka Kaisar Xuantong utawa uga dikenal kanthi aran Kaisar Puyi saka Dinasti Qing lan uga minangka permaisuri kang pungkasan ing sejarah kerajaan Cina.[1][2] Anake sawijining pejabat kerajaan, Rong Yuan.[2] Isabel Ingram, sawijining tutor Amerika marahi basa Inggris lan menehi jeneng Elizabeth.[1][2] Permaisuri Wanrong yaiku wong kang ngajari kaisar carane mangan ala wong barat.[1] Kawinane karo Puyi kang ora sampurna gawe dheweke nganggo opium minangka pelampiasane.[1][2]

Sawiée Dinasti Qingbubar, garwa padmi Wanrong dicopot titelé lan diwetokke saka istana.[1][2] Ing taun 1914, garwa padmi Wanrong mèlu Puyi ing Manchukuo saperlu mimpin negara bonéka ing lor-wétan Cina.[1][2] Dheweke antuk sesebutan garwa padmi manèh.[1] Ing panggonané kang anyar, Wanrong selingkuh karo sawijining pelayan lan nglairaké sawijining anak wadon haram.[1][2] Sawise anak wadone lair, Puyi mrintahake mateni anak haram mau.[1][2] Amarga tekanan emosi, pungkasane dhèwèké nandang lara gangguan méntal.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j Lim SK. (2008). Chinese Imperial Women. Jakarta: PT Elex Media Komputindo. Hal.142-143
  2. a b c d e f g h Empress Wan Rong - The Last Empress Consort of the Qing Dynasty in China, Cultural China. Diundhuh tanggal 26 Mei 2010.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wanrong&oldid=598189"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès