Wangsa Candra
Wangsa Candra utawa Wangsa Soma yaiku salah siji wangsa kang misuwur ana ing legendha India, kang miturut gethok tular didhunaké déning Candra (Soma), déwa rembulan.[1] Cathetan ngenani wangsa iki ditemokaké ana ing susastra Hindhu, kaya Purana, Mahabharata, Srimad Bhagawatam, lan sapanunggalané.[1]
Wangsa kang isih sadulur karo wangsa iki yaiku Wangsa Surya, kang miturut gethok tular didhunaké déning Surya, déwa srengéngé.[1] Wangsa Candra seduluran karo Wangsa Surya merga leluhur saka kekaro wangsa iki duwé gegandhèngan keluwarga saka nikahan.[1]
Sawisé pirang-pirang génerasi, Wangsa Candra kabagi dadi Wangsa Yadu lan Wangsa Puru.[1] Ana ing Wangsa Puru, lair raja Bharata kang misuwur ana ing legendha India, kang garis keturunané dijenengi Wangsa Bharata.[1] Ana ing Wangsa Bharata, lair Raja Kuru kang garis keturunané dijenengi Wangsa Kuru.[1] Dadi ana ing Wangsa Candra akèh wangsa nanging sebeneré ana siji.[1]
Bab lan Paragraf |
Legendha [sunting]
Miturut ana ing cathetan Purana lan Mahabharata, wangsa iki didhunaké déning Candra, déwa rembulan.[2] Candra palakrama karo Tara banjur duwé anak kang dijenengi Budha, déwa planèt Merkurius.[2] Budha palakrama karo Ila, putri Manu.[2] Budha lan Ila duwé anak kang dijenengi Pururawa.[2] Pururawa iki kang misuwur dadi raja pisanan saka Wangsa Candra, déné bapak lan kakiné yaiku déwa, dudu raja.[2] Ibu saka Pururawa, Ila, yaiku putri Waiwaswata Manu. Dhèwèké seduluran karo Ikswaku, leluhur Wangsa Surya.[2] Ila lan Ikswaku padha keturunan saka Surya, kang ndadèkaké antarané Wangsa Candra lan Surya duwé gegandhèngan keluwarga.[2] Wangsa Yadu (wangsa Yadawa) yaiku cabangan saka Wangsa Candra, merga Sang Yadu kang ngedegaké Wangsa Yadu kuwi keturunan Yayati, raja Wangsa Candra.[2] Dadi, antarané Wangsa Yadu lan Candra uga duwé gegandhèngan keluwarga.[2] Wangsa Yadu nyabang menèh dadi Wangsa Wresni (Warsneya), Wangsa Andhaka, lan Wangsa Bhoja.[2] Kabèh wangsa iki duwé leluhur kang padha karo Wangsa Candra.[2]
Silsilah [sunting]
| Candra |
|
Tara |
|
W. Manu |
|
Srada | |||||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
||||||||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|||||||||||||||||||||||
|
|
|
Budha |
|
Ila |
|
Ikswaku |
|
putra-putra | |||||||||||||||||||||||||
|
|
|
||||||||||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
Pururawa |
|
|
|
Wikuksi | |||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
Wangsa Candra |
|
|
|
Wangsa Surya |
|||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
||||||||||||||||||||||||||
|
|
|
Yadu |
|
|
|
Puru | |||||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|||||||||||||||||||||||||||
| Wangsa Yadawa |
|
|
Wangsa Boja |
|
Wangsa Paurawa |
|
|||||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
||||||||||||||||||||
|
|
|
Wangsa Wresni |
|
|
|
Wangsa Barata |
|||||||||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|||||||||||||||||||||
|
|
|
|
|
|
|
|
|
Wangsa Kuru |
|||||||||||||||||||||||||
Dhaptar para raja [sunting]
Ing ngisor iki dhaptar para raja ana ing Wangsa Candra. Kitab kang digunakaké dadi réferènsi yaiku kitab Wisnupurana lan Purana liyané.
- Pururawa (putrané Budha, putuné Candra)
- Ayu (pangadeg Mathura)
- Nahusa
- Yayati
- Puru (pangadeg Wangsa Puru)
- Janamejaya I
- Pracinwata (Pracinwan)
- Sampayani (Sanyati)
- Garhaspati (Ahayanti)
- Sarwaboma
- Jayatsena
- Awacina
- Arihan I
- Mahaboma
- Ayutanayi
- Akrodana
- Dewatiti
- Arihan II
- Reksa I
- Matinara
- Tansu (Trasnu)
- Ilina
- Duswanta
- Bharata (pangadeg Wangsa Bharata)
- Bumanyu
- Suhotra
- Sawarna
- Hasti
- Wikuntana
- Ajamida
- Reksa II
- Sambarana
- Kuru (pangadeg Wangsa Kuru)
- Widurata
- Anaswan
- Parikesit I
- Suyasa
- Bimasena
- Pratisrawas
- Pratipa
- Santanu
- Citrānggada
- Wicitrawirya
- Pandu
- Dretarastra
- Yudistira
- Parikesit II
- Janamejaya II
- Satanika
- Sahastranika
- Aswamedadata (Ashwamegadutta)
- Adisimakresna
- Nicaksu
- Usna
- Citrarata
- Sucidrata
- Wresniwana
- Susena
- Sunita
- Ruca
- Niracaksu
- Sukibala
- Pariplawa
- Sunaya
- Megawi
- Nirpanjaya
- Durwa
- Tigamatma
- Wrehadrita
- Basudata
- Satanika II
- Udayana
- Wahinara
- Dandapani
- Niraniba
- Ksimaka