Wafer
Wafer yaiku bahan dhasar saka komponen microsystem.[1] Wafer biyasané nduwéni wujud saka lempengan tipis kang bentuké bunder lan ana garis ing salah siji bagéyané.[1] Umumé wafer digawé saka kristal silikon.[1]
Saka bahan dhasar pasir kang ngandhut silikon oksida, banjur dibakar nganggo karbon. [1]Iki gunané kanggo ngetokaké oksigen saka silikon.[1] Silikon kang ora murni iki banjur digawé murni kanthi proses Siemens utawa proses DuPont.[1] Sawisé dadi murni amarga reaksi kimia iki, wafer banjur digawé kristal kanthi salh sawijiné proses kang diarani proses Czochralski. [1]Carané kanthi diléléhaké lan dianyepaké kanthi cara muter alon-alon mendhuwur.[1] Kanthi metode iki, maragaké pengotor alon-alon banjur pindah mengisor lan bakal dadi batang silikon murni kang bentuké silinder.[1] Sawisé proses iki mandheg, panggonan kanggo nglelehaké silikon uga dadi rusoh amarga regedan kang menep mengisor.[1]
Proses Czochralski bisa optimal kanthi cara digawé ing ruwangan kang isiné gas lan panggonan kang angél nggawé reaksi karo zat liyané kayata gas mulia argon lan quartz.[2]
Batang silikon kang dikethok-kethok dadi lempengan tipis kang bentuké bunder kanthi alat kanggo ngéthok kang teliti banget.[2] Wafer kang wis dikethok banjur dipoles saéngga rata kaya kaca nganti orde micrometer.[2] Sawisé iku, wafer banjur siap kanggo diproses dadi Integrated Circuit utawa alat microsystem liyane.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.