Volkswagen Beetle
Volkswagen Beetle, utawa Volkswagen Tipe 1, yaiku sawijining mobil cilik kang diproduksi dening Volkswagen.[1] Mobil iki uga dikenal karo sebutan VW Kodok ing Indonesia utawa Bug ana ing basa Inggris, utawa Käfer ana ing basa Jerman, VW Kodok yaiku salah siji mobil kang paling gampang anggone ngenali merga wujude kang duwe khas dhewe lan unine kang unik.[1] VW Kodok diproduksi wiwit taun 1938 nganti tekan taun 2003, lan produksine tau mandek nalika ana Perang Donya II.[1] Ana ing wektu kuwi wis luwih saka 21 yuta mobil jenis iki kang digawe.[1] Ana ing sawijining plling internasional kanggo menehi kanugrahan kanggo mobil kang paling duwe pengaruh, VW Kodok bisa kalebu ana ing nomer papat sakwise Ford Model T, Mini lan Citroën DS.[1]
[sunting] Sejarah
Mobil iki wiwit ana nalika ing jaman Nazi Jerman yaiku nalika taun 1930an.[1] Adolf Hitler duwe kepenginan yen kendaraan pribadi uga disediakake kanggo masyarakat umum, lan nugasake sawijining insinyur, Ferdinand Porsche, kanggo ngrancang kendaraan kuwi.[1] Hitler menehi syarat yem kendaraan kang digawe kuwi bisa kanggo wong loro utawane bocah telu, kecepatane 100 km/jam, lan regane ora luwih saka rega pit motor kang ditambah rega boncengan pinggir pit motor nalika jaman semana.[1] Perancang sebenere mobil isih kontroversial, merga secara resmi Ferdinand Porsche dadi perancange mobil iki, nanging nalika taun 1920-an, Joseph Ganz uga tau ngrancang mobil kang meh padha karo mobil iki.[1] Mobil iki ukurane luwih cilik lan luwih murah uga nanging para produsen mobil ora kepencut.[1] Adler mroduksi Maikäfer, lan Standard mproduksi Superior, lan ngampanyekake ana ing iklan dadi 'Der Deutsche Volkswagen' (mobil rakyat Jerman).[2]
[sunting] Cathetan Suku
