Via Maris
Via Maris iku jeneng modhèrn saka rute dagang kuna, yakuwi wiwit jaman abad prunggu, sing nyambungaké Mesir karo kakaisaran Suriah lor, Anatolia lan Mesopotamia — saiki dadi Iran, Irak, Turki lan Suriah.
Jeneng sadurungé yakuwi "Way of the Philistines", ngarujuk marang jalur sing ngliwati dhataran Philistine. Ing tlatah iki dalan cawang loro — siji sadawaning panté Segara Tengah, liwat Megiddo, lan sijiné jalur dharat ngliwati lembah Jezreel, Segara Galilee lan Dan.
"Via Maris" kuwi asal basa Latin sing tegesé "dalan segara". Jeneng iki adhedhasar lelakuné Vulgate (Prejanjèn Anyar ing terjemahan basa Latin) saka Gospel miturut Matius (Matthew) ("Secundum Mattheum"), bab 4 pasal 15:
- terra Zabulon et terra Nephthalim via maris trans Iordanen Galilaeae gentium
- (tlatah Zebulon, lan Nephthalim, liwat segara, samburiné Jordan, Galilee of the Gentiles).
Uga ana rujukan marang Via Maris ("dalan segara ") ing Isaiah 9:1.