Balung geger
Balung geger utawa vertebra iku balung sing mbentuk geger sing gampang diobahaké. Ana 33 balung geger ing rangka manungsa, 5 ing antarané kagabung mbentuk bagéan sacral, lan 4 balung mbentuk balung buntut (coccyx).
Telung bagéan ing sakdhuwuré dumadi saka 24 balung sing dipérang dadi 7 balung cervical (gulu), 12 balung thorax (thoraks utawa dhadha) lan, 5 balung lumbal. Akèhé balung geger bisa uga ana ka-oranormal-an. Bagéan paling arang kedadéyan ka-oranormal-an yakuwi bagéan gulu.
Bab lan Paragraf |
Struktur umum [sunting]
Sawijining balung geger dumadi saka rong bagéan yakuwi bagéan anterior sing dumadi saka badan balung utawa corpus vertebrae, lan bagéan posterior sing dumadi saka arcus vertebrae. Arcus vertebrae dibentuk déning loro "sikil" utawa pediculus lan loro lamina, sarta didhukung déning penonjolan utawa procesus yakuwi procesus articularis, procesus transversus, lan procesus spinosus. Procesus kasebut mbentuk bolongan sing diarani foramen vertebrale. Nalika balung geger disusun, foramen iki bakal mbentuk saluran minangka papan sumsum balung geger utawa medulla spinalis. Ing antara loro balung geger bisa ditemokaké celah sing disebut foramen intervertebrale.
Balung geger cervical [sunting]
Sacara umum nduwèni wangun balung sing cilik kanthi spina utawa procesus spinosus (bagéan kaya swiwi ing mburi balung) sing cendhak, kajaba balung ka-2 lan 7 sing procesus spinosusé cendhak. Diwènèhi nomer miturut urutan saka C1-C7 (C saka cervical), nanging sawetara nduwèni sebutan khusus kaya C1 utawa atlas, C2 utawa aksis.
Saben mamalia nduwèni 7 balung geger gulu, senajan sepira dawaning gulu.
Balung geger thorax [sunting]
Procesus spinosusé bakal nyambung karo balung iga. Sawetara bisa kanggo gerakan muter. Bagéan iki dikenal uga minangka 'balung geger dorsal' jroning konteks manungsa. Bagéan iki diwènèhi nomer T1 hingga T12.
Balung geger lumbal [sunting]
Bagéan iki (L1-L5) minangka bagéan paling tegap konstruksiné lan nanggung beban paling abot saka balung liyané. Bagéan iki bisa kanggo gerakan fleksi lan ekstensi awak, lan sawetara gerakan rotasi sethithik.
Balung geger sacral [sunting]
Ana 5 balung ing bagéan iki (S1-S5). Balung-balung kagabung lan ora nduwèni celah utawa diskus intervertebralis siji lan sijiné.
Balung geger coccygeal [sunting]
Ana 3 nganti 5 balung (Co1-Co5) sing silih gabung lan tanpa celah. Sawetara kéwan nduwèni balung coccyx utawa balung buntut sing akèh, mula saka kuwi diarani balung geger kaudal (kaudal tegesé buntut).
Deleng uga [sunting]
Referensi [sunting]
- (en) Smart implant will help broken vertebra - An article from IsraCast
|
|||||||||||||||||||