Uzbek
| Bangsa Uzbek O‘zbeklar |
||||||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Gunggung populasi | ||||||||||||||||||||||||||||||
|
21 tekan 27 yuta |
||||||||||||||||||||||||||||||
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan | ||||||||||||||||||||||||||||||
|
||||||||||||||||||||||||||||||
| Basa | ||||||||||||||||||||||||||||||
| Uzbek (dhialèk kulon lan wétan) |
||||||||||||||||||||||||||||||
| Agama | ||||||||||||||||||||||||||||||
| Islam Sunni |
Uzbek iku salah siji suku Bangsa Turkik kang akèh urip ing Uzbekistan, Asia Tengah. Wong Uzbek uga akèh kang urip ing Afganistan, Tajikistan, Kyrgyzstan, Turkmenistan, Kazakhstan, Rusia lan provinsi Xinjiang ing Républik Rakyat Cina. Paling sithik wong Uzbek ana ing Iran, Turki, Pakistan, Amerika Lor lan Éropah Kulon.
Jeneng Uzbekistan pisanan saka Uzbekistan Khan, salah siji panguwasa ing sangisoré Kakaisaran Mongol ing abad ka-14. Nalika abad 15, nalika bebarengan pecahé Kakaisaran Mongolia para pedagang Uzbekistan mlaku ing sadawané Jalur Sutra liwat Xinjiang kanggo bisnis.[1]
Wong suku Uzbek akèh kang dadi wong tani lan ngopèni wedhus, lan jaran. Cacahé wong Uzbek kurang luwih ana 14.800 ing Cina, utamané kang mapan ing Yining, Tacheng, Kashgar, Urumqi, Shache, lan Yecheng ing Dhaérah Otonom Uigur Xinjiang.[1]
Umumé wong Uzbek iku wong kutha. Para wargané wis éntuk pendhidhikan, ngèlmu, lan kerajinan. Mung sithik saka wong kang urip ing Xinjiang kidul, uripé dadi petani.[1]
Suku bangsa Uzbek nduwèni basa dhéwé, yaiku kang diduwèni Turki Austronesia saka Filum Altai. Karakter basané iku nggunakaké tembung-tembung fonètik miturut alfabèt Arab.[2][1]
Miturut crita punjeré peradhaban bangsa Uzbek ana ing Lembah Ferghana.[2]