Urmia
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
|||||
| Katrangan cekak | |||||
|---|---|---|---|---|---|
| Provinsi: | Azarbaijan Kulon | ||||
| Jembar: | ... km² | ||||
| Pedunung: | 871.000 jiwa 2007 | ||||
| Situs wèb resmi: | www.urmia.ir | ||||
| Pulitik | |||||
| Walikutha: | Ebrahim Bazian | ||||
Urmia iku sawijining kutha ing Iran lan ibukutha provinsi Azarbaijan Kulon. Kutha iki kutha sing paling gedhé nomor 10 ing Iran mawa pedunung kurang luwih 870.000 jiwa. Ing sakiwa-tengené kutha iki, produk-produk tani kaya apel, anggur lan tembako ditandur. Kala mbiyèn akèh wong Kristen, utamané wong katurunan Arménia sing manggon ing kutha iki. Ing taun 1900 kurang luwih 40% pedunung kutha iki wong Kristen. Nalika ing tanggal 9 Januari 2011 ana montor mabur Air Iran Pamaburan 277 tiba ing kutha iki. Ana korban téwas 70 jiwa.
