Universitas Carleton
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 24 Maret 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning JV03 Hamam Anwaruddin Al Ghifari (Kontrib • Log) 65 dinten 230 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Motto | "Ours the Task Eternal"[1] |
|---|---|
| Diadegaké | 1942 |
| Jinis | universitas swasta |
| Afiliasi kaagamaan | nondenominasi |
| Dana abadi | CA$230 juta[2] |
| Chancellor | Dr Marc Garneau |
| Presiden | Dr Roseann Runte |
| Staf | 3.568 |
| Sarjana | 20.901 [3] |
| Pascasarjana | 3.362 [3] |
| Alumni | lebih dari 100.000 |
| Lokasi | Ottawa, Ontario, Kanada |
| Kampus | pinggir kota, 62 hektare |
| tim olahraga | Carleton Ravens |
| Werna | |
| Julukan | Ravens |
| Maskot | Rodney the Raven |
| Afiliasi | ASAIHL, APSIA, AUCC, IAU, COU, ACU, CIS, OUA, Fields Institute, Ontario Network of Women in Engineering |
| Situs wèb | www.carleton.ca |
Universitas Carleton (Carleton University) yaiku universitas ing Ottawa, Kanada. Diadekaké taun 1942 minangka salah sijining akademi, Universitas Carleton saiki nduwèni 65 bidang studi wiwit saka komunikasi massa, hubungan internasional, jurnalisme, sinematografi nganti teknik lan teknologi.[4] Universitas iki nduwèni luwih saka rong èwu staf pengajar kanggo 23 ewu mahasiswa program sarjana tekan program doktoral. Mahasiswa asalé saka kabèh provinsi ing Kanada lan luwih saka 100 negara ing donya.[4]
Universitas iki diwènèhi jeneng Universitas Carleton amarga nalika diadekaké, kutha Ottawa isih kalebu ing wilayah Carleton County. Jeneng Carleton County dijupuk saka jeneng Gubernur Jenderal Guy Carleton I Baron saka Dorchester.
Rektor Universitas Carleton sing saiki yaiku Marc Garneau, antariksawan kapisan Kanada. Enem panarima Orde Kanada lan rong pemenang Bebungah Nobel naté tugas minangka rektor, Gerhard Herzberg lan Perdana Menteri Lester B. Pearson.
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Carleton diadekaké taun 1942 déning sapropirané kelompok usahawan lokal lan pejabat pamarintah sing njenengaké panjenengané The Ottawa Association for the Advancement of Learning.[5]
Kampus kapisan arupa gedung sewaan, lan mung nawaraké kursus wengi ing bidang studi administrasi publik lan mata kuliah universitas tingkat dasar. Sawisé Perang Donya II, Carleton ing taun 1945 ngadekaké fakultas seni lan ilmu pengetahuan, kamasuk ing antarané nawaraké jurusan jurnalisme lan taun kapisan bidang teknik.
Ing taun 1946, Carleton pindah ing kawasan The Glebe ing bekas lokasi Ottawa Ladies' College. Gelar kapisan saka Carleton diwènèhaké déning lulusan program jurnalisme lan administrasi publik ing taun 1946.[6]
Sawisé Dewan Perwakilan Ontario ngesahaké Carleton College Act taun 1952, lembaga pendidikan iki resmi nduwé jeneng Carleton College, lan kanthi resmi nduwé hak mènèhi gelar. Ing taun sing pada, Carleton College nukoni tanah sing jembaré 62 hektare ing antarané Kanal Rideau lan Kali Rideau minangka lokasi pembangunan gedung kampus. Sebagian saka lemah lokasi sing asalé saka sumbangan usahawan Ottawa, Harry Stevenson Southam. Pembangunan kampus diwiwiti taun 1953.
Struktur organisasi [sunting]
Rektor [sunting]
- 1952-1954: Harry Stevenson Southam
- 1954-1968: Jack Mackenzie
- 1969-1972: Lester B. Pearson
- 1973-1980: Gerhard Herzberg
- 1980-1990: Robert Gordon Robertson (emeritus 1992-)
- 1990-1992: Pauline Jewett
- 1993-2002: Arthur Kroeger (emeritus 2002-2008)
- 2002: Ray Hnatyshyn
- 2003-saiki Marc Garneau
Wakil rektor [sunting]
- 1942-1947: Henry Marshall Tory
- 1947-1955: Murdoch Maxwell MacOdrum
- 1955-1956: James Alexander Gibson (pro tempore)
- 1956-1958: Claude Bissell
- 1958-1972: Davidson Dunton
- 1972-1978: Michael Kelway Oliver
- 1979: James Downey (pro tempore) 1 Januari-15 Mei
- 1979-1989: William Edwin Beckel
- 1989-1996: Robin Hugh Farquhar
- 1996-2005: Richard J. Van Loon
- 2005-2006: David W. Atkinson
- 2006-2008: Samy Mahmoud (pro tempore), dari 20 November 2006
- 2008-saiki: Roseann Runte
Referensi [sunting]
- ^ Puisi Walt Whitman, Pioneers! O Pioneers! Fast facts about Carleton University and Convocation: - November-Convocation 2005 - Carleton NOW
- ^ [1] Carleton taps woman to lead university. Diakses pada 8 Januari 2008
- ^ a b [2] Quick Facts - About Carleton. Dipun akses pada 3 Mar 2008
- ^ a b "A message from the President". Universitas Carleton. http://www2.carleton.ca/about/. Retrieved 15 November 2008.
- ^ "The Carleton University Act". Universitas Carleton. http://www.carleton.ca/secretariat/act/index.html. Retrieved 15 November 2008.
- ^ "Carleton University". The Canadian Encyclopedia. http://www.thecanadianencyclopedia.com/index.cfm?PgNm=TCE&Params=U1ARTU0000615. Retrieved 15 November 2008.
Pranala njaba [sunting]
- (en) Situs web Universitas Carleton
- (en) Universitas Carleton di The Canadian Encyclopedia