Undur-undur
| Undur-undur | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| kelas: | Insecta |
| ordo: | Neuroptera |
| Superkulawarga: | Myrmeleontoidea |
| kulawarga: | Myrmeleontidae |
Undur-undur yaiku sebutan kanggo klompok srangga saka familia Myrmeleontidae. [1] Ing donya iki dikira-kira ana kurang luwih 2.000 spesies undur-undur. [1] Undur-undur nyebar ana ing sakabehing donya, utamane ing tlatah kang hawane anget dan akeh pasiré. [1] Kewan iki diarani undur-undur amarga mlakune mundur nalika gawé gowakan sarang jebakan ing jero lemah. [1] Ing Jawa Barat, kewan iki diarani antlion (semut singa). [1] Diarani semut singa amarga kewan iki seneng ngajak semut kanthi ganas yaiku kanthi gawé jebakan ing jero lemah mula diarani minangka singane para semut.[1] Undur-undur nduwèni dat sulfonylurea. [2] Kerjane dat sulfonylurea kang ana ing undur-undur yaiku nglancarake kerjane pankreas nalika ngasilake insulin.[2] Undur-undur bisa ngobati penyakit diabetes.[3] Undur-undur uga bisa ngobati kencing manis lan sesek napas. [4] Undur-undur ngalami metamorfosis sampurna saka endog, larva, entung, lan dewasa.[5] Keampuhan kewan sing kalebu kategori serangga iki bisa nambani penakit sing uwis dipercaya saka jaman biyen, undur-undur iki dipercaya bisa nambani remaik, rasa penat ning awak, lan uga ngobati penyakit stroke sing angel tambanane.[3]
Pranala jaba [sunting]
- The Antlion Pit, situs yang khusus membahas tentang undur-undur.
- Proyek Mengenai Undur-Undur
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f (id) www.strov.co.cc (diakses tanggal 1 Mei 2011)
- ^ a b (id) kaskusnews.us (diakses tanggal 5 Mei 2011)
- ^ a b (id) www.detiknews.com (diakses tanggal 5 Mei 2011)
- ^ (id) www.indosiar.com (diakses tanggal 5 Mei 2011)
- ^ (id) www.scribd.com (diakses tanggal 5 Mei 2011)