Ula cecak

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ular Cecak
Ular cecak, Lycodon capucinus
dari Darmaga, Bogor
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Reptilia
ordo: Squamata
Suborder: Serpentes
kulawarga: Colubridae
Genus: Lycodon
Species: L. capucinus
Jeneng binomial
Lycodon capucinus
Boie in F. Boie, 1827
Sinonim

Lycodon hebe Daudin, 1803;
Lycodon aulicus capucinus

Ula cecak utawa kerep uga disebut minangka ula omah yaiku sajenis ula cilik saka suku Colubridae. Dijenengeni mengkono amerga ula iki kerep ditemoni ing sajroné omah, ing sekitar pawon utawa lemari, langgo mburu cecek kang dadi kesenengané. Jeneng ilmiahé yaiku Lycodon capucinus lan sajroné basa Inggris dikenal minangka common wolf-snake, ngrujuk ing untu kang dawa mèh padha siung asu ing bagiyan ngarep cangkemé (basa Gerika: lycos, asu; don, untu).

Pengenalan[sunting | sunting sumber]

Lyco capuc 080129-4131 ipb.jpg

Ula kang awaké cilik kang ramping lan gesit, dawa total maksimal mèh nganti 60 cm. David lan Vogel (1997) nyebutaké dawa maksimal sekitar 550 mm, kanti kisaran ukuran kéwan diwasa umumé antarané 450–500 mm.[1]

Geger (dorsal) wernané coklat utawa coklat rodok keunguan, kanti sebagiyan sisik pojok putih mbentuk pola belang (utawa jala) samar-samar kayata bekas cat kang kehapus. Ndas warnané coklat kurma, kanti werna putih utawa keputih-putihan ing lamé nduwur lan ing tengkuk, kadang-kadang kanti sitik werna kuning belerang. Weteng (ventral) wernané putih utawa kekuningan.[2]

Sisik-sisik dorsal sajroné 17 deret ing tengah awak lan 15 deret ing cepaké buntut. Sisik-sisik ventral 178–224 iji, sisik anal sepasang utawa berbelah, sisik subkaudal (ing ngisor buntut) 57 nganti 80 pasang. Sisik-sisik supralabial (lambé nduwur) jumlahe 9 iji, no. 3 nganti 5 utawa no. 4–5 ngemèk mata. Ing nduwur lambé, ing atarané sisik postnasal (irung) lan orbit (mata) ana rong sisik, yaiku sisik loreal (pipi) lan preokular. Sisik loreal dawa lan ngemèk sisik internasal, preokular ngemèk perisai frontal.[2]

Èkologi lan panyebaran[sunting | sunting sumber]

Ula cecak saka Timor-Leste

Ula cecak kerep ditemoni mlebu ana ig omah, pawon utawa bangunan liyané, kerep uga ditemokaké ana ing lingkungan perkotaan. Ula kang aktif ing wayah wengi (nokturnal) iki luwih kerep mlaku ana ing nduwur lemah (terestrial), senajan pinter uga mènèk wit-witan (arboreal), jurang, lan tembok omah. Ing wayah awan, ula cecak luwih milih turu nggelung ing ing panggonan umpetané ing ngisor tumpukan kayu, watu, bolongan jurang, utawa ing pojok pojok omah. [1] [3]

Trep karo jenenge, mangsa mangsa kesenengané yaiku pira-pira jenis cecak; ananging dèwèké uga mangan kadal utawa tikus cilik. Ula cecak dadi diwasa nalika umuré sekitar rong taun.[3] Ula wédok ngendog nganti sekitar 11 iji.[1]

Ula cecak nyebar mulai saka Burma ing kulon, Cina bageyan lor, nganti Hong Kong ing sebelah wetan. marang kidul: Thailand, Vietnam, Laos, Kamboja, lan Semenanjung Malaya nganti Singapura. Uga Kepuloan Andaman, Maladewa, Indonesia, Filipina, nganti kepuloan Cook ing Samudera Pasifik (Australia).

Ing Indonesia ula iki kacathet ditemoni ing Sumatra, Kalimantan, Jawa, Bali, Sumbawa, Sumba, Komodo, Flores, Lomblen, Alor, Sawu, Roti, Timor, Wetar, Babar, Kalao, Selayar, Buton, lan Sulawesi. [4] [5]

Cathetan liyané[sunting | sunting sumber]

Ula cecak agresif lan bakal nyokot yèn keganggu utawa entes dicekel. Cokotané lumayan nglarani, utamané amerga nanané siung ing cangkem ngisor lan nduwur. Senajan mengkono ula iki ora nduwèni upas, sehingga bekas cokotané amung ngakibatakaké rasa perih lan sithik ana getihé.

Sakwisé diengu lan dibiasakaké ula iki bakal isa dadi lulut. Ula iki cukup mangas, lan isa ngentèkaké 2 nganti 3 cecek sajroné sedina.

Ula cecak sakdurungé dianggep minangka anak jenis saka ula omah Lycodon aulicus (Linn. 1758), ananging saiki dipertimbangaké minangka jenis kang déwé.[6] [1] (Gr. aulicus, manggoni omah).

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d David, P and G. Vogel. 1996. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history. Edition Chimaira. Frankfurt. pp. 95-96. ISBN 3-930612-08-9
  2. ^ a b Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore. p.69.
  3. ^ a b Daniel, J.C. 1992. The Book of Indian Reptiles. Bombay Nat. His. Soc. and Oxford Univ. Press. Bombay. pp. 89–90. ISBN 0-19-562168-9
  4. ^ (en) Lycodon capucinus pada The Reptile Database
  5. ^ Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu. p. 99-100. ISBN 983-812-031-6
  6. ^ Taylor, E.H. and R.E. Elbel. 1958. Contribution to the herpetology of Thailand. Univ. Kansas Sci. Bull. 38 (2):1033–1189.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ula_cecak&oldid=835294"