Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Uigwe utawa Panduan Upacara (의궤;儀軌) yaiku teks sejarah kang nulisake lan ngilustrasekake pirang-pirang proses upacara kenegaraan lan prastawa penting ing mangsa Dinasti Joseon (1392-1910), Korea.[1] Catatan iki duweni manfaat yaiku minangka panduan nalika nganakake upacara-upacara kawinan, panguburan, pesta, instruksi ngedegake bangunan istana lan kuburan, pirang-pirang kegiyatan kulawarga kerajaan lan nganakake pratawa-prastawa liyane.[1] Cathetan iki nulisake deskripsi kanthi pepak nenani daptar-daptar wong kang tumut ing sawijining acara, cacah, posisi lan tanggung jawab, piranti kang digunakake lan biaya kang dibutuhake.[1] Teks-teks iki disuguhake kanthi ilustrasi kang ana wernane kang nggambarake sawijining prastawa lan acara.[1] Uigwe duweni 3.430 volume kang akeh-akehe disimpan ing Universitas Nasional Seoul lan 296 volume ana ing Museum Nasional Perancis ing Paris.[1] Kaping 296 buku mau disita nalika tentara Perancis nyerang Pulo Ganghwa yaiku panggonan ngadegake Oegyujanggak utawa perpustakaan istana.[1] Amarga biji sejarahe kang dhuwur, Uigwe didaftarake minangka ''Warisan Memori Dunia'' UNESCO ing taun 2007.[2]
[sunting] Cathetan suku