Ubud
| Ubud | |
|---|---|
| — Town — | |
| Ubud | |
|
[[file:Cithakan:Location map Indonesia Bali|300px|Ubud is located in Cithakan:Location map Indonesia Bali]]<div style="position: absolute; z-index: 2; top: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; left: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; height: 0; width: 0; margin: 0; padding: 0;">
[[File:Cithakan:Location map Indonesia Bali|6x6px|Ubud|link=|alt=]]
<div style="font-size: 90%; line-height: 110%; z-index:90; position: relative; top: -1.5em; width: 6em; Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi">Ubud |
|
|
|
|
| Coordinates: 8°30′24.75″S 115°15′44.49″E / 8.506875°S 115.2623583°EKoordinat: 8°30′24.75″S 115°15′44.49″E / 8.506875°S 115.2623583°E | |
| Country | Indonesia |
| Province | Bali |
| Regency | Gianyar |
| Zona wektu | UTC+08 |
- Kagem Ubud minangka kecamatan, sumangga dipunpirsani Ubud, Gianyar.
Ubud inggih menika satunggalipun désa kelurahan ingkang mandhegani 13 banjar dhinas ingkang kapérang saking enem désa adat, kalebet Kecamatan Ubud, Kabupatèn Gianyar kanthi jarak 20 km saking Kutha Denpasar.[1] Saking Kutha Denpasar dhateng Ubud kinten-kinten 30 menit utawi 15 menawi saking Kutha Gianyar.[1] Wewengkon Ubud nggadhahi inggil kinten-kinten 300 saking permukaan laut, amargi menika Ubud nggadhahi hawa seger.[1] Warga ing Ubud cacahipun kinten-kinten 9.800 tiyang.[1] Kanthi lingkungan ingkang taksih alami, wewengkon menika kalebet wewengkon sumber inspirasi tumrap para seniman, kalebet seniman manca negari, utaminipun seniman saking Eropa.[1]
Sasanesipun nggadhahi alam ingkang éndah, Ubud ugi misuwur minangka désa budaya[2] ingkang sugih warisan sajarah para seniman ageng, utaminipun pelukis misuwur, kados I Gusti Nyoman Lempad (1862-1978), Anak Agung Gde Sobrat (1919-1992), I Gusti Made Deblog (1910-1986), I Gusti Ketut Kobot, Ida Bagus Made, Dewa Putu Bedil, Ida Bagus Rai, lan sanesipun.[1] Taun 1920-an wonten kalih pelukis saking Eropa inggih menika Rudolf Bonnet saking negari Walanda, lan Walter Spies saking jerman dados tiyang manca ingkang nglukis ing Ubud.[1] Kekalihipun tiyang menika nepangaken téknik éstetika Eropa utaminipun ing bab pencahayaan, bayangan, perspektif, lan anatomi.[1] Ubud dados langkung misuwur minangkaa wewengkon kalairan para seniman lukis amargi jasanipun Tjokordo Gde Agung Sukawati kaliyan Rudolf Bonnet ingkang damel satunggalipun pakempalan seniman ingkang dipunparingi nama Pita Maha.[3]
Pranala njawi[sunting]
Cathetan suku[sunting]
- ^ a b c d e f g h (id)Ubud Obyek wisata Bali dipunundhuh tanggal 8 Agustus 2011)
- ^ (id)Tempat Wisata Menarik di Bali - Ubud dipunundhuh tanggal 8 Agustus 2011)
- ^ (id)Ubud Monkey Forest dipunundhuh tanggal 8 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.