US Airways
US Airways iku sawijining maskapai pamaburan Amérika Sarékat. Maskapai pamaburan iki duwé markas ing Tempe, Arizona lan minangka sing paling gedhé kalima ing Amérika Sarékat. Diadegaké taun 1939 kanthi jeneng All-American Airways, US Airways saiki nduwèni 224 pesawat minangka bagéan saka armadané (sebagéan gedhé Airbus jinis anyar lan Boeing jinis lawas).
Wiwit taun 1979 nganti 1996, Maskapai iki jenengé USAir. Taun 2005, US Airways diakuisisi America West Holding Corporation, sing duwé America West Airlines. Direncanakaké ing taun 2007 kabèh operasi US Airways bakal kaintegrasi karo America West Airlines. Pangkalan US Airways dumunung ing patang kutha, yaiku ing Bandhara Internasional Charlotte/Douglas (Charlotte), Bandhara Internasional Philadelphia (Philadelphia), Bandhara Internasional Sky Harbor (Phoenix), Bandhara Internasional McCarran (Las Vegas).
Pranala jaba [sunting]
- (en) Situs resmi
| Anggota Star Alliance | ||
| Air Canada | Air New Zealand | ANA | Asiana Airlines | Austrian Airlines bmi | LOT Polish Airlines | Lufthansa | SAS | Singapore Airlines Spanair | TAP Portugal | Thai Airways | United Airlines | US Airways | Varig Anggota regional: Adria Airways | Blue1 | Croatia Airlines |