Tumpang sari

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
teknik tumpang sari
tuwuhan ing sabén

Tumpang sari inggih punika satunggaling cara utawi usaha nandur manéka warna jinising tuwuhan wonten ing papan lan wekdal ingkang sami, anggènipun nandur punika dipunatur kanthi larikan-larikan tuwuhan. Penanaman model punika saged dipuntrepaken wonten kalih utawi langkung tuwuhan ingkang relatif seumuran, tuladhanipun jagung kaliyan kacang utawo saged ugi kanggé tuwuhan kanthi umur ingkang béda [1].

Kanthi cara tumpang sari punika saged ngirit béaya anggènipun ngolah lahan ugi nginggilaken kasiling panèn. Teknik punika sajatosipun boten béda kaliyan ngolah lahan biyasa. Nanging para wong tani kedah njadwal wekdal nandur jinis-jinis tuwuhan ingkang badhé dipun-budidaya kanthi permati. Tuladhanipun para wong tani badhé nandur kembang kol, sawi, lan lombok wong tani mau kedah mangertosi sifating tuwuhan-tuwuhan mau [2].

Faktor lingkungan[besut | besut sumber]

Manawi badhé nenandur kanthi tèknik tumpang sari kanthi saé punika kedah nggatosaken faktor-faktor lingkungan ingkang wonten prabawaipun dhateng tuwuhan inggih punika kawontenan toya, cahya srengéngé, lan ama lelara [1][2]. Anggènipun nemtokaken jinising tuwuhan ingkang badhé dipundamel tumpang sari lan wekdal nandur punika kedah dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan toya. Perkawis punika kanthi ancas supados tuwuh lan produksinipun tuwuhan saged maksimal.

kesuburan lemah punika kedah dipun-gantos awit ngindari panyerepan hara lan toya wonten ing satunggal pétak lahan antar tuwuhan. Wonten ing pola nandur tumpang sari punika langkung saé milih tuwuhan ingkang oyotipun jero lan ingkang gadhah oyot ingkang cendhek. Sebaran srengénge ugi wigati sanget kanthi ancas supados tuwuhan ingkang dipundamel tumpang sari pikantuk cahya ingkang cekap amargi gadhah prabawa kasiling sintesa (glukosa).

Kanggé antisipasi wontenipun ama lelara supados ngirangi résiko serangan ama lan lelara ing pola tandur tumpang sari langkung sé dipuntandur tuwuhan ingkang gadhah jinis ama lan lelara ingkang béda-béda. Pérangan punika kanthi ancas supados boten dados inang saking ama lan lelara anduran sanès ingkang dipundamel tumpang sari.

Untungipun pola tumpang sari[besut | besut sumber]

Sistem nandur kanthi pola tumpang sari punika kathah untungipun katandingan kaliyan nandur kanthi ngginakaken pola tandur monokultur. Untungipun kados wonten ing ngandhap punika:

  • Populasi tuwuhan saged dipunatur miturut kersanipun piyambak.
  • Saged manfaataken lahan saha panyerepan cahya srengéngé.
  • Wonten ing satunggal lahan saged pikantuk produksi langkung saking satunggal komoditas.
  • Kombinasi manéka warna tuwuhan saged nyiptakaken jinis tuwuhan ingkang dados stabilitas biologis saéngga saged ngirangi serangan ama lan lelara saha nglestantunaken sumber daya lahan mliginipun kesuburan lemah.
  • Tasih saged pikantuk kasil nalika wonten satunggal tuwuhan ingkang boten saged kepanèn.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1] Archived 2011-01-07 at the Wayback Machine., (id) Introduksi tèknologi tumpangsari jagung dan kacang tanah (dipun-akses tanggal 15 Dhésèmber 2012).
  2. a b [2] Archived 2012-08-20 at the Wayback Machine., (id) http://www.anneahira.com (dipun-akses tanggal 15 Dhésèmber 2012).