Tuma kathok
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Tuma kathok | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Arthropoda |
| kelas: | Insecta |
| ordo: | Phthiraptera |
| Suborder: | Anoplura |
| kulawarga: | Pediculidae |
| Genus: | Pediculus |
| Species: | P. humanus |
| Subspecies: | P. h. humanus |
| Trinomial name | |
| Pediculus humanus humanus Linnaeus, 1758 |
|
Tuma kathok (Pediculus humanus humanus) isih nunggal spesies] karo seduluré, tuma sirah (Pediculus humanus capitis). Nanging, kéwan iki amung manggon ana ing sandhangan, ora ana ing rambut lan pindhah ana ing kulit nalika nyesep getih. Bédané uga, tuma kathok ngendhog ana ing sandhangan. Kéwan iki kalebu srangga kang ora nduwèni suwiwi. Kéwan iki tinemu ing saindhenging donya, dadi parasit tumrapé manungsa tanpa ndeleng ras.
Tuma kathok umumé tinemu ing awaké wong kang uripé ora resikan, utawa pancèn amarga kahanan umpamané kéré, pengungsi, korban perang utawa bencana.