Tukul Arwana
| Tukul Arwana | |
|---|---|
| Lair | Tukul Riyanto 16 Oktober 1963 (umur 49) |
| Jeneng liya | Tukul Arwana |
| Pagawéyan | Aktor Pelawak Presenter |
| Garwa | Susi Similikiti |
| Anak | Novita Eka Afriana Wahyu Jovan Utama |
| Website | |
| TukulArwana.com | |
Tukul Arwana, jeneng asliné Tukul Riyanto (lair ing Perbalan, Purwosari, Semarang, 16 Oktober 1963; umur 49 taun)[1] iki uwis fenomenal sak wisé tampil dadi host EMPAT MATA, acara bincang-bincang duwené TV Trans7.[1] Joke-joke seger lan banyolan khas Tukul kaya 'Kembali ke Laptop', 'tak sobek-sobek', 'katro', 'ndeso', 'silent please', 'puas-puas!', tekan tepuk tangan kaya kethek, dadi guyonan seger ing kalangan masyarakat, mulai saka pegawai kantoran tekan pelanggan warkop pinggir ndalan.[1] dudu hal kang gampang kanggo ditampa lan disenengi masyarakat, pria kelairan 16 Oktober 1963 iki kudu berjuang saka nol kanggo dadi entertainer ngetop koyo saiki.[1] Tukul hijrah ing Jakarta amrga dijak kanca-kancane Joko Dewo lan Tony Q Rastafara.[2] Lontang-lantung ing kontrakan ing bilangan Blok S [[Jakarta[[ Selatan Tukul banyak direwangi Joko Dewo lan Tony Q Rastafara kanggo menuhi kebutuhan sehari-hari.[2]
Tukul kang saka cilik kerep ngelawak ing panggung tujuh belasan tingkat RT, uga tau dadi sopir omprengan wektu ana ing Semarang, Nasibé Tukul tambah mujur wektu diajak dolanan Lenong Rumpi karo Ramon Tommybens.[3] titik balik kariré Tukul nambah wektu dadi pendamping Joshua ing video klip Air karo icon diobok-oboké.[2] Tukul Arwana malah tambah terkenal wektu TPI mercayakaké dadi Host acara musik "Aduhai" lan Acara "Dangdut Ria" ing Indosiar.[3]
Tukul dipandang sebelah mata wektu dijalok dadi host EMPAT MATA, maklum rai ndeso lan lawakan Tukul dinilai kurang berbobot lan menjual.[1] tanapi pendapat miring kasebut sukses diilangi Tukul, buktiné acara kang kawitan diputer ing TV7 iki sukses dikebaki penonton angger episodené. [1] opomaneh penggemar setiane Tukul lila waiting list kanggo nonton aksi kocak pria berkumis lele kang kerep ngerjani bintang tamuné iki.[1] Dheweké tetep low profile, meski sudah ngetop dan kaya, Tukul ora seneng neko-neko, Tukul tetep dadi bapak lan garwa kang apik kanggo Susiana lan putriné Vita. [1] dadi presenter, mungkin pengalaman Tukul isih kuranga.[1] Tapi dheweké fenomenal hingga mampu narik perhatian publik. [1] ora gumun dheweké sukses menyabet piala kategori Presenter Talkshow. [1]
Karir [sunting]
Karir Tukul Arwana[3]:
- 1979 - 1983: Juara lawak Semarang lan Jawa Tengah.
- 1995 - 2000: Penyiar radio Suara Kejayaan
- 1997: mbintangi klip video Joshua.
- 1998: tampil ing pangung karo Srimulat.
- 2006 - saiki: Pembawa acara Empat Mata ing stasiun televisi Trans7
Filmografi [sunting]
Film-film kang pernah dibintangi dening Tukul Arwana[3]:
- "Otomatis Romantis" (2008)
- "Cinlok" (2008)