Tuk umbul
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Umume banyu lemah sinimpen ing sajerone lemah lan bisane metu merga dikedhuk wujud sumur, blumbang, utawa ing ledhokan kayata belik lan kali. Nanging ing papan-papan tinamtu, uga ana tuk kang bisa muncar nganti mubal saka jero lemah. Kahanan kaya iki merga ing papan kono dhuwure banyu lemah luwih dhuwur tinimbang lemahe, sahengga nalika ana bolongan kanggo metune banyu, mula katon dadi kaya banyu kang mumbul saka sakjeroning lemah.