Trompèt
| Instrumèn sebul | |
|---|---|
| Klasifikasi |
Instrumèn sebul |
| Klasifikasi Hornbostel–Sachs | 423.233 |
| Jangka | |
| in B flat: sounds a whole tone lower | |
| Instrumèn kagandhèng | |
| Flugelhorn, Cornet, Bugle, Natural trumpet, Bass trumpet, Post horn, Roman tuba, Bucina, Shofar, Conch, Lur, Didgeridoo, Piccolo trumpet |
|
Trompèt iku salah siji piranti musik kang cara nggunakaké kanthi disebul. Piranti iki kagawé saka bahan logam. Ana ing panggonan paling dhuwur ing antarané tuba, eufonium, trombon, sousafon, French horn, lan Bariton. Trompèt ing-pitch B♭.
Trompèt mung nduweni telung papan kanggo dipenyet, tukang main trompet kudu isa anggone ngatur embouchure supaya isa ngasilake nada utawa laras kang beda.
Bab lan Paragraf |
Jenising trompèt [sunting]
Trompet kang lumrah iku kang awujud trompet B♭, nanging trompet C, D, E♭, E, F, G lan A uga ana. Trompet C paling akeh digunakake ing orkestra Amerika, kanthi wujud kang luwih cilik ndadèkaké suwara kang diasilaké luwih apik tinimbang trompèt B♭.
Dolalan trompèt [sunting]
Kabèh wong mesthi bisa dolanan trompèt, nanging kanggo wong kang pagaweane nggunakake trompet minangka piranti seni musik dibutuhake ambegané sing dawa lan kuwat. Umume wong kang seneng ngrokok, rada angel yen dadi pemain trompet, amarga ambegane luwih cendhak tinimbang wong kang ora ngrokok.