Trenggiling
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Trenggiling[1] | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Pholidota |
| kulawarga: | Manidae |
| Genus: | Manis |
| Species: | M. javanica |
| Jeneng binomial | |
| Manis javanica Desmarest, 1822 |
|
Trenggiling (Manis javanica syn. Paramanis javanica) iku wakil saka ordo Pholidota sing isih ditemokaké ing Asia Kidul-Wétan. Kéwan iki mangan srangga lan utamané semut lan rayap. Trenggiling urip ing alas udan tropis dhataran cendhèk. Trenggiling uga sok ditepungi minangka anteater.
Wangun awaké dawa, mawa ilat sing bisa dijulurké nganti saprotelon dawané awaké kanggo golèk sumut ing susuhé. Rambuté kamodhifikasi dadi sisik gedhé sing kasusun mbentuk tameng malapis-lapis minangka alat njaga dhiri. Yèn diganggu, trenggiling bakal nggulung awaké kaya bal. Trenggiling isa uga ngobat-abitké buntuté, saéngga sisiké bisa natoni kulit pengangguné.
Trenggiling kaancam kalestariané merga habitaté kaganggu sarta dadi obyèk perdagangan kéwan liar.
Réferènsi [sunting]
- ^ Cithakan:MSW3 Schlitter
- ^ Pangolin Specialist Group (1996). Manis javanica. 2006 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2006. Diakses 11 May 2006.