Trembesi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Ki hujan/trembesi | |
|---|---|
| Ki hujan | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Fabales |
| kulawarga: | Fabaceae |
| Subkulawarga: | Mimosoideae |
| Genus: | Samanea |
| Species: | S. saman |
| Jeneng binomial | |
| Samanea saman (Jacq.) Merr. |
|
Trembesi utawa Ki hujan, utawa pohon hujan, (Samanea saman (Jacq.} Merr.) minangka tetanduran wit-witan gedhé, dhuwur, kanthi tajuk sing amba banget. Tanduran iki naté populèr minangka tanduran pangayom. Oyodé sing ngambra-ambra andadèkaké kurang populèr amarga bisa ngrusak dalan lan wangunan ing saubengé. Jeneng Ki Hujan, asalé saka anané banyu sing kerep nètès saka tajuké amarga kemampuan nyerep banyu lemah sing kuwat sarta kotoran saka kéwan tonggèrèt sing manggon ing wit mau.
Tanduran iki asal saka Amérika tropis nanging saiki kasebar ing saindhenging daerah tropis. Ing sawetara panggonan malah dianggep ngganggu awit tajuké ngganggu tanduran liya kanggo urip.