Toyota Kijang
Toyota Kijang yaiku modhèl montor niaga lan kluwarga gaweyan Toyota kang kalebu mobil kang paling populer kanggo kelas MiniBus ing Indonésia. [1]Toyota Kijang ana ing Indonésia wiwit taun 1977 lan saiki kalebu salah sijiné modhél saka Toyota lan paling laris ing negara Indonésia iki.[1] Saiki mobil iki bisa ditemokake kanthi gampang ing kabéh dhaérah ing Indonésia.[1]
Kesuksèsan Toyota Kijang nduwéni pengaruh yaiku akéhé montor-montor kang jinis lan bentuké niru konsèp saka Toyota Kijang.[1] Contoné akéh mobil kang jenengé dijupuk saka jeneng kéwan, kayata Isuzu Panther lan Mitsubishi Kuda.[1] Saliyané ing Indonesia, sadurunge ana generasi "Innova", Toyota Kijang uga didol ing negara Malaysia kanthi jeneng "Unser".[1]
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Generasi I (1977-1980) [sunting]
Sejarah Prodhuksi [sunting]
Toyota Kijang generasi kang sepisanan dipublikasikaké nalika taun 1977.[2] Nalika iku para perancang mobil iki tau ora yakin yèn mobil iki bisa ditampa ing pasaran.[2] Iki amarga Mitsubishi Colt kalebu jinis kendaraan kang wis ndominasi pasar mobil mini bus nalika iku.[2] Generasi kang sepisanan Toyota Kijang nerapaké konsep pickup kanthi bentuk kothak.[2] Modhél iki kerep diarani "Kijang Buaya" awit tutup kap mesiné kang bisa bibukak nganti tekan pinggir. Kijang generasi kang sepisanan iki digawé nganti taun 1980.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.