Tornado
Tornado yaiku kolom udhara muter kanthi banter kang gawé hubungan antarané méga cumulonimbus utawa ana ing kadadeyan langka saka dasaré méga cumulus karo lumahing bumi.[1] Tornado metu biasane ukurane ora padha, lan biasane tornado kuwi mbentuk corong kondensasi sing wanguné kaya kukusan kang pucuk ngisor kang ngambah lemah kuwi wujudé cilik lan biasané terus dikubengi karo puing-puing.[1] Umume tornado kecepatane bisa nganti 177 km/jam utawa luwih kanthi rata-rata jangkauane yaiku 75 m lan bisa mlaku nganti pirang-pirang kilometer sakdurunge ilang.[1] Ana uga tornado kang kecepatane bisa nganti kecepatan angin luwih saka 300-480 km/jam la tornado kuwi ambane bisa nganti sakmil luwih utawane 1.6 km lan ana ing lemah bisa nganti 100 km adohe.[1]
Meski tornado wis sering diamati ana ing saben benua sakliyane Antartika, tornado malah luwih sering kedaden ana ing Amerika Serikat.[1] Tornado umume uga sering kedaden ana ing Kanada sisih kidul, kidul-tengah lan wetan Asia, wetan-tengah Amerika Latin, Afrika Selatan, kulon-segara lan tengah Eropa, Italia, kulon lan kidul Australia, lan uga ana ing Selandia Baru.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e Perkins, Sid (2002-05-11). "Tornado Alley, USA". Science News. pp. 296–298. http://www.sciencenews.org/articles/20020511/bob9.asp. Retrieved 2006-09-20.
- ^ "Doppler On Wheels". Center for Severe Weather Research. 2006. http://cswr.org/dow/DOW.htm. Retrieved 2006-12-29.