Torino
-
Artikel punika isinipun ngéngingi Torino.Kanggé Provinsi Torino, pirsani Torino (disambiguasi).
Torino (basa Italia: Torino, basa Inggris: Turin) kuwi sawijining kutha perindustrian, klebu pusat bisnis lan kabudayan ing bagéan kulon-lor Italia, ibukutha region Piemonte lan dumunung ing pinggir kulon Kali Po. Populasi kutha yakuwi 908.000 (sensus 2004), banjur nambah dadi 1,7 yuta pedunung, nanging wilayah metropolitané nduwé pedunung watara 2,2 yuta.
Torino misuwur minangka panggonan dunungé Kain Kafan saka Turin kang disimpen ing Katedral Santo Yohanes Pembaptis. Torino nduwé loro klub bal-balan kang misuwur, Juventus lan Torino Calcio. Liyané kuwi, Torino uga minangka panggonan markas perusahaan otomotif FIAT. Torino uga dadi tuan rumah Olimpiade mangsa anyep Torino 2006 lan Universiade Mangsa anyep 2007.
Jaman biyèn Torino tau dadi ibukutha pisanan Italia.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Jeneng Torino asal saka tembung Tau, tembung jroning basa Celtic kang tegesé pagunungan. Jroning basa Italia, Torino tegesé "sapi cilik". Ing jaman pra-Romawi, wilayah iki dipanggoni déning bangsa Taurini.
Ing abad kasiji sadurungé Masehi (kira-kira taun 28 SM), bangsa Romawi ngadegaké perkemahan militer (Castra Taurinorum), kang didedikasèkaké marang kaisar Augustus (Augusta Taurinorum). Wektu iku, Torino dipanggoni déning 5.000 pedunung, kabèh manggon ana ing jero témbok kang dhuwur.
Sawisé runtuh Karajaan Romawi, Torino dikuwasani déning bangsa Lombards, banjur déning bangsa Franks. Taun 942, Contea di Torino didegaké, lanwiwit taun 1050 dikuwasani déning Counts of Savoy.
Arsitektur & panggonan wigati [sunting]
Gereja [sunting]
- Katedral Torino (Duomo di Torino)
- Basilika Superga
- Basilika Maria Ausiliatrice
- Sangtuari Santa Rita
Wangunan penting [sunting]
- Mole Antonelliana
- Museum Mesir
- Palazzo Madama
- Palazzo Reale
- Palazzo Carignano
Universitas [sunting]
Kutha kembar [sunting]
Chambéry, Perancis
Cologne, Jerman
Detroit, Amerika Serikat
Volgograd, Rusia- Cithakan:Bendera belanda Rotterdam, Belanda
- Cithakan:Bendera luxemburg Esch-sur-Alzette, Luxemburg
- Cithakan:Bendera belanda Liège, Belgia
Lille, Perancis
Campo Grande, Brazil
Córdoba, Argentina
Glasgow, Skotlandia
Salt Lake City, Amerika Serikat
Haifa, Israel
Nagoya, Jepang
Quetzaltenango, Guatemala
Shenyang, China