Tohpati
| Tohpati Ario Hutomo | |
|---|---|
| Lair | Tohpati Ario Hutomo 25 Juli 1971 (umur 41) |
| Jeneng liya | Tohpati |
| Pagawéyan | musisi |
| Taun aktif | 1992 - saiki |
| Mrebawani marang | Trisum Tohpati Ethnomission Tohpati Bertiga |
| Kaprabawan déning | Pat Metheny |
| Garwa | Ratih Mustikawati |
| Mitra | Dewa Budjana Balawan Indro Hardjodikoro |
| Anak | Kanti Tisti |
| Website | |
| tohpati-music.com | |
Tohpati Ario Hutomo (lair ing Jakarta, 25 Juli 1971; umur 41 taun).[1] Tohpati Ario Hutomo luwih ditepungi kanthi jeneng Tohpati.[1] Tohpati yaiku salah sijiné gitaris lan penulis lagu kang asalé saka Indonésia.[1] Tohpati kalebu salah sijiné gitaris jazz kang misuwur.[1] Iki amarga Tohpati kerep tampil ing TV karo penyanyi-penyanyi pop kayata Krisdayanti, Glenn Fredly, Rossa, Chrisye, lan liya-liyané.[1] Tohpati nduwèni karya-karya kang nggabungaké èlemèn kabudayan tradhisional lan modhèrn.[1] Iki jumbuh karo usahané kang nggawé kolaborasi antarané unsur modhèrn lan unsur tradhisional Indonésia ing musik-musik kang digawé.[1] Aliran musik jazz kang dinduwèni Tohpati akèh éntuk pangaruh saka gitaris-gitaris jazz kang misuwur ing donya.[1] Ananging kang paling akèh yaiku pangaruh saka gaya musik khas Pat Metheny.[1]
Wiwitan karir [sunting]
Nalika isih remaja, Tohpati wis kerep pentas ing panggung-panggung kang ana ing Jakarta.[2] Tohpati uga tau éntuk gelar gitaris paling apik ing Fèstival Band se-DKI nalika umuré lagi 14 taun.[2] Taun 1989 Tohpati uga kepilih dadi Gitaris Paling Apik fèstival Band sa-Jawa.[2] Ing taun iku uga, Tohpati éntuk gelar dadi Gitaris Paling Apik ing Yamaha Band Explosion tingkat Nasional.[2]
Taun 1993, Tohpati nggabung ing grup "Simak Dialog" kang anggotangé Riza Arshad, Arie Ayunir, lan Indro Hardjodikoro.[2] Bareng karo "Simak Dialog" Tohpati wis nggawé album kang cacahé telu yaiku Lukisan, Baur, dan Trance / Mission.[2]