Tlaga Maninjau
| Maninjau | |
|---|---|
| Lokasi | Kabupatèn Agam, Sumatra Kulon, Indonésia |
| Koordinat | 0°19′S 100°12′E / 0.317°S 100.2°E |
| Jenis tlaga | Tlaga vulkanik |
| Ilènan metu utama | Batang Sri Antokan |
| Ana ing negara | Indonesia |
| Dawa maks. | 16 km |
| Amba maks. | 7 km |
| Wiyar lumahing tlaga | 99.5 km² |
| Jero rata-rata | 105 m |
| Jero maks. | 165 m |
| Volume air | 10.4 km³ |
| Dawa pinggirané tlaga1 | 52.68 km |
| Kadhuwuran lumahing tlaga | 459 m |
| Pulo | Sumatra |
| 1 Dawa pinggirané tlaga ora pati cetha dhéfinisiné. | |
Tlaga Maninjau yaiku tlaga kang ana ing kecamatan Tanjung Raya, Kabupatèn Agam, provinsi Sumatra Kulon, Indonésia.[1] Tlaga iki sekitar 140 kilometer sisih lor Kutha Padang, ibukutha Sumatra kulon, 36 kilometer saka Bukittinggi, 27 kilometer saka Lubuk Basung, ibukutha Kabupatèn Agam.[1]
Maninjau kuwi kalebu Tlaga vulkanik kang dhuwure 461,50 meter.[1] Ambane Tlaga Maninjau sekitar 99,5 km² lan jerone 495 meter.[1] Cekungane kuwi amarga gunung Sitinjau kang mbledos, saengga dadi cekungan miturut legenda masyarakat.[1] Kuwi bisa dideleng saka bentuke kang kaya tembok. Miturut legenda ing Ranah Minang, anane Tlaga Maninjau ana gegayutane karo crita Bujang Sembilan.[1]
Tlaga Maninjau duweni sumber banyu kanggo kali kang jenege Batang Sri Antokan.[2] Aana ing salah siji bagian Tlaga kang kalebu hulu saka Batang Sri Antokan ana PLTA Maninjau.[2] Pucuk paling dhuwur ing ing sakubenge Tlaga Maninjau dikenal kanthi jeneng Puncak Lawang.[2] Tlatah wisata Tlaga Maninjau saka arah Bukittinggi bisa nglewati dalan kang menggok-menggok utawa misuwur kanthi jeneng dalan Kelok 44 dawane kurang luwih 10 km wiwit saka Ambun Pagi nganti tumuju tekan Maninjau.[2] Tlaga iki kacathet uga kalebu Tlaga kang paling amba nomor 11 ing Indonésia.[2]