RMS Titanic

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Titanic)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kapal Titanic

RMS Titanic yaiku kapal penumpang darbèné White Star Line.[1] Titanic dibangun ing galangan kapal Harland and Wolff ing Belfast, Irlandia Lor. Titanic didesain kanggo nyaingi kapal RMS Lusitania lan RMS Mauretania duwèké Cunard Line.[1] Titanic, digawé bareng karo kapal kembaré ya iku RMS Olympic.[1] Kapal Titanic iku minangka salah siji saka telu kapal kelas Olympic, ya iku RMS Titanic , RMS Olympic lan Britannic.[1] Britannic jenengé kang sepisan yaiku Gigantic, jeneng iki nduwèni tujuwan supaya dadi kapal kang paling apik lan paling gedhé ing donya.[1] Kapal Titanic digawé lan dibayari déning wong sugih ing Amérika kang jenengé J.P. Morgan lan parusahan International Mercantile Marine Co.[1] Titanic digawé tanggal 31 Maret 1909.[1] Awaké kapal Titanic dadi tanggal 31 Mei 1911, lan kabèh ubarampéné dadi tanggal 31 Maret 1912.[1]

Titanic dianggep dadi puncak arsitèktur lan nduwèni tèknologi kang canggih.[1] Titanic dianggep kapal kang ora bakal ambles ing segara déning kalawarti Ship Builders.[1] Titanic dadi kapal uwab kang paling gedhé ing jamané.[1]

Nalika berlayar kang sepisanan Titanic nabrak gunung ès nalika jam 23:40 wektu kapal tanggal 14 April 1912 lan ambles ing njero segara kurang luwih jam 02:20 ésuk nalika dina Senèn.[1]

Kapal Titanic kang kèrem ing tengah Samudra Atlantik dadi sambékala segara kang paling gedhé jroning sejarah.[2]

Nalika jaman semana, Titanic migunakaké tèknologi paling maju, saéngga wong ora percaya yèn Titanic bakal bisa kèrem. [2] Rong jam sawisé Titanic ambles, kapal Carpathia teka lan nylametaké wong-wong kang isih urip. [2] Ing gladhak kapal Carpathia dianakaké donga khusus kanggo ndongakaké wong-wong kang dadi korban, lan nalika jam 08:50 ésuk, kapal Carpathia mlaku tumuju New York lan tekan New York tanggal 18 April 1912. [2]

Nalika santunan jiwa diwènèhaké, White Star Line nyéwa kapal MacKay-Bennett kanggo ngévakuasi jisim.[2] Cacahé jisim kang ditemokaké 338 wong.[2] Jisim mau akèh-akèhé diévakuasi ing Halifax, Nova Scotia, ananging jisim kang ora ditepungi dikuburaké ing Pasaréyan Fairview.[2]

Dimensi lan pengaturan[sunting | sunting sumber]

Titanic nduwèni dawa 882 feet 9 inci lan amba maksimum 92 feet,6 inci. Dhuwur sakabèhané, diukur saka dhasar lunas menyang pucuk anjungan, ana 104 feet. [3] Kapal iki boboté ana 46.328 ton lan daya amot 34 feet 7inci, kapal iki nduwèni bobot total 52.310 ton.[4]

Rancangan sisih RMS Titanic

Katelu kapal kelas Olympic nduwèni sewelas geladhak (ora kalebu kantor perwira ing bagéyan ndhuwur), wolu ing antarané dianggo penumpang. Saka ndhuwur mangisor, geladhak-geladhak kasebut ya iku:

Diagram irisan bagéyan tengah Titanic
  • Boat Deck, papan sekoci didèlèh. Ing jam-jam pisanan 15 April 1912, saka kéné sekoci Titanic diudhunaké menyang Samudra Atlantik Lor. Anjungan lan ruwang kemudi ana ing ujung ngarep, ing ngarep kantor kapten lan perwira. Anjungan dumunung 8 feet ing ndhuwur geladhak, njorok arah sisih supaya kapal bisa diawasi nalika merapat. Ruwang kemudi dumunung persis ing buri lan ndhuwur anjungan. Lawang mlebu menyang Grand Staircase Kelas Siji lan gimnasium ana ing tengah kapal bebarengan karo lounge Kelas Siji, sauntara ing buri geladhak ya iku payon ruwang cerutu Kelas Siji lan lawang mlebu Kelas Loro sing relatif sederhana. Geladhak berlapis kayu iki terbagi dadi empat teras terpisah; secara berurutan kanggo perwira, penumpang Kelas Siji, teknisi lan penumpang Kelas Loro. Sekoci jèjèr-jèjèr ing sisi geladhak, nglumpati wilayah Kelas Siji supaya pemandangan saka kana ora kaganggu.[5][6]
  • A Deck, uga disebut Promenade Deck, mbentang sadawaning struktur super iki, ya iku 546 feet. Geladhak iki dirancang khusus kanggo penumpang Kelas Siji lan isi kabin Kelas Siji, lounge Kelas Siji, ruwang cerutu, ruwang waca tulis lan Palm Court.[5]
  • B Deck, utawa Bridge Deck, ya iku geladhak ndhuwur penopang bobot sekaligus tataran paling dhuwur lambung kapal. Sebagéyan gedhé akomodasi penumpang Kelas Siji dibangun ing kéné, dilengkapi enem kamar istana (kabin) sing nduwèni teras dhéwé-dhéwé. Ing Titanic, A La Carte Restaurant lan Café Parisien nyadiakaké fasilitas mangan méwah tumrap para penumpang Kelas Siji. Kaloroné dioperasèkaké déning koki lan staf subkontrak; kabèh tiwas jroning sambékala. Ruwang cerutu Kelas Loro lan aula lawang mlebu ana ing geladhak iki. Geladhak haluan kapal sing kaangkat dumunung ing ngarep Bridge Deck lan dumadi saka palka Nomor 1 (palka utama tumuju ruwang kargo), manéka warna mesin lan jangkar. Geladhak iki katutup kanggo penumpang; adegan mabur sing misuwur ing haluan kapal ing film Titanic taun 1997 sabeneré ora bakal mungkin. Buritan Bridge Deck ya iku Poop Deck sing diunggahaké, kanthi dawa 106 feet, digunakaké minangka teras kanggo penumpang Kelas Telu. Ing kana papan bertahan pungkasan tumrap akèh penumpang lan awak Titanic nalika kapal kèrem. Geladhak haluan lan Poop Deck kapisah saka Bridge Deck liwat dek mudhun.[7][8]
  • C Deck, utawa Shelter Deck, ya iku geladhak paling dhuwur sing mbentang langsung saka ujung haluan menyang ujung buritan kapal. C Deck dumadi saka loro geladhak turun; geladhak buritan ya iku bagéyan saka papan jalan-jalan Kelas Telu. Kabin awak dumunung ing ngisor geladhak haluan lan ruwang umum Kelas Telu dumunung ing ngisor Poop Deck. Ing antara kaloroné ya iku sebagéyan gedhé kabin Kelas Siji lan perpustakaan Kelas Loro.[7][9]
  • D Deck, utawa Saloon Deck, didmonasi déning telung ruwang umum ukuran gedhé – Ruwang Resepsi Kelas Siji, Ruwang Makan Kelas Siji, lan Ruwang Makan Kelas Loro. Sawijining ruwang kabuka uga dibangun kanggo penumpang Kelas Telu. Para penumpang Kelas Siji, Loro, lan Telu nduwèni kabin ing geladhak iki, dipepaki kamar turu kanggo juru api sing dumunung ing haluan. Geladhak iki ya iku tingkat paling dhuwur sing digayuh sekat kedhap banyu kapal (senadyan mung wolu saka limolas sekat).[7][10]
  • E Deck, utawa Upper Deck, luwih dimanfaatake kanggo akomodasi penumpang kanggo kabeh kelas ditambah kamar turu koki, pelaut, pelayan, lan penghias. Ing sadawaning geladhak iki, ana siji lorong dawa sing dijuluki Scotland Road déning para awak, ngarujuk marang jeneng dalan misuwur ing Liverpool.[7][11]
  • F Deck, utawa Middle Deck, ya iku geladhak pepak sing pungkasan lan didominasi akomodasi kanggo penumpang Kelas Telu. Ana uga sawetara kabin Kelas Loro lan akomodasi awak. Ruwang mangan Kelas Telu dumunung ing kéné, semono uga kolam renang lan padusan Turki.[7][11]
  • G Deck, utawa Lower Deck, ya iku geladhak pepak paling ngisor sing ngangkut penumpang, lan nduwèni jendhéla kapal paling ngisor, tepat ing ndhuwur garis banyu. Lapangan squash dumunung ing kéné bersama kantor pos lumaku, papan para petugas layang nyortir layang lan parsel kanggo dikirimaké sawisé kapal merapat ing dermaga. Bahan pangan uga disimpen ing kéné. Ing sawetara panggonan, geladhak iki ditembus déning geladhak orlop (setengah) ing ndhuwur ruwang kètèl, mesin, lan turbin.[7][12]
  • Orlop Decks lan Tank Top dumunung ing tingkat paling cendhèk kapal, ing ngisor garis banyu. Geladhak orlop dianggo kanggo ruwang kargo, sauntara Tank Top – bagéyan ngisor paling jero ing lambung kapal – nduwèni ruwang papan kanggo kètèl, turbin, lan generator listik kapal dipasang. Bagéyan kapal sing siji iki didominasi déning ruwang mesin lan kètèl, papan-papan sing ora biasa dideleng penumpang. Kaloro ruwang iki kahubung karo tataran paling dhuwur ing kapal liwat rangkaian trap/andha; loro tangga spiral cedhak haluan mènèhi aksès menyang D Deck.[7][12]

Fitur[sunting | sunting sumber]

Mesin, kètèl, lan generator[sunting | sunting sumber]

Pemandangan sisih kiwa buri Olympic sing nampilaké kemudi lan baling-baling tengah lan sisih kiwa [13]. Bandingkna ukurané karo priya ing ngisor gambar.

Titanic dipepaki telung mesin - loro mesin uwab telu ekspansi papat silinder bolak-balik lan siji turbin Parsons mawa tekanan cendhèk ing tengah - sing siji lan sijiné ndhorong siji baling-baling. Loro mesin bolak-balik nduwèni kakuwatan gabungan sing gedhéné 30.000hp lan sisa 16.000hp asal saka turbin.[3] White Star Line sadurungé kasil nganggo kombinasi mesin sing padha karo ing kapal SS Laurentic.[14] Gabungan iki mènèhi kombinasi performa lan kacepetan sing apik; mesin bolak-balik iku dhéwé ora cukup kuwat kanggo nyurung sawijining kapal kelas Olympic ing kacepetan sing dikarepaké, sauntara turbin lumayan kuwat nanging ngakibataké getaran sing ora nyaman, siji masalah sing mengaruhi kapal-kapal sarwa turbin milik Cunard, Lusitania lan Mauretania.[15] Kanthi nggabungaké mesin bolak-balik karo sawijining turbin, konsumsi bahan bakar bisa dikurangi lan tenaga motif ningkat kanthi gunggung uwab sing padha.[16]

Rong mesin bolak-balik ukuran raseksa, sing dawané 63 feet lan bobot 720 ton. Pelat dasaré bobot 195 ton.[15] Kaloro mesin disurung tenaga uwab sing dihasilkan 29 kètèl, 24 ing antaranya berujung ganda lan 5 berujung tunggal, sing dumadi saka 159 tungku sacara sakabèhané.[17] Kètèl-kètèl kasebut nduwèni diamèter Cithakan:Convert/LoffAoffDbSoff2 lan sadawané 20 feet, nduwèni bobot 91,5 ton lan mampu nampung 48,5 ton banyu.[18]

Kètèl iki dipanasaké déning pembakaran batu bara, 6.611 ton ing antarané ditampung ing bunker Titanic lan 1.092 ton sisané disimpen ing Hold 3. Tungku-tungku kasebut mbutuhaké luwih saka 600 ton batu bara sedina sing disodok mlebu nganggo tangan, saéngga mbutuhaké tenaga 176 juru api sajroning 24 jam.[19] 100 ton awu saben dina dibuwang kanthi nglepasaké menyang segara.[20] Pekerjaan seperti iki tampak keras, kotor, lan berbahaya, meski digaji relatif gedhé,[19] ana tingkat bunuh diri sing tinggi ing antara para juru api sing menjalaninya.[21]

Uwab buwangan sing ninggalaké mesin bolak-balik dilebokaké menyang turbin ing buritan. Saka kana, uwab diterusaké menyang kondensator saéngga bisa diembunkan dadi banyu lan dianggo lagi.[22] Mesin-mesin terpasang langsung dengan tangkai dawa sing mengendalikan baling-baling. Ana telu baling-baling, siji kanggo saben mesin; baling-baling paling njaba (utawa sisih) ya iku sing paing gedhé, dumadi saka telung bilah aloi mangan-perunggu kanthi diamèter total 23.5 feet.[18] Baling-baling tengah diamèter 17 feet,[23] bisa diendhegaké, nanging ora bisa dimunduraké.

Pembangkit listrik Titanic mampu ngasilaké luwih akeh listrik tinimbang siji pembangkit listrik kutha ing mangsa semana.[24] Buritan mesin turbin kaisi déning papat generator listrik tenaga uwap 400kW sing digunakan kanggo menyediakan tenaga listrik kapal, plus loro generator pembantu 30 kW kanggo keperluan darurat.[25] Tempatnya ana ing buri kapal, saéngga isih sempat operasi nganti menit-menit pungkasan sadurungé kapal kèrem.[26]

Fasilitas tèknis[sunting | sunting sumber]

Kemudi Titanic ukurane lumayan gedhé – dhuwuré 78 feet 8inci lan dawané 15 feet 3inci, kanthi bobot luwih saka 100 ton – saéngga dibutuhaké mesin kemudi kanggo ngobahaké. Loro mesin kemudi mawa kakuwatan uwab dipasang senadyan mung siji sing dianggo, sauntara siji manèh minangka cadangan. Kaloroné kahubung karo tangkai kemudi cendhek liwat per keras kanggo ngisolasi mesin kemudi saka kejutan apa waé akibat segara keras utawa owah-owahan arah sing cepet.[27] Minangka pilihan pungkasan, tangkai kemudi bisa dipindahaké nganggo tali sing kahubung karo loro puteran jangkar uwab.[28] Putaran jangkar iki uga digunakaké kanggo ngunggahaké lan ngudhunaké lima jangkar kapal (siji ing kiwa, siji tengen, siji tengah, lan loro jangkar lengkung).[28],

Kapal iki nduwèni sistem pengaliran banyuné dhéwé, sing mampu manasaké lan mompa banyu menyang saisi kapal liwat jaringan pipa lan katup sing rumit. Suplai banyu utama digawa menyang kapal nalika Titanic isih ing pelabuhan, anangig jroning kahanan darurat pun kapal mampu nyuling banyu tawar saka segara, senadyan bab iki dudu proses langsung amarga saluran distilasi gampang kasumbet endhapan faram. Sarangkéyan saluran kaisolasi ngangkut udhara anget menyang saisi kapal sing asal saka kipas listrik, lan kabin Kelas Siji dipepaki pemanas listriké dhéwé.[24]

Titanic dipepaki telegraf nirkabel jeda percik kakuwatan 1,5 kW sing dipasang ing ruwang radio Geladhak Anjungan. Siji set dianggo kanggo ngirim pesan lan siji manèh, ing bilik kedhap swara, kanggo nampa pesen. Sinyal dipancaraké liwat loro kabel paralel sing dibentang ing antara menara-menara kapal, 50 feet ing ndhuwur cerobong kanggo ngindari keluk korosifé.[24] Sistem iki ya iku salah siji sing paling canggih ing donya kanthi jangkauan nganti 1.000 mil.[29] Sistem iki diduwèni lan dioperasèkaké déning Marconi Company, dudu White Star Line, lan mung kanggo para penumpang, dudu operasi kapal. Fungsi loro operator nirkabel – kaloroné karyawan Marconi – ya iku ngoperasèkaké layanan telegram nirkabel 24 jam kanggo penumpang. Karyawan iki uga nerusaké pesen profesional kapal kayadéné laporan cuaca lan peringatan ès.[30]

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l (en)[Eaton, John P. and Haas, Charles A. Titanic: Triumph and Tragedy (2nd ed.). W.W. Norton & Company, 1995 ISBN 0-393-03697-9]
  2. ^ a b c d e f g (en)[Lynch, Donald and Marschall, Ken. Titanic: An Illustrated History. Hyperion, 1995 ISBN 1-56282-918-1]]
  3. ^ a b McCluskie 1998, hlm. 22.
  4. ^ Chirnside 2004, hlm. 319.
  5. ^ a b Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 47.
  6. ^ Gill 2010, hlm. 229.
  7. ^ a b c d e f g Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 48.
  8. ^ Gill 2010, hlm. 232.
  9. ^ Gill 2010, hlm. 233.
  10. ^ Gill 2010, hlm. 235.
  11. ^ a b Gill 2010, hlm. 236.
  12. ^ a b Gill 2010, hlm. 237.
  13. ^ Beveridge 2008, hlm. 100.
  14. ^ Gill 2010, hlm. 120.
  15. ^ a b Gill 2010, hlm. 121.
  16. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 79.
  17. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 80.
  18. ^ a b Gill 2010, hlm. 126.
  19. ^ a b Gill 2010, hlm. 148.
  20. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 86.
  21. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 85.
  22. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 96.
  23. ^ Gill 2010, hlm. 127.
  24. ^ a b c Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 74.
  25. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 106.
  26. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 107.
  27. ^ Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 68.
  28. ^ a b Hutchings & de Kerbrech 2011, hlm. 70.
  29. ^ Gill 2010, hlm. 165.
  30. ^ Gill 2010, hlm. 162.

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=RMS_Titanic&oldid=830646"