Tina Toon
| Tina Toon | |
|---|---|
Tina Toon |
|
| Latar mburi | |
| Lair | 20 Agustus 1993 (umur 19) |
| Jinis Musik | Pop |
| Perdamelan | Penyanyi, artis |
| Taun aktif | 1999 - sekarang |
| Parusahan rekaman | Nagaswara |
Agustina Hermanto luwih dikenal kanthi jeneng Tina Toon (lair ing Jakarta, 20 Agustus 1993; umur 19 taun) yaiku salah sijiné penyanyi lan aktris cilik Indonésia. [1] Tina Toon dikenal kanthi goyang ngebor kang mirip kaya goyang ngebor Inul Daratista. [1]Tina Toon dikenal lumantar laguné kang judhulé Bolo-Bolo. [1] Saliyané iku, Tina Toon uga dikenal amarga gerakan guluné kang bisa muter. [1]
Karir [sunting]
Tina dadi anak pambarep saka sedulur kang cacahe loro. [1] Tina Toon iku anak saka pasangan Megawati lan Aan Hermanto. [1] Nalika cilik, Tina kerep lara. [1] Kamangka nalika iku wong tuwane manggon ing Pamanukan, Subang kang wektu iku angel nemokaké dokter spesialis. [1]Mulane Tina dititipaké ing simbahé kang manggon ing Kelapa Gading supaya gampang tamba ing dokter spesialis. [1]
Bakat kang dinduweni Tina nurun saka ibune kang biyen tau nggabung ing salah sawijine kelompok musik ing Cirebon. [1] Simbahe Tina kang jenenge Ana Setiawati kerep ngajak Tina melu lomba nyanyi. [1] Nalika umure patang taun, Tina entuk juwara loro ing lomba nyanyi kang dianakake ing Mal Kelapa Gading. [1]Nalika iku Tina nyanyi lagi karangan A.T. Mahmud kang judhulé "Pelangi-Pelangi". [1]
Nalika taun 1998, paklike Tina ngajak rekaman. [1] Ananging amarga ana kerusuhan taun 1998, rekaman iku ora ditutugaké. [1]Banjur Ana nglebokaké Tina ing sanggar Papa T. Bob. [1] Sawisé lulus tes vokal, Papa T. Bob nggawékaké lagu lan nggawa Tina ing dapur rekaman. Papa T. Bob uga kang menehi jeneng Tina Toon. [1] Album kang sepisanan judhulé Bolo-bolo (1999). [1] Ing album iki lagu kang dadi andalan yaiku lagu kang judhulé padha karo albumé yaiku Bolo-Bolo.[1] Lagu iki dadi lagu kang hit ing pasaran. [1]Album kang prodhuksiné enték 200 yuta iku bisa kadol nganti 300.000 keping. [1]Sawisé kasil ing album kang sepisanan, Tina banjur nggawé album kang kaping loro yaiku Siram (2000), Goyang Tina Toon (2001), lan Arti Bolo-bolo (2003).[1]
Taun 2004, Tina njajal akting ing layar lebar. [2]Tina dadi bintang film komedi kang judhule Tina Toon & Lenong Bocah.[2] Film garapan Aditya Gumay iki nyritakaké ngenani bocah wadon kang mlarat lan pungkasané dadi sugih amarga nyanyi.[2] Saliyané Tina Toon, film iki uga diramékaké artis misuwur kayata Ingrid Widjanarko, Ria Irawan, Vicky Burky, Alicia Johar, lan Piyu Padi.[2] Sadurungé, tina uga tau main teater musikal dhuwéké Rachel Maryam lan Dian Sastrowardoyo kang judhulé Bawang Merah dan Bawang Putih. [3]Ing pagelaran iki Tina Toon meranaké dadi iwak louhan ajaib kang lincah megal-megolaké buntuté.[3]
Chatetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v (id)[(id) Profil ing KapanLagi.com(dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
- ^ a b c d (id)'TINA TOON & LENONG BOCAH' Diharapkan Mampu Tarik Minat Penonton Anak(dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
- ^ a b (id)Tina Toon Main Film 'TINA TOON dan LENONG BOCAH', (dipunundhuh tanggal 10 Juli 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.