Timbuktu
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 1170 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Timbuktu* | |
|---|---|
| Situs Warisan Donya UNESCO | |
|
|
|
| Negara | Mali |
| Tipe | Budaya |
| Kriteria | ii, iv, v |
| Referensi | 119 |
| Wilayah† | Afrika |
| Sajarah prasasti | |
| Prasasti resmi | 1988 (Sèsi 12th) |
| Mbebayani | 2012 |
| * Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya. † Miturut klasifikasi resmi UNESCO. |
|
Timbuktu ( Koyra Chiini : Tumbutu, Basa Prancis : Tombouctou ) menika satunggaling kutha ingkang wonten ing Mali, Afrika Kulon. Kutha menika dalem saking Universitas Sankore lan madrasah sanèspun. Kejawi menika kutha menika dados pusating panyebaran agami Islam wonten ing Afrika nalika abad kaping 15 lan abad kaping 16. Masjid utaminipun Djingareyber, Sankore, lan Sidi Yahya. Monumen kasebut samenika ing sangandhaping ancaman saking desertifikasi [1]. Papan géografisipun ndadosaken papan pepanggihaken kanggé populasi Afrika ing sekitaripun lan suku Berber ingkang nomaden ugi tiyang Arab saking ler.
Kutha menika dipun-nggeni déning suku Songhay, Tuareg, Fulani, lan Moor. Kutha menika asring dipunandharaken bilih caket kaliyan Kali Niger, ananging kasunyatanipun mapan 15 km lor kali menika. Kutha Timbuktu ugi wonten ing dhaérah persimpangan perdagangan Trans-Sahara, saking kulon mangetan, dumugi lor mangidul. Kejawi menika ing kutha kasebut dados papan kanggé nyaluraken uyah utawi sarem saking Taoudenni [2]. Timbuktu utawi Tomboctou ingkang ateges sugih menika kala rumiyin kawéntar kanthi julukan mutiara padang pasir. Ing mriku Sultan Mansa Musa, raja saking kerajaan Mali sesarengan kaliyan 8 èwu tentara lan 60 pangendara ingkang nitih 15 èwu unta ngaso sadèrèngipun kondur dhateng pusat kutha [2].
Asal mula [sunting]
Timbuktu menika jumeneng déning suku Tuareg nalika wiwitan abad kaping 10. Miturut etimologi populer, tin menika ateges papan, déné buktu menika nama saking wanita sepuh Mali ingkang lurus manahipun lan naté manggon wonten ing dhaérah kasebut.
Satunggaling suku Tuareg ingkang manggihaken dhaérah ingkang dipunwastani Timbuktu lajeng nggabung dhateng Kerajaan Mali ing pungkasan abad kaping 13. Sultan Mansa Musa mbangung menara kanggé Masjid Terbesar Jingerebir ( Jami' al Kabir ) lan papan kanggé ngaso raja, Madugu ingkang samenika boten katingal tilasipun.
Kutha ingkang gadhah gabungan antawisipun budaya Arab lan budaya Afrika menika kagungan gerbang ingkang sinerat mawi ayat Al Quran. Masjid-masjid ugi nyebar ing mriku, suku-suku ingkang wonten ing mriku ugi gesang kanthi bagya ing ikatan akidah Islam. Kejawi menika Timbuktu wonten ing abad kaping 16 kawéntar mendominasi perdagangan ing Afrika.
Cathetan suku [sunting]
- ^ Timbuktu — World Heritage (Unesco.org)
- ^ a b [1], (id) Sejarah Kompasiana (dipun-akses tanggal 04 Januari 2013).