Tika Panggabean

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Tika Panggabean

Tika Panggabean
Lair Kartika Rachel Setia Redjeki Panggabean
3 Oktober 1970 (umur 41)
Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonésia
Jeneng liya Tika Project Pop
Pagawéyan aktris, présènter
Taun aktif 1994 - saiki
Agama Kristen

Kartika Rachel Setia Redjeki Panggabean utawa kang luwih ditepungi kanthi jeneng Tika Panggabean (lair ing Jakarta, 3 Oktober 1970; umur 41 taun).[1] Tika Panggabean iku salah sijiné anggota grup musik komèdi Project Pop. [2] Tika ngugemi agama Kristen.[2] Tika Panggabean iku lulusan saka FISIP, Univèrsitas Parahyangan.[2]

Saliyané nyanyi, Tika Panggabean uga tau mandhu adicara "Kuis Sunsilk Si Doel".[2] Acara iku disiyaraké ing salah sijiné stasiun tivi swasta yaiku RCTI nalika taun 1998.[2] Saliyané ing donyaning musik, Tika Panggabean uga njajal kariré ing donyaning akting.[2] Tika Panggabean wis dadi bintang ing sinétron kang judhulé The Lajang, OB. Ing sérial Office Boy, Tika Panggabean akting dadi tokoh Mpok Odah yaiku kepala bagéyan umum kang kerep meres anak buahé.[2] Aktingé Tika ing sinétron iki ndadèkaké sinétron iki éntuk rating kang dhuwur.[2] Saliyané iku, Tika Panggabean uga tau dadi présènter ing adicara tivi kayata Surprise-Surprise ing Trans TV.[2] Tika Panggabean uga tau dadi juri tamu Indonesian Idol.[2] Nalika iku, Tika Panggabean nggantèkaké Titi DJ lan Jamie Aditiya.[2]

Bareng karo Project Pop, Tika wis nggawé album kang judhulé Project Pop I, Lumpia VS Bakpia, Project Pop II lan Tu Wa Ga Pat.[2]

Nganti saiki Tika Panggabean isih aktif dadi komèdian lan présènter.[2]

[sunting] Cathetan sikil

  1. (id)movietei.com(diundhuh tanggal 9 September 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m (id)selebriti.kapanlagi.com(diundhuh tanggal 9 September 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tika_Panggabean&oldid=663666"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès