Tetanduran runjung
| Tetanduran runjung (Pinophyta) | |
|---|---|
| Tumbuhan Araucaria heterophylla (Araucariaceae) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| Subkrajan: | Gymnospermae |
| divisio: | Pinophyta |
| kelas: | Pinopsida |
| Ordo & Suku | |
|
.
|
|
Tetumbuhan runjung utawa Pinophyta, utawa luwih dikenal kanthi jeneng konifèr (Coniferae), minangka saklompok tetanduran wiji kabukak (Gymnospermae) kanthi ciri sing paling jelas yaiku nduawèni runjung ("cone") minangka sing gawa wiji. Klompok iki biyèn jroning klasifikasi ana ing takson "kelas" nanging saiki dadi divisio dhéwé sawisé diweruhi yèn pamisahan Gymnospermae lan Angiospermae sacara kladistik yaiku polifiletik.
Kurang luwih ana 550 spesies anggota divisio iki, arupa grumbul, perdhu utawa wit. Akèh-akèhé anggota klompok iki nduwèni tajuk awangun krucut lan ndarbèni godhong sing dawa (lanset) utawa awangun dom (saéngga dikenal uga minangka tetanduran agodhong dom). Wangun godhong kaya kuwi dianggep minangka adaptasi marang habitat mèh kabèh anggotané sing akèh urip ing wilayah sing hawané adhem, kaya ing saubengé kutub (circumpolar) utawa ing pagunungan.
Galeri gambar [sunting]
-
Pinus jantan.jpg
Strobili (runjung) pembawa serbuk sari (sel kelamin jantan)
-
Runjung 1 betina.jpg
Runjung betina tahap sangat muda
-
Runjung 2 betina.jpg
Runjung betina muda siap membesar
-
Runjung sangat muda dan remaja pada satu tangkai.jpg
Dua tahap perkembangan runjung betina
-
Runjung betina hampir masak.jpg
Runjung betina yang hampir masak.
-
Runjung tusam gunung.jpg
Runjung Pinus mugo yang telah masak.