Terapi autis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
terapi lumba - lumba

Terapi Autis miturut penelitian médis utawa saka kawruh tradisional, kadapuk ana enem yaiku.[1]

  1. Terapi Akupuntur.[1] Metode kanthi tusuk jarum iki kanthi pangajab bisa menehi stimulasi sistem saraf sing ana ing otak manungsa nganti bisa kerja maneh.[1]
  2. Terapi Musik. [1] Lantaran terapi musik iki kanthi pangajab bisa menehi getaran gelombang sing bisa menehi dampak tumrap membrane otak. Kanthi ora langsung, iku bakal melu mbenahi kahanan fisiologi.[1]
  3. Terapi Balur. (4) Akeh kang percaya menawa autis iku disebabke dening zat merkuri ing njero badan manungsa. [1] Kanthi terapi balur iki duweni ancas ngurangi kadar merkuri saka njero badan panyandang autis. [1] Carane, nganggo cuka aren dicampur bawang banjur dilulurke ing badane. Ancase yaiku menehi detoksifikasi gas merkuri. [1]
  4. Terapi Perilaku. [1] Duweni ancas supaya bocah bisa nggatekake lan srawung bareng liyane. [1] Carane yaiku kanthi ngajak bocah autis kasebut nglakoni saperangan ayahan kayata jupuk barang sing ana ing sakupenge.[1]
  5. Terapi anggota Kulawarga. [1] Wong tua kudu tansah damping lan menehi kawigaten tumrap bocah kang nandang autis, saengga ana tali emosional sing kuat. [1] Terapi iki minangka terapi panyangga kang wajib dilakoni bebarengan karo terapi liyane.[1]
  6. Terapi Lumba – Lumba. [1] Wis kabukti yen gelombang sonar lumba – lumba bisa nyelaraske kerja saraf motorik lan sensorik panyandang autis. [1] Swara lumba – lumba uga bisa ningkatake neurotransmitter.[1]

Ananging saka enem terapi mau, terapi lumba – lumba kabukti luwih efektif lan luwih cepet ketimbang terapi liyane.[1]

Papan Terapi Lumba - Lumba[sunting | sunting sumber]

Terapi Autis kanthi stimulus lumba–lumba wis wiwit rong taun kepungkur dadi fasilitas andalan kanggo para wisatawan segara Cahaya Sendang Sikucing kang dumunung kira – kira 22km saka kutha Kendhal.[2] Klinik Dholphin Uga ana ing Balai Samudra Taman Impian Jaya Ancol Jakarta Utara kang dipandegani dening Ibu Endang Sumaryati, saka Kopartemen Sarjana Fisioterapi 99.[3] Lumba – lumba pancen kewan kang asring menehi panglipur kanggo keluarga, ora mung bisa atraksi ananging uga bisa menehi efek stimulus lan terapi. [2] Lantaran gelombang ultrasonic saka kewan lumba – lumba iki, banjur digunakake kanggo menehi terapi luwih – luwih tumrap bocah kang ngalami autis.[2] Ing pulau Bidadari ana Lumba – lumba wadon kang aran Yossi (18 taun ) lan Mia ( 9 taun ) minangka lumba – lumba sing asring menehi terapi tumrap bocah – bocah sing nandang autis lan rehabilitasi degenerative (pascastroke).[4] Nalika srawung bareng lumba – lumba ning njero banyu, lumba – lumba bisa ngirimke daya akustik nganti tekan 1 kilowatt sing bisa nembus tembok sing kandele 30cm. [4] Saengga ora kaget yen gelombang sonar kasebut bisa nembus jaringan syaraf manungsa sing mung dilapisi tengkorak lan kulit.[4]

Kenapa Kudu Lumba - Lumba?[sunting | sunting sumber]

Miturut Dr. Erwin Kusuma SpKJ, saka klinik Prorevital Jakarta ngandharake yen terapi lumba – lumba iki wis ora dadi kawruh anyar tumrap Negara Amerika Serikat. [3] Wiwit taun 1978, metode iki wis dingrembakakake dening Dr. David Nathanson, Ph.D, Psikolog sing wis mumpuni babagan lumba – lumba sawetara 30 taun. [3] Dr. Ken Marten, ilmuwan di Earthtrust, Hawaii, Amerika Serikat, ngandharake yen lumba-lumba bisa renang kanthi banter, luwih saka 40 km per jam. [3] Kewan iki bisa ngirimke rentetan sinyal ultrasonik kanggo ndeteksi barang sing ana ing sakupenge. [3] Lumba-lumba uga duwe otak kang luwih gedhe saka simpanse utawa kethek, saengga dheweke kagolong kewan kang cerdas.[3] Dr. Nathanson ngamati lan neliti nalika manungsa lan lumba – lumba srawung. [3] Psikolog sing uga bukak terapi ing Ocean World, Fort Lauderdale, Florida, Amerika Serikat iku purwakane menstimulasi panca indra bocah sing ngalami down syndrome kanthi ngajak renang bareng lumba – lumba.[3] Kasil saka ayahan mau, anak bisa nampa stimulasi lan menehi respon.[3] Saya suwe, lumba – lumba ora mung dienggo tumrap bocah down syndrome utawa autis wae, ananging uga bisa kanggo wong tuwa kang ngalami gangguan mental lan sensor saraf indra.[3] Lumba – lumba bisa didadekake piranti amarga bisa srawung klawan manungsa.[3] Kasil penelitian Vilchis Quiros saka medical Director Aragon Aqurium, Mexico City, meksiko, nalika srawung klawan lumba – lumba hormone endorphin ing badan manungsa bisa nambah. [3] Perkara iki ndadekake keseimbangan antarane otak kiwa lan otak tengen. [3] Gelombang ultrasonic kasil stimulasi suara – suara utawa sonar saka lumba – lumba bisa ditampa sampurna dening manungsa.[3] Marketing Wesut Seguni Indonesia (WSI) Ferry Panjaitan nalika press tour Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Jawa Tengah, uga ngandarake yen lumba – lumba duweni gelombang sonar saraf sing bisa nglantarake gelombang alfa lan menehi stimulus kanggo terapi panyandang autisme, stroke, penyakit saraf motorik lan terapi ibu hamil. [2] Kanthi kaluwihane kasebut, lumba-lumba iki bisa mendeteksi bagian sing lara kanthi naluriah lewat monconge. [2] Aktivitas sensori anak bakal dirangsang nalika renang ing jero kolam bareng lumba – lumba. [2] Banjur bocah mau bakal dikenalke kanthi renang bareng, ngoceki awake lumba – lumba lan menehi mangan kewan laut kasebut. [2] Public Relations Dhyta Rindy Astuti mratelakake, polah anak bakal rubah nalika wis melu terapi sasuwene kaping enem.[5] Dheweke uga mratelakake yen pulihe bocah kang nandang autis mau, sakliyane kudu rutin melu terapi uga mbutuhake dukungan saka wong tuwa kang tansah damping nalika bocah mau diterapi.[5]

Carane Terapi Lumba - lumba[sunting | sunting sumber]

Sejatine bocah kang nandang autis iku bisa diobati. [6] Nalika pengetan dina Peduli Autis Sedunia ing Jakarta Dr. Melly Budiman SpKJ saka Yayasan Autisma Indonesia ngandharake yen autis isih duweni praduga bisa dipulihke, dinuga Autis iku ora mung amarga factor genetic ananging uga factor lingkungan.[6] Kanggo terapi lumba – lumba iki, miturut Dr. Endang Sumaryati, ana program 10 dina. [3] Yaiku nalika bocah wis dimangerteni kasile rekan medic, bocah mau diwajibke teka sepuluh dina kanthi runtut.[3] Dina sepisan nganti katelu diisi kanggo ngenalke lumba – lumba marang bocah. [3] Bocah durung diwenehi ijin kanggo nyemplung kolam renang.[3] Bocah mung bisa ngelus – elus lumba – lumba saka pinggir kolam.[3] Nalika ngancik dina kapapat nganti tekan sepuluh dina, bocah diajak renang bareng salah sijining lumba – lumba. Sawise sepuluh dina, banjur dievaluasi kasile terapi. [3] Saka evaluasi mau, bisa dimangerteni rencana terapi sabanjure tumrap bocah lan uga jenis utawa interaksi lanjutan. [3]


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r gelombangotak.com (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  2. ^ a b c d e f g suaramerdeka.com/stimulus anak autis (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u kompas.com/lumba - lumba sembuhkan autis (diunduh tanggal 25 maret 2011)
  4. ^ a b c health.detik.com/terapi autis dengan lumba - lumba (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  5. ^ a b suaramerdeka.com/beritacetak (diunduh tanggal 26 maret 2011)
  6. ^ a b nasional.kompas.com/Autisme.Bisa.Disembuhkan (diunduh tanggal 6 April 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Terapi_autis&oldid=829768"