Teoréma Pungkasan Fermat
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
(Dipindhah saka Teorema Pungkasan Fermat)
Teorema Pungkasan Fermat iku salah siji téoréma paling misuwur ing jagad matematika lan dicetusaké déning Pierre de Fermat ing abad kaping-17. Téoréma iki uniné:
- kanggo n > 2, ora ana angka wutuh (basa Indonesia: bilangan bulat) dudu nol x, y, lan z sing nyocogi ing pepadhan (basa Indonesia:memenuhi persamaan) xn + yn = zn
Fermat ngeklim wis nemokaké bukti saka teori kasebut, mung waé ora bisa nulisaké amarga pinggiran kaca bukuné ora amot manèh. Ananging, sajroning 357 taun sabanjuré, para matematikawan donya ora bisa mbuktèkaké, lan téoréma iki dadi salah siji teka-teki paling gedhé ing jagad matematika. Pungkasané, ing taun 1994, matematikawan Inggris-Amérika Andrew Wiles kasil mbuktèkaké teori iki.
| Artikel perkawis matematika punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |