Tempel 1
Tempel 1 (jeneng resmi: 9P/Tempel 1) iku sawijining komèt périodik sing ditemokaké ing tanggal 3 April 1867 déning Ernst Wilhelm Leberecht Tempel, sawijining ahli astronomi ing Marseille.
Nalika ditemokaké, Tempel 1 nggayuh periphelion saben 5,68 taun. Komèt iki banjur diamati ing taun 1873 lan 1879. Senadyan mangkono, orbit Tempel 1 kadhangkala cukup cedhak karo Jupiter saéngga orbité owah lan mangsa pengorbitan uga mèlu owah. Prastawa iki kedadéyan taun 1881, ndawakaké mangsa pangorbitan nganti 6,5 taun. Periphelion é uga owah, ningkat nganti 50 yuta kilomèter, lan ngakibataké dadi katon kurang cetha saka Bumi. Akibaté, ahli-ahli astronomi kèlangan énggok lan ngira yèn wis ajur. Tempel 1 ditemokaké manèh taun 1960-an sawisé ahli astronomi Amérika Brian G. Marsden ngayahi pétungan akurat marang orbit komèt kasebut kanthi mèlu ngitung akibat saka gangguan Jupiter. Mangsa pangorbitané saiki 5,5 taun.
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (en) Space.com - Deep Impact
- (en) NASA - Deep Impact