Telomer
Telomer (telomere) iku bagéyan paling ujung saka DNA linear. Senadyan klebu jroning ler DNA, telomer dudu ora ngode protein apa waé, saéngga dudu arupa gen. Telomer duwé peran wigati sajroné njaga kastabilan genom saben sel. Kanthi anané telomer, panggandhaan DNA sing dumadi sadurungé panyigaran sel bisa dilakokaké sacara tuntas.
Bab lan Paragraf |
Struktur lan fungsi telomer [sunting]
Struktur telomer [sunting]
Telomer kasusun saka urutan basa-basa nukleotida kanthi motif tinentu sing ambal kaping atusan nganti éwonan. Ing manungsa, motif telomer sing ambal yaiku TTAGGG. Saliyané nukleotida sing nyusun ler DNA telomer, ana uga manéka protein sing bebarengan nglakokaké fungsi telomer. Kanggo njaga telomer, diperlokaké enzim khusus sing disebut telomerase.
Fungsi telomer [sunting]
Sadurungé sigar dhiri, sel bakal nglakoni sapérangan fase. Salah sijiné yaiku fase S (fase sintesis) sing mungelaké panggandhaan kabeh ler DNA sing nyusun genom. Panggandhaan DNA umumé dilakokaké déning enzim DNA-polimerase. Senadyan mangkono, sintesis DNA sing dianut déning DNA polimerase ora mungelaké panggandhaan ing bagéyan ujung DNA linar. Kanthi anané struktur telomer sing khas lan enzim telomerase panggandhaan ler DNA bisa dilakokaké sakabèhé.
Pranala njaba [sunting]
- (en) Telomerase.org