Tayammum
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Prakata[sunting]
Tayammum yaiku sesuci kanthi lemah kang suci amarga ora iso wudhu nganggo banyu utawa ana alangan sing njalari ora intuk keno banyu.
Tatacarané Tayammum[sunting]
- Niat jroning ati, Sapa waé sing arep tayammum kudu niat ndhisik ana ing atiné, adhedhasar hadits "Saktemené kabèh ngamal iku gumantung marang niaté, lan kabèh wong bakal nampa walesan miturut apa kang diniataké" (HR Bukhari lan Muslim)
- Maca Bismillah, Adhedhasar hadits kang diriwayataké Abu Hurairah "Ora shalat (ora sah shalaté) kanggo wong kang ora wudhu, lan ora ana wudhu (ora sah wudhuné) kanggo wong kang ora nyebut asmané Allah" (HR Abu Dawud, Ibnu Majah, Ahmad lan dihasanaké déning Al-Albani). Hadits mau magepokan karo masalah wudhu nanging dienggo dalil kanggo masalah tayammum amarga tayammum kuwi gantiné wudhu lan apa kang mbatalké wudhu uga mbataleké tayammum.
- Nepukaké tangan loro ning lemah kang suci banjur diusapaké maring tangan lan rai, Banjur ngusap tlapak kanthi gentènan saka pucuk driji tekan kemiri tangan. Dalilé hadits riwayaté Ammar "Rasullullah tau ngutus aku. Nalika kuwi aku banjur junub lan aku ora olèh banyu. Banjur aku guling-guling ana ing lemah kaya guling-gulingé kéwan. Aku banjur nyritakaké kedadèan mau marang Rasulullah, panjenengané ngendika "cukup kanggo kowé mengkené", banjur panjenengané nepukaké tangan ning lemah sepisan banjur disebul. Bar kuwi diusapaké rai lan tlapak tangan loro-loroné" (HR Bukhari lan Muslim)
Pranala nJaba[sunting]
- (id) Tayammum Nabi
- (id) Bersuci dengan debu