Tata Young

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Tata Young
Tata Young
Lair 14 Desember 1980 (umur 31)
Bangkok, Thailand


Tata Young (lair ing Thailand, 14 Desember 1980; umur 31 taun jeneng lairé Amita Marie Young (Thai: อมิตา มารี ยัง)) dheweké kuwi penyanyi lan penari wanita saka Thailand, Bapaké saka Amerika Serikat, Tim Young lan ibuné kuwi saka Thailand. [1] dheweké miwiti kariré nalika umur 11 taun, kondhang amarga tetembangan kang irah-irahan One Night Only dheweké menangaké kontes Thailand Junior Singing Contest.[1]

Debut albumé kang kaping pisan dirilis ning taun 1995, AMITA TATA YOUNG, lan basané Thailand.[1] Namung limang wsasi albumé mau bisa kaedol nganti seyuta kopi.[1] Kasuksesané iki dimeluni karo panghargan kang diraihé, yakuwi panghargan Favorite Singer, Best Album lan Best Music Video ning Vote Awards 1995.[1]

Rong taun sakwisé ngerilis album kang kaping pisan, taun 1997, Tata ngerilis albumé kang kaping loro, AMAZING TATA.[1] Ning taun iki dheweké olih panghargan Golden Pikkanes God Award. [1] Sukses ning donya nyanyi, Tata mulai nyoba donya akting.[1] Debuté ning layar lebar Thailand, ning film THE RED BIKE STORY (1997) lan diterusaké karo film O-NEGATIVE lan PLAI TEIN. [1]

Albumé kang kaping teluné dirilis ning taun 2001, TATA YOUNG. [1] Single A-bo-da-be, Tua Saeb, Wan Jai lan Keb Chan Wai Yuen Khang Thoe Tham Mai kang ana ning album iki langsung dadi top hits ning radio. [1] Rong taun sakwisé kuwi, Tata ngerilis albumé kang kaping papat, REAL TT (2003). [1] Ning album kasebut dheweké njagokaké single Yak Keb Thoe Wai Thang Song Khon lan Super Fan, Tata mulai wani dadi co-producer. [1]

Sukses ning Thailand, Tata mulai nyoba kanggo go international. [1] Debut internasional dirilis ning taun 2004, I BELIEVE. [1] Hit single ning album iki, yakuwi Sexy, Naughhty, Bitchy, bisa ngejuarai tangga lagu ning negara-negara Asia, Hong Kong, Jepang, lan Indonésia. [1] Single sakwisé kuwi uga dadi top request, I Believe lan Cinderella.[1]

Esih ning taun 2004, Tata olih kasempatan kanggo ngisi soundtrack ning film Bollywood, DHOOM. [1] Single kang dijuduli Dhoom Dhoom,langsung kondhang ning Billboards.[1]

Taun 2005, Tata ngerilis album kang dijuduli DANGEROUS TATA. [1] Ning taun 2006, dheweké ngerilis album kompilasi BEST OF TATA YOUNG.[1]

Agustus 2006, Tata ngerilis album internasional kang kaping loroné, TEMPERATURE RISING. [1] Single kang diandelaké ning album iki, El Nin-Yo uga sukses. [1]

Album Thailand kaping enemmé, ONE LOVE dirilis ning taun 2008, karo single andalané One Love. [1] Ora suwe, album READY FOR LOVE, kang dadi album international kaping teluné, dirilis ning tanggal 25 Agustus 2009. [1] Single jagoan kang ana ning album iki yakuwi, Ready For Love, My Bloody Valentine lan Mission Is You. [1]

Ning taun 2009, Tata nggelar konser ning Hotel Mulia Senayan, Jakarta Selatan.[1] Taun 2011, Tata Young diundhang kanggo ngramekaké ajang Miss Teen Indonésia 2011 bebarengan karo Enrique Iglesias lan Boyfriend saka Korea.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa (id)[Biografi Tata Young dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
  2. (id)berita Tata Young diununduh tanggal 14 Agustus 2011
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa (id)[Biografi Tata Young dipununduh tanggal 14 Agustus 2011
  2. (id)berita Tata Young diununduh tanggal 14 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tata_Young&oldid=666557"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès